Selasa, 23 Januari 2018

KPJ - 152. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA

152. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA

Rama kawula kang wonten swarga,
ingkang asma kasucéna,
Kraton Paduka rawuh, karsa Paduka
klampah ing bumi kadya anéng swarga

Ing dinten sapunika sinunga ceka rejeki
kula kapunten-na, kadya kula ugi
ngapunteni tyang kalepatan;
samun nandukken kula dhateng panggodha,

kalepasna kula saking piawon,
jer Gusti kang kagungan kraton lan wisésa
sarta kamulyannya ngantos slami-laminya
Amin, amin.

KPJ - 151. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA

151. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA

Rama kawula kang wonten swarga,
ingkang asma kasucékna,
kraton Paduka rawuha
mugi karsa Paduka klampah
ing bumi kados wonten ing swarga

Rama, Rama kawula kang wonten swarga,
kula sinunga rejeki ing dinten punika
Rama mugi angapunten dosa kawula,
kados kawula ugi ngapunten tyang
kang leat dhateng kawula.

Rama kawula kang wonten swarga,
uwal-a kawula king panggodha
katebiha-ken kawula saking piawon
Amin, Amin, Amin!



KPJ - 150. JURUWILUJENG APARING TULADHA

150. JURUWILUJENG APARING TULADHA

Imam: Juruwilujeng aparing tuladha,
miwah krana piwulangna,
pramila kawula sami ndedonga

Sedaya: rama kawula kang anéng swarga,
asma Paduka kasucékna, kraton Paduka rawuha
karsa Paduka kelamahan ing bumi, kados wonten ing swarga

Kula sinunga rejeki ing dinten puniki
lan kapuntena leawt kawula,
miwah sampun ngantos kawula
ketaman ing panggodha, nanging
kauwalna kawula saking piawon

KPJ - 148. DHUH RAMA KULA ING SWARGA

148. DHUH RAMA KULA ING SWARGA

(1) Dhuh Rama kula ing swarga,
asma Paduka sinucékna;
kraton Paduka rawuha
wradin ing sajagad sadaya
Karsa Paduka kalampahana,
néng bumi kadya néng swarga

Kula mugi pinaringana
rejeki kula sadintenya
Paduka mugi angaksama
sagunging klepatan kula

(2) Kados déne kula ngapunten
tyang kang klepatan dhateng kula
Punapa malih sampun ngantos
kula dhawah kénging panggodha;
kula Paduka uwalaken
saking wewatakan dursila,

awit Paduka kang kagungan
karaton kaliyan wisésa
wah malih kamulyan kang langgeng
ing salamanipun. Amin

KPJ - 147. YÉSUS ROTI PANGURIPAN

147. YÉSUS ROTI PANGURIPAN

(1) Yésus roti panguripan, tumurun sakin swarga
paring tuwuk kasantosan mring sagung tyang pracaya

(2) Yésus tuking toya gesang, nyegerken nyawa lungkrah
cinawisken saliring tiyang ngorong nyadhong berkah

(3) Yésus dados margi utami sowan mring Rama
tumrap tiyang kang nglangkungi tutug, gesangnya mulya

(4) Yésus Pangén kang utami ngurbanken sariranya
Kita ménda tan bilai, kalis saking antaka

(5) Yésus pangayoman setya, langgeng ing salaminya
Nadyan jagad kongsi sirna, panggah ing pangreksanya

KPJ - 146. YÈN SIRA SANGSARA

146. YÈN SIRA SANGSARA

(1) Yèn sira sangsar sarta sedhih
manteba pracaya, Allah tan tebih
Aja wedi, Gustimu nganthi
Rèhing kadursilan mesthi kasoran
Pepeteng dosa ilang sirna
munggung karaharjan, linubèran

(2) Yèn nyanggi momotan wah panandhang,
sira aja semplah alit ing manah
Iblis julig memilut driya,
milih margi ènthèng nging dugèng nraka
Pasrah mring Allah nyuwun kiyat,
sira tamtu rinoban sih-rahmat

KPJ - 145. YÈN PRAHARA URIP ANERJANG

145. YÈN PRAHARA URIP ANERJANG

Yèn praharaning urip anerjang,
lan pancobaané nyerang ngrusuhi
mung sajuga pengarep-arepmu
prasetyané Gusti iku tangguh

Nadyan gunung - gunung padha jugrug
tengger - tengger kabèh padha horeg,
nging kasetyané Gusti ngayomi,
rumeksa; jiwamu tetep teguh

Ngendelna pra-setyaning Gusti
aja nganti uwal rina kalawan wengi
Singkirna wedi lan kuwatir,
Gusti kang ndarbéni uripmu,

Nadyan gunung - gunung dha gumingsir
sarta tengger - tengger padha horeg
nging kasetyané Gusti ngayomi
lan tansah rumeksa rina wengi
lan tansah rumeksa rina wengi

Senin, 22 Januari 2018

KPJ - 144. YÉN NUNGGIL LAN GUSTI

144. YÉN NUNGGIL LAN GUSTI

(1) Yén nunggul lan Gusti, rinten dalu
manah langkung tentrem arahayu

Reff:
Kula angantos Gusti siyang klayan ratri
kanthi pitados Gusti, Gusti mberkahi

(2) Yèn nunggil lan Gusti jro ginodha
kula saged unggul maring dosa

Reff:
Kula angantos Gusti siyang klayan ratri
kanthi pitados Gusti, Gusti mberkahi

(3) Yèn nunggul lan Gusti siyang-ratri
birat najis kula temah suci

Reff:
Kula angantos Gusti siyang klayan ratri
kanthi pitados Gusti, Gusti mberkahi

(4) Yèn nunggil lan Gusti, kasisahan
mamtun, kagentosan kabingahan

Reff:
Kula angantos Gusti siyang klayan ratri
kanthi pitados Gusti, Gusti mberkahi

(5) Yèn nunggil lan Gusti saged ngertos,
kang dados karsanya ing sayektos

Reff:
Kula angantos Gusti siyang klayan ratri
kanthi pitados Gusti, Gusti mberkahi

KPJ - 143. YÈN KULA SUMEREP, O GUSTI

143. YÈN KULA SUMEREP, O GUSTI

(1) Yèn kula sumerep, o Gusti, cinawisan margi,
nadyan sisah kadi pundi, kula marek Gusti

Reff:
Marek Gusti, marek Gusti,
marek Paduka, Gusti
Kula sampun sumerep marek
dhateng Gusti

(2) Margi kula sumerep Gusti sangsara ing salib,
mrih kula kalis antaka, ngurbanken sliranya

Reff:
Marek Gusti, marek Gusti,
marek Paduka, Gusti
Kula sampun sumerep marek
dhateng Gusti

(3) Margi kula sumrep Gusti séda krana kula
mbekta kawula sadata mring kamulyan swarga

Reff:
Marek Gusti, marek Gusti,
marek Paduka, Gusti
Kula sampun sumerep marek
dhateng Gusti

KPJ - 142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA

142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA

(1) Tyang duraka samya nyatroni kawula,
nyatur mengsahi kula
memoyoki, tansah ngarah kula
pejah srana panganiyaya
Dhuh kawula nyuwun pangayoman,
Gusti, tuking kamulyan adi
kang tansah myarsakken saliring pasambat,
pandonganing pra umat

(2) Nging Pangéran Gusti, kula datan wesi
mring tyang drengki wah sréi
Wit tyang kang duraka mesthi dènasorna
déning asta Paduka
Tyang pracaya yekti Paduka bélani
wah rineksa sing pati
Mila kula ayem, gedang tansah tentrem,
krana kabegjan langgeng

KPJ - 141. TIYANG PITADOS

141. TIYANG PITADOS

(1) Tiyang pitados tentrem gesangnya, yén nunggil Sang Pamarta
Panggah seger kadya epang lamun ing witira

Reff:
Tyang kang tansah manut réhing Gusti
amung begja kang pinanggya
Binerkahan siyang lan ratri,
lestantun rineksa

(2) Tiyang pirados kang lestari, lamun nunggil lan Gusti
Kadya epang lan wohira, yén tulus ing witnya

Reff:
Tyang kang tansah manut réhing Gusti
amung begja kang pinanggya
Binerkahan siyang lan ratri,
lestantun rineksa

(3) Tiyang pitados nging tanpa lampah, gesangira mung nglaha
Kadya epang kang kapisah, yèn wohé ana

Reff:
Tyang kang tansah manut réhing Gusti
amung begja kang pinanggya
Binerkahan siyang lan ratri,
lestantun rineksa

KPJ - 140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA

140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA

(1) Sihé Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa;
sing bangsa sanés umatnya ingangkat dados putra,
tinebus Sang Kristus Gusti, gesang énggak sayekti
Nindakna pakarti luhur, yéku tandhaning sokur

(2) Sih-nugrahaning Pangéran, peparing lelahanan
Tan wonten dosa duraka kang datan ingapura
Nging tyang kang wangkot ing ati, pracaya mung ing lathi
pinagas saking sih-rahmat, sangsara ing akérat

(3) Sihing Allah séstu adya, nentremken tyang pracaya
pinurih dadya rowangnya, mbabar kartoning swarga
Awit katresnaning Allah, kraharjan sumrambah
Asmanipun kaluhurna, samangkya lan slaminya

KPJ - 139. SANG YÉHUWAH, YÉKU ALLAH KULA

139. SANG YÉHUWAH, YÉKU ALLAH KULA

(1) Sang Yéhuwah, yéku Allah kula,
kang nyembadani panyuwun kula
Mila dhawuhi-pun, "Lah kumandela,
Ingsun datan négakaké sira!"

(2) Sang Yéhuwah, yéku Allah kula
tan males durakaning manungsa.
Mila dhawuhipun, "Lah umareka,
Ingsun kagungan sih-palimirma!"

(3) Sang Yéhuwah, yéku Allah kula,
karsa nglanting tangan kawula
Séstu Allah dados karosan kula
mila tansah kawula tresnani

KPJ - 138. SANG KRISTUS TAMÉNG SANTOSA

138. SANG KRISTUS TAMÉNG SANTOSA
(1) Sang Kristus taméng santosa,
nguwalken saking rubéda
Néng jroning bebaya pati,
Gusti kang badhe nulungi

Reff:
Sang Kristus tansah ngayomi,
angayomi angayomi,
ampingan kula jroning prahara,
pangungsén ingkang santosa

(2) Sang Kristus Pangén setya
anggiring sagung méndanya
mring parumputan lan toya,
nebihken saking bebaya

Reff:
Sang Kristus tansah ngayomi,
angayomi angayomi,
ampingan kula jroning prahara,
pangungsén ingkang santosa

(3) Kalamun rumpil marginya,
Sang Ktistus mulung astanya
Ketriwal dipun upadi,
pinangguh dipun rimati

Reff:
Sang Kristus tansah ngayomi,
angayomi angayomi,
ampingan kula jroning prahara,
pangungsén ingkang santosa

KPJ - 137. SAKÉHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA

137. SAKÉHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA

(1) Sakéhinb was-sumelangmu pasrahna mring Gusti,
wit saliring mitramu tan bisa mrantasi
Jer sagunging mamungsa nyanggi sumelangé
kang pinasrahan tan ana, tansah kuwur atiné

Reff:
Di ènggal pasrahna ing astané Gusti
sagung kuwatirira, wus mesthi dén-tulungi


(2) Yéhuwah ing pangénmu, pamomong kang sejati,
kang nentremken atimu, setya ing panganthi
Payo, prayoga sowan marek Sang Pamarta,
kanthi gitak bebarengan, tan mangu ing wardaya

Reff:
Di ènggal pasrahna ing astané Gusti
sagung kuwatirira, wus mesthi dén-tulungi

KPJ - 136. RAHAYU WONG WEDI-ASIH

136. RAHAYU WONG WEDI-ASIH

(1) Rahayu wong wedi asih mring Pangéran Yéhuwah,
raméng gawé sepi pamrih, kasengsem sabdéng Allah
Wong bener wah ngabekti slamanya
dén berkahi lan turuné lestari

(2) Omahé eong kang pracaya kanggonan kalubéran;
kautamané slamanya, tansah ulah katresnan;
jroning peteng nglimputi, kang temen dèn padhangi;
wit tinunggil Gusti.

(3) Wong loma sinung kabegjan, slamanya kinasihan
wong jujur tulus ing lampah, tansah rinoban berkah;
piala tan mèdeni, wit pracaya mring Gusti
rineksa ing Hyang Widi

(4) Wong awatak welas-asuh mring kang miskin wah ringkih
kanggonan luhuring budi wah kamulyaning ati
Wing duraka mring mèri, ngrantam kang mbilaèni;
pituwasé pepati

KPJ - 135. RAHAYU WONG KANG MURSID

135. RAHAYU WONG KANG MURSID

(1) Rahayu wong kang mursid lampahnya
nyingkur ngena-ngené
wong duraka lan ora ngambah
dalané wong dosa
ora wor lungguh ing pajagongané,
nanging karem mring sabdening Allah,
rina wengi dén-gilut ing manah

(2) Kaanané wong iku kaya wit
kang tinandur sapinggiring kali,
kang mesthi awoh ing titi-mangsané;
lan godhongé tan naté alum gogrog
Ingambaha reribed ngrépoti,
tansah lestari kang dén lampahi.

(3) Tan mengkono mungguh wong duraka,
nanging lir mrambut kabur ing angin
ora bisa lulus ing pangadilan
lan ing pasamuwané para mursid
Wong mursid rineksa ing Pangéran;
wong ala tumibéng karusakan

Sabtu, 20 Januari 2018

KPJ - 134. PUNDI MARGI INGKANG KWAWI NYINGKIRAKEN

134. PUNDI MARGI INGKANG KWAWI NYINGKIRAKEN

(1) Pundi margi ingkang kwawi nyingkiraken kawula
saking pangréhing antaka damel gesang sangsara?

Reff:
Marginira mung sajuga,
Kristus Gusti Masuci
Wit pracaya mring asmanya,
kula gesang sanyata

(2) Pundi margi ingkang kwawi angluwari kawula
sing pamengkuning dursila damel miris driya?


Reff:
Marginira mung sajuga,
Kristus Gusti Masuci
Wit pracaya mring asmanya,
kula gesang sanyata

(3) Pundi margi ingkang kwawi nguculi manah kula
saking panjireting dosa nguja napsu kula?


Reff:
Marginira mung sajuga,
Kristus Gusti Masuci
Wit pracaya mring asmanya,
kula gesang sanyata

KPJ - 133. PRACAYAA LAN PASRAH

133. PRACAYAA LAN PASRAH 

(1) Pracayaan lan pasarah mring Allah Makwasa,
salir prihatinira tamtu énggak sirna
Ngambah marhining Gusti sira dén-berkahi
tansah antuk kabegjan, datan kawirangan

(2) Lamun sira nggresula, iku tanpa guna
tuwas muwuhi susah, angedohken bungah
Becik niténi berkah peparingé Allah
mrih salir sedyanir tinuntun sembada

(3) Siapa bisa njajagi mring karsaning Gusti?
Sira tan darbé kwasa ngulur umurira,
mung tansah mbudidaya sinartan pandonga
suméndhé mring Pangéran, murih kaleksanan

(4) Lamun nyangga momotan, ingancam bebaya.
ngungsia mring Pangéran, ywa semplah ing driya
sira rineksa Gusti, mrihbdatan bilai
tan sandé linuwaran wah sinung kraharjan

KPJ - 132. PITULUNG KITA KANG ROSA

132. PITULUNG KITA KANG ROSA

(1) Pitulung kita kang rosa samekta
lir mitra kang tuhu setya, samekta
Lamun kesasar néng margi, Gusti nglari lan nimbali
rumiyin mring myang samangkya, tetep samekta
Samekta, samekta, rumiyin myang samangkya, tetep samekta

(2) Tansah mirsa kapesanmu, Gustimu
karsa nanggel kribedanmu, Gustimu
Lamun pasrah ing pangréhnya
kita mireng ing sabdanya
"Lah ta mareka, Ingsun tansah samekta.
Samekta, samekta
Lah ta mareka, Ingsun tansah samekta!"

KPJ - 131. PARA BANGSA SAMYA NGRAMAN

131. PARA BANGSA SAMYA NGRAMAN 

(1) Para bangsa samya ngraman
ngrangsang mring Pangéran
Sagung pakartinya mus-pra
mung nggadhang sangsara

(2) Tyang nglawan mring Kang Makwasa
mung manggih cilaka;
kadhawahan bebendunya
dados lan tumpesnya

(3) Sang Jebadaning Yéhuwah
yéku Putréng Allah;
kaparingan gung pangwasa
mengku samudaya

(4) Tyang ajrih-asih mring Gusti
sumedya ngabekti;
wah nganyom ing sih-rahmatnya
karoban ing begja

KPJ - 130. PADUKA PANGÉN UTAMI

130. PADUKA PANGÉN UTAMI 

(1) Paduka Pangén utami
kang kawula tresnani
Kawula putun samgsara
jer krana Yésus Gusti

Reff:
Kawula kepéngin manggén
wonten ngarsaning Gusti
awit ing ngriku kawula
ingayoman rahmatnya

(2) Tan wonten malih panggénan
sumbeeing kawilujengan
namung salib ing Golgota
wijiling pangapura

Reff:
Kawula kepéngin manggén
wonten ngarsaning Gusti
awit ing ngriku kawula
ingayoman rahmatnya

(3) Lamun manah kula nyawang
salibé sang Pamarta
saéstu karaos padhang
tatag lumampah kula

Reff:
Kawula kepéngin manggén
wonten ngarsaning Gusti
awit ing ngriku kawula
ingayoman rahmatnya

KPJ - 129. NYEBUTA "GUSTI" MRING SANG KRISTUS

129. NYEBUTA "GUSTI" MRING SANG KRISTUS

(1) Nyebuta "Gusti" mring Sang Kristus kanthi ati kang tulus
Nanging yén mung ana ing lambé tan ana panggwéné
kasangsaran temahanira, naraka pandumannya

Reff:
Kang mlebet mring kratoning swarga, namung tyang kang mbabarken tresna
wah nglampahi karsaning Gusti
klayan tulusing ati

(2) Salir tyang kang lampah utami, welasan mring sesami
mbélani tyang ringkih-sangsara, kanthi ngetohken nyawa,
yéku muridé Kristus Gusti, ingkang mursid sejati

Reff:
Kang mlebet mring kratoning swarga, namung tyang kang mbabarken tresna
wah nglampahi karsaning Gusti
klayan tulusing ati

(3) Begja manggih kautaman, ing donya aah delahan
Pracaya mring Gusti Pamarta, tansah nyadhong ing sihnya
dalahbtyang kang nyatroni pisan, winales kasaénan

Reff:
Kang mlebet mring kratoning swarga, namung tyang kang mbabarken tresna
wah nglampahi karsaning Gusti
klayan tulusing ati

KPJ - 128. NITÉNANA SIHÉ GUSTI

128. NITÉNANA SIHÉ GUSTI

(1) Niténana sih-é Gusti kang mbanyu mili
Ywa manut bujuking Iblis, wohé mung pati

Reff:
Dipanggah kanthi sumarah
kang trusing manah
kasorna panggodha
srana tegen ndedonga

(2) Nadyan dén iming-imingi bandha sadonya
milaur setya mring Gusti, sinungan swarga

Reff:
Dipanggah kanthi sumarah
kang trusing manah
kasorna panggodha
srana tegen ndedonga

(3) Iblis nahwéni kamulyan pinunjul adi,
nging maningsa panggah dados Putraning Gusti

Reff:
Dipanggah kanthi sumarah
kang trusing manah
kasorna panggodha
srana tegen ndedonga

(4) Iblis nggéndéng milar Allah, nging tanpa guna
wit wus mantep ing pracaya, gesang raharja

Reff:
Dipanggah kanthi sumarah
kang trusing manah
kasorna panggodha
srana tegen ndedonga

KPJ - 127. NGGÉN KAWULA MAKARYA

127. NGGÉN KAWULA MAKARYA

(1) Nggén kawula makarya,
inggih kasar alusa
mung Paduka, Gusti
kang mugi amaringi
pitedah wah panganthi
mrih kang pinanggih prayogi

(2) Kawula tan ngelenggana
tansah mung damel cuwa
séstu tanpa gina
Lamun tan binerkahan
déning Allah Pangéran
lah wekasanipun nglaha

(3) Gusti Kang Maadil
mugi Paduka nunggil
ing kula slaminya;
mrih ing salir pakaryan
tumindak, kalakuwan

KPJ - 126. NADYAN KULA NANDHANG SANGSARA

126. NADYAN KULA NANDHANG SANGSARA

(1) Nadyam kula nandhang sangsara
Gusti maringi kekiyatan
Sanadyan katempuh prahara
kula wus tamtu saged tahan

Reff:
Salib kula datan nglangkungi
panandhang pisakiting Gusti
Yéku pra-tandha-nira
Gusti pananggel kula
langgeng ing salaminya

(2) Salir erining gesang kula
tan timbang makuthaning Gusti
Kasangsaran miwah panyiya
datan mantra badhé nyaméni

Reff:
Salib kula datan nglangkungi
panandhang pisakiting Gusti
Yéku pra-tandha-nira
Gusti pananggel kula
langgeng ing salaminya

(3) Ngemban dhawuh séstu kabehjan
Anampi berkah katentreman
datan wonten kang saged ngrebat
lestantun tumekéng akérat

Reff:
Salib kula datan nglangkungi
panandhang pisakiting Gusti
Yéku pra-tandha-nira
Gusti pananggel kula
langgeng ing salaminya

KPJ - 125. LAMUN KULA MLAMPAH

125. LAMUN KULA MLAMPAH

(1) Lamun kula mlampah néng margining Allah,
kula séstu ngraos bingah
Kula yakin éstu, Gusti nuntun tamtu
mring tyang pitados satuhu

Reff:
Mung sawiji kabegjan sejati,
nggih pitados mring Gusti
wah manut lan bekti

(2) Yén peteng ing manah, kabidhung ing sisah,
kula nilingken sabdéng Allah
Uwas lan kwatir wus tamtu sumingkir,
angger pasrah kang trusing manah

Reff:
Mung sawiji kabegjan sejati,
nggih pitados mring Gusti
wah manut lan bekti

(3) Iba begja kula, sajroning ginodha
kiniyatken déning sabdanya
Rineksa rinimat tan dhawah tan lesah
wit saking sih-rahmating Allah

Reff:
Mung sawiji kabegjan sejati,
nggih pitados mring Gusti
wah manut lan bekti

KPJ - 124. KULA SÉSTU NDHÉRÉK GUSTI

124. KULA SÉSTU NDHÉRÉK GUSTI

(1) Kula séstu ndhérék Gusti kang jumeneng Panutan,
Tetep setya dugéng janji, tan wigij karibedan

Reff:
Dhuh nyawaku, ja kwatir;
Gusti tan éwah gingsir
Tut-wuria salaminya
ing satin dak-é Gusti

(2) Kula séstu ndhérék Gusti martosken Injil Suci
Datan ajrih ing sangsara, wit Gusti nganthi kula

Reff:
Dhuh nyawaku, ja kwatir;
Gusti tan éwah gingsir
Tut-wuria salaminya
ing satin dak-é Gusti

(3) Kula séstu ndhérék Gusti mbabarken sih piwlasnya
mring sagung titah ing bumi, dimén samya raharja

Reff:
Dhuh nyawaku, ja kwatir;
Gusti tan éwah gingsir
Tut-wuria salaminya
ing satin dak-é Gusti

(4) Kula séstu ndhérék Gusti ngéstokken dhawuh édi;
sok sintena kang nyatroni, kula ngudu nreanani

Reff:
Dhuh nyawaku, ja kwatir;
Gusti tan éwah gingsir
Tut-wuria salaminya
ing satin dak-é Gusti

KPJ - 123. KULA PITADOS MRING GUSTI

123. KULA PITADOS MRING GUSTI 

(1) Kula pitados mring mring Gusti, peparang ingkang kekah
Saéstu kula ungséni, dimén rineksa tansah
Nadyan ombak nggegirisi, kula datan kuwatos
Prahara nguber jaladri, kula tatag ing batos

Reff:
Kula tan was-sumelang;
Gusti tan nilar kula
Wajib kawula cumandhang,
gesang manut sabdanya

(2) Kula pitadoa mring Gusti, dalah sengkut makarya
Ngerancang wah mbudidaya, tan kendhat ing pandonga
Siyaga tansah leladi ing sakatoning driya
Gusti ingkang minangkani, kula dados sembada

Reff:
Kula tan was-sumelang;
Gusti tan nilar kula
Wajib kawula cumandhang,
gesang manut sabdanya

KPJ - 122. KULA PITADOS

122. KULA PITADOS 

(1) Kula pitados ing Allah, Sang Rama Kang Makwasa
ingkang nitahaken langit lan bumi saisinya
Lula pitados ing Gusti Yésus Kristus Kang Putra ontang anting lan kekasih
Gusti Pamarta kula

(1) Kang sampun kabobotaken ing kwasané Toh Suci
mitos saking prawan Maryam, nahanaken pisakit
kala Pontius Pilatus ingkang ngasta bupatya
sinalib nglampahi séda, tumedhak mring antaka

(3) Tigang dintenopun wungu sung antaka, dyan minggah
dhateng suwarga, apinarak néng tengenipun Allah
Sang Rama Kang Mahakwasa, king ngriku badhé rawuh
angadili tiyang ingkang gesang lan ingkang pejah

(4) Nggih pitados ing Roh Suci wah malih wontenipun
pasamwan Kristen satunggil, kang suci sarta umum
Patunggilané pra suci, pangapuntening dosa,
tanginira para mati, kang sarta gesang baka

KPJ - 120. KULA MBOTEN BADHÉ NILAR

120. KULA MBOTEN BADHÉ NILAR 

(1) Kula mboten badhé nilar dhateng Gusti Pamarta
dhateng pundi Gusti tindak, kula ndhérék Paduka

Reff:
Kula tutwingking Gusti
ing salamimya kula gesang
awit yén tanpa Gusti
kawula tan sages mimpang

(2) Nadyan gung karibedan, kawula tan wus-sumelang
Gusti paringa tatag, kula kiyat tan gumiwang

Reff:
Kula tutwingking Gusti
ing salamimya kula gesang
awit yén tanpa Gusti
kawula tan sages mimpang

(3) Kula tansah ndhérék Gusti, nadyan sring kamomotan
nyawa kula memuji, tamtu antuk pitulungan

Reff:
Kula tutwingking Gusti
ing salamimya kula gesang
awit yén tanpa Gusti
kawula tan sages mimpang

KPJ - 119. KRANA GUSTI KULA

119. KRANA GUSTI KULA

(1) Krana Gusti kula, Injil ngrembaka
yéku tuking iman, sumber kraharjan
gesang cinekapan wah linubéran
nugraha punika maremken nyawa

(2) Gusti paring sabda kebak sih-tresna
Roh Paduka mbuka pamireng kula
ndadar mrih kuwawa nyingkiri dosa
marengna kawula dumugéng swarga

(3) Gusti, kula girang tampi pepadhang
kamardikan wetah, nuwuhken bingah
kula kaparengna tansah sih-setya
murih datan kendhat nggunggung Paduka

KPJ - 118. KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR

118. KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR

(1) Kasetyaning Allah datan gingsir.
Saking kang tinimbalan dén-pilihi
Samukawis tansah pinirsanan
Prasetyanya tamtu dén leksanani
Dalasan sakathahing pakaryan sinembadan

(2) Sabda lan kwasané Allah nyata
Saben jaman winengku ing pangréhnya
Astanya kukuh miwah santosa
ngasta pangadilan ing salamanya
Landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan

(3) Sang Roh Suci kang kagungan karsa
mbikak kekeraning kawilujengan
Pasamuwan binereg manahnya
tansah tinuntun marang kasampurnan,
nggih dadya warga kratoning Allah salamanya

KPJ - 116. KABEGJAN KANG SEJATI

116. KABEGJAN KANG SEJATI 

(1) Kabegjan kang sejati, tinunggil Gusti
Yén panggodha ndhatengi gya dén-tulungi
mrih mantep pracaya wah tetep widada
malah ngesorken dosa, panggah sembada

(2) Kabegjan kang satuhu, rineksa Gusti
Yén panandhang ngreridhu, gya dénluwari
mrih kraharjan nyata rinengkuh slaminya
Mara tansah sung puja, wit sih-piwlasnya

(3) Kabegjan kang sanyata, jinangkung Allah
Yén rinoban sangsara, gya dénentasna
mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah
memuji datan kendhat, nggunggung sih-rahmat

KPJ - 115. IBA RAHJENG TYANG KANG SMI SUMÉNDHÉ

115. IBA RAHJENG TYANG KANG SMI SUMÉNDHÉ

(1) Iba rahjeng tyang kang
sami suméndhé Gusti
jroning sisah wah kesrakat,
Gusti paring kiyat

Reff:
Sumangga suméndhé Gusti!
Sumangga suméndhe Gusti!
Sumangga suméndhe Gusti,
mesthi Gusti karya ayemira

(2) Adhuh Gusti, kula sowan
ing ngarsa Paduka
masrahken gesang kawula
néng asta Paduka

Reff:
Sumangga suméndhé Gusti!
Sumangga suméndhe Gusti!
Sumangga suméndhe Gusti,
mesthi Gusti karya ayemira

(3) Adhun Gusti, lamun kula
pasrah mring Paduka,
kula datan sélak, sagah
sangsara wah pejah

Reff:
Sumangga suméndhé Gusti!
Sumangga suméndhe Gusti!
Sumangga suméndhe Gusti,
mesthi Gusti karya ayemira

(4) Hé, nyawaku ja tumungkul,
géné teka uwas
Datan ana langkung mulya
lir wong kang pracaya

Reff:
Sumangga suméndhé Gusti!
Sumangga suméndhe Gusti!
Sumangga suméndhe Gusti,
mesthi Gusti karya ayemira

KPJ - 114. GUSTI, SÉSTU KULA TRESNA

114. GUSTI, SÉSTU KULA TRESNA 

(1) Gusti, séstu kula tresna dhumateng Paduka
Kula masrahken manah, badan, dalasan nyawa
Paduka kang agung-sih, ingkang sampun menang
saéstu kula pasrah dhumaténg Paduka

Reff:
Kula tresa dhaténg Gusti
wit Gusti sampun nresnani kawula
Kula séstu tresna Gusti,
wit Gusti sampun nresnani


(2) Gusti anandhang sangsara, ngrembat dosa kula
ngantis sinalib séda, karana gunging tresna
Mila kawula pasrah klayan trus ing manah
dhawuhnya kula pundhi, nresnani sesami

Reff:
Kula tresa dhaténg Gusti
wit Gusti sampun nresnani kawula
Kula séstu tresna Gusti,
wit Gusti sampun nresnani

KPJ - 113. GUSTI YÉSUS SANG PAMARTA

113. GUSTI YÉSUS SANG PAMARTA

(1) Gusti Yésus Sang Pamarta, kula ndhérék Paduka
manggul salib ing slaminya klatan bingahing driya
Kula Paduka kiyatken, sageda tahan sisah
sampun ngantis kemuriten, sampun suwah ing manah

(2) Nadyan tinilar ing mitra, sinengitan néng donya,
kula manteb ing pracaya, ndhérék Gusti slaminya
Lamun Gusti ingkang nganthi, kabegjan kang pinanggya
Lamun Gusti kang ngasihi, mokal yén ta cilaka

(3) Karibedan lan sangsara krana ndérék Paduka,
ngiyatken tékading manah, nggayuh Kratoning Allah
Datan geter datan wedi nekséni Injil suci,
mrih gesang langgeng katampi, wit tinunggil ing Gusti

KPJ - 112. GUSTI YÉSUS PANGÉN KULA

112. GUSTI YÉSUS PANGÉN KULA

(1) Gusti Yésus Pangén kula. Kula ménda kagungannya.
Dénnya nebus klatan rahnya, mrih kula gesang slaminya

(2) Sang Kristus Pangén utama kang sampun ngetohken nyawa
nebus kula saking dosa, wah nuntun kula mring swarga

(3) Gusti ngayomi méndanya, inguwalken sing rubéda
mrih tan tiwas ing panandhang, nging tansah manggih kabegjan

(4) Gusti ngempalken méndanya kadadosaken sapantha
kinén gesang atut-rukun, mbangun-turut Pangénipun

(5) Gusti ngreksa pra méndanya klayan astanya kang rosa
lamun wonten kang ketriwal, dénlari mrih datan ical

KPJ - 111. GUSTI YÉSUS PAMARTA

111. GUSTI YÉSUS PAMARTA 

(1) Gusti Yésus Pamarta, parang ingkang sampurna
Krana ngungsi mring Gusti, kula dipangayomi
Srana rahé Sang Kristus, gesang kula tinebus

(2) Datan badhe ndayani, datan saged ngluwari
sagung pendamel kula, nadyan kados punapa
Namung sihé Sang Kristus, gesang kula tinebus

(3) Gesang kula mung nglaha, tan wonten lelabetnya
Amung salibé Gusti ingkang kula gondhéli
Mila kula mung pasrah klayan tulusing manah

KPJ - 110. GUSTI PANUNGSÉN KULA

110. GUSTI PANUNGSÉN KULA

(1) Gusti Panungsén kula,
sestu gung sih-rahmatnya
Ing sajroning panandhang
lamun bebaya njarang
Gusti sung pangluwaran
kula mamggih keaharjan

(2) Dadya karosan kula
winantes wintenira
Srana pasrah-sumarah
mring réh kwasaning Allah,
kula manggih kabegjan
ngantis dugéng klanggengan

KPJ - 109. GUSTI PANGAYOM KANG SETYA

109. GUSTI PANGAYOM KANG SETYA

(1) Gusti pangayom kang setya
ngirid lampah kawula.
Nadyan panggodha nempuha,
kula tan badhé léna, wit kinanthi
déning Gusti siyang dalasan ratri,
siyang dalasan ratri

(2) Gusti Pangén kang sejati,
kula tansah rinimat
Tebih saliting bilahi
sit sinungan sih-rahmat
Astanira nglanting kula
neguhken wardaya
neguhken wardaya

(3) Gusti pepadhang sejati
tansah nuntun kawula
Nadyan rubédha ngribedi
datan semplah ing driya
Berkahira ngreksa kula
ngantos ing salaminya
ngantos ing salaminya

KPJ - 108. GESANG KEBAK KEKERAN

108. GESANG KEBAK KEKERAN 

(1) Gesang keban kekeran, angél dén-jagai
Dhatenging kasangsaran trus gilir-gumanti
Namung Paduka, Gusti, mirsa samu-kawisnya
Kula pasrah, sumarah pangréh Paduka

(2) Gesang kebak kekeran, angél dénjagai
Reribed, kasisahan, silih andhatengi
Anéng astané Gusti, manah kula tan semplah
tansah pasrah, sumarah pangréhing Allah

(3) Gesang kebak kekeran angél dénjagai
Panggodha wah pacoban mung memiris ati
Wit pitulungané Allah, kula manten pracaya
Kula pasrah, sumarah pangrehing Allah

KPJ - 107. AMUNG WONTEN ING SARINANING GUSTI YÉSUS

107. AMUNG WONTEN ING SARINANING GUSTI YÉSUS

Amung wonten ing sariraning Gusti Yésus,
papan manunggil pra unat kang tinebus
temah luntur linebur, sagung manah priyangga
jumbuh kukuh rinengkuh Sang Pamarta

Amung wonten ing sariraning Gusti Yésus
papan manunggil pra umat kang tinebus
temah luntur linebur, sagung manah priyangga
jumbuh kukuh rinengkuh Sang Pamarta

Atutruntut sihira, tresna sesami
Rinangkul sihing Rama, tinuntun Roh Suci
Gandhéng asta lan rasa, tumus trusing wardaya
sumuyud angabekti, Hyang Makwasa
Sang Rama, Sang Putra lan Roh Suci

KPJ - 106. AMUNG KUMANDEL IKU

106. AMUNG KUMANDEL IKU

(1) Amung kumandel iku
uwiting karosanku
Amung kumandel iku
etuking kraharjanku

Reff:
Aku datan kuwatir
Pangéran pepujanku
Allah dadi kraharjanku
uwitting karosanku

(2) Amung pracaya iku
kang mbungahken driyaku
Amung pracaya iku
panglipuring batinku

Reff:
Aku datan kuwatir
Pangéran pepujanku
Allah dadi kraharjanku
uwitting karosanku

(3) Srana pangandel iku
ngilangken prihatinku
Srana pracaya iku
sarna was-sumelangku

Reff:
Aku datan kuwatir
Pangéran pepujanku
Allah dadi kraharjanku
uwitting karosanku

KPJ - 104. ALLAHÉ PARA PRACAYA

104. ALLAHÉ PARA PRACAYA

(1) Allah para pracaya
Uing sadhengah jaman,
yéku pangauban kita,
tuking kasampurnan

(2) Aneng ngarsaning dhamparnya,
papan katentreman,
panyuwun kang bener nyata,
mesthi kaleksanan

(3) Sajagad raya dumadi
karana sabdanya
Para titah angaken
pangwasa punika

(4) Allahé para pracaya
lumintu tresnané
Mring sakéhing kagungannya,
langgeng pangrimaté

KPJ - 103. ALLAH YÉKU PANGÉN SATUHU

103. ALLAH YÉKU PANGÉN SATUHU

(1) Allah yéku pangén satuhu,
pangréhnya nentremken kalbu
Kula tansah rinimatan
srana sagung ing kamirahan

Reff:
Ing jurang ing pati tan wesi bilai,
wit Gusti pribadi kang nganthi.
Nadyan mengsah kathah,
manah datan semplah
wit berkahnya rumentah.
Mung kabegjan saha kadarman
ngiring salamining gesang,
sarta kula badhé manggén tansah
ing dalemé Sang Yéhuwah

(2) Ayem manah lan nyawa kula
ing ayoming sihé Gusti,
sarta tinuntun astanya
ing kayektosan kang sejati

Reff:
Ing jurang ing pati tan wesi bilai,
wit Gusti pribadi kang nganthi.
Nadyan mengsah kathah,
manah datan semplah
wit berkahnya rumentah.
Mung kabegjan saha kadarman
ngiring salamining gesang,
sarta kula badhé manggén tansah
ing dalemé Sang Yéhuwah

KPJ - 102. ALLAH YÉKU PANGÉN KULA

102. ALLAH YÉKU PANGÉN KULA

(1) Allah yéku pangén kula
kang gung sih tresnanya
Kula tansah rinimatan
srana gung kadarman

(2) Kula tansah dén ayomi,
mila ayem yekti;
tinuntun ing margi adi,
wut asmané Gusti

(3) Kula tan ajrih bilai,
wit kinanthi Gusti;
wah lestantun pangreksanya,
temah kula begja

(4) Nadyan sinatru ing mengasah,
nging tatag ing manah;
Allah nglubérken sih-rahmat,
berkahnya tan kendhat

(5) Kula tinoban kabegjan
salamining gesang,
saha manggén lan memuji
ing dalemé Gusti

KPJ - 101. ALLAH KANG DADOS PEPADHANG

101. ALLAH KANG DADOS PEPADHANG 

(2) Allah kang dados pepadhang nuntun dhateng karaharjan
Astanya sestu santosa, ngreksa tyang kang pracaya
Pepadhanging Allah nganthi,
ngirud ing ngajeng lan wuri,
ngantos dumagéng swargi

(3) Allah kang dados pepadhang peparing klayan loma,
Sabdanya kebak pangwasa, sung pangayoman nyata
Séstu pepakéning Allah nyegerken manah kang lesah,
wah ngiyatken ing lampah

(4) Allah kang dados pepadhang, nuntun kanthi katresnan
Gegayuhaning pra suci, margining kasampurnan
Kula badhé salaminya ndhérék Gusti klayan setya,
wit mesthi dugéng swarga

Jumat, 19 Januari 2018

KPJ - 100. ALLAH INGKANG MASUCI

100. ALLAH INGKANG MASUCI

(1) Allah ingkang masuci,
mugi Gusti melasi
sampun ngungkum kula
merdi klayan bramantya
nging énggal dén entasna
sing sisah sangsara

(2) Allah ingkang Makwasa
ngrentahna suh-wilasa
Nyawa kula giris
kanthi deres ung tangis
Badan sangsaya pepes
manah krais ngrantes

(3) Allah ingkang matresna
nglubérna kawlasanta
Rinten dalah ratri
luh kula tansah mili
angantya pangluwaran
sung gung karupekan

(4) Allah ingkang maluhur
puji panuwun katur
Wit gunging sih-rahmat
dé myarsakken pasambat;
nguwalken sung pra satru
anentremken kalbu

KPJ - 99. AKU DUWÉ PAMARTA

99. AKU DUWÉ PAMARTA

(1) Aku duwé Pamarta, Yésus Kristus asmanya,
kang wus ngurbanken sira, ngruwat aku sing dosa

Reff:
Satuhu Gustiku,
Yésus Kristus Pamartaku
dak puji trusing kalbu

(2) Aku duwé Pamarta, satuhunung kasetyan
Yén aku nyangga panandhang, pinaringan karosan

Reff:
Satuhu Gustiku,
Yésus Kristus Pamartaku
dak puji trusing kalbu

(3) Aku duwé Pamarta, putréng Allah pribadya
Yén aku karoban susah, tununggil mrih tan lesah

Reff:
Satuhu Gustiku,
Yésus Kristus Pamartaku
dak puji trusing kalbu

(4) Aku duwé Pamarta, nyata murwat pangréhnya
Lamun pepeteng nglimputi, Guriku kang ngluwari

Reff:
Satuhu Gustiku,
Yésus Kristus Pamartaku
dak puji trusing kalbu

(5) Aku duwé Pamarta, sih-rahmaté tan kendhat
Yén aku tumibéng dosa, déntuntun mring pitobat

Reff:
Satuhu Gustiku,
Yésus Kristus Pamartaku
dak puji trusing kalbu

KPJ - 98. WONG KANG KAMOMOTAN DOSA

98. WONG KANG KAMOMOTAN DOSA

(1) Wong kang kamomotan dosa, Gusti ungsénana.
Agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya.

Reff:
Pracayaa, pracayaa mung pracayaa!
Gusti kwasa, Gusti kwasa ngluwari sira.

(2) Gusti wus ngoampahi séda
ngrembat dosa kita
Rahé anucékken kalbu
dyan putih lir salju

Reff:
Pracayaa, pracayaa mung pracayaa!
Gusti kwasa, Gusti kwasa ngluwari sira.

(2) Gusti kang dadi marganya
mrih tuméngkang swarga.
Saben wong kang angugemi,
sinembadan yekti.

Reff:
Pracayaa, pracayaa mung pracayaa!
Gusti kwasa, Gusti kwasa ngluwari sira.

KPJ - 97. UWAL SING LAKNAT

97. UWAL SING LAKNAT

(1) Uwal sung laknat; iba begja iku!
Gusti wus séda, mbirat dosaku, temah luwar sing paukuman,
dénnya ngluwar babar-pisan

Reff:
Babar-pisan dénnya nulungi,
babar-pisan dénya ngeampungi
Rumaketa ing pamenthangan,
mesthi luwar babar-pisan

(2) Saiki kita padha mardika, Gusti wus nanggel ing slamet kita
linuputken sing karusakan, sinucékken babar-pisan,

Reff:
Babar-pisan dénnya nulungi,
babar-pisan dénya ngeampungi
Rumaketa ing pamenthangan,
mesthi luwar babar-pisan

(3) Putrané Allah, sebutan kita, kang tilan satru pinundhut mitra,
kang utang pati, inguripan, wit tinebus babar-pisan

Reff:
Babar-pisan dénnya nulungi,
babar-pisan dénya ngeampungi
Rumaketa ing pamenthangan,
mesthi luwar babar-pisan

KPJ - 96. TYAS KITA DIMÉN SLAMANYA BUNGAH

96. TYAS KITA DIMÉN SLAMANYA BUNGAH 

(1) Tyas kita dimén slamanya bungah lan sukarena,
déné Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita.

Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang,
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang

(2) Hyang Agung kang njangkung kita,
angreksa sing panggoda
Sih-rahmatnya kang anglipur
paring kuwat-santosa

Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang,
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang

(3) Lamun kita nyingkur Gusti,
néng ati peteng, uwas,
Ilang kekuwatan kita,
wah kabungahaning tyas,

Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang,
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang

(4) Balik wong kang amiturut,
tansah padhang dalannya
Mula mara manut Gusti,
suminggah saking dosa

Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang,
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang

KPJ - 95. TANSAH DAKRANGKUL SALIBE

95. TANSAH DAKRANGKUL SALIBE

(1) Tansah dakrangkul salibé Gusti kang agung tresnané
sarta dhangan dakungséni, dakrangkul salibé

Reff:
Dakrangkul salibé, dakrangkul salibé,
yeku margining sih rahmat, dakrangkul salibé


(2) Yesn aku kabidhung karubedan susah, ing ati rasané lesah,
mesthi malih dadi bungah, yén ngrangkul salibé

Reff:
Dakrangkul salibé, dakrangkul salibé,
yeku margining sih rahmat, dakrangkul salibé

(3) Ing sajroning karubedan sarta yén nyangga momotan,
Gusti kang paring karosan; dakrangkul salibé

Reff:
Dakrangkul salibé, dakrangkul salibé,
yeku margining sih rahmat, dakrangkul salibé

(4) Sanadyan ta nandhang susah utawa atiku bungah,
di tansah tresna mring Gusti; dakrangkul salibé

Reff:
Dakrangkul salibé, dakrangkul salibé,
yeku margining sih rahmat, dakrangkul salibé

KPJ - 94. SUMANGGA MAREKA

94. SUMANGGA MAREKA

(1) Sumamgga mareka ngarsané Gusti kita,
anggung asmanya Wit sihékang sanyata
maringken Putra, yéku marginira birat dosa kita,
wah gesang sembada

(2) Sagunging pamuji konjuk nharsaning Gusti,
kang tansah mberkahi wrata titah sabumi
Allah ingkang murba pratala-akasa
paring kaéndahab miwah kautaman

(3) Yéhuwah Makwasa maringi kabingahan,
lan tentrem-raharja dugéng  jaman klanggengan
Samya tansah panggah mituhu mring Allah
munangka panuwun, wit gung berkahipun

KPJ - 28. SUCI, SUCI, SUCI

28. SUCI, SUCI, SUCI

(1) Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci.
Allah Mahamulya kang jumeneng Raja.
Suci, suci, suci, pinundhi Hyang Widi
titah sadaya memuji samya.

(2) Suci, suci, suci, pujining pra suci
angumandhang sora ngébeki akasa.
Pra mlaékat sami sujud angabekti,
ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat

(3) Suci, suci, suci, Allah Mahasuci
Gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti
Tetalesing bumi gonjing déning puji.
Pra makluk wrata girang memuji.

(4) Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti,
anglairken srira tumedhak mring donya,
nucékken manungsa kang pitados yekti.
Yogya pinuji langgeng slaminya.

KPJ - 92. SÉSTU AGUNG SIHÉ GUSTI

92. SÉSTU AGUNG SIHÉ GUSTI

(1) Séstu agung sihé Gusti mring titah sabumi.
Milujengaken tyang dosa, mrih manggih raharja

(2) Sih-rahmat sihé Pangéran mring tyang kang pracaya,
séstu punika ganjaran dahat agungira

(3) Nugraha sumber kakiyatan mring manah kang lesah,
mrih tan nilar kayektosan, wit lubér ing berkah

(4) Nadyan kathah pepalangnya dalasan rubédha,
tiyang pitados rineksa m, sembada gesangnya.

KPJ - 91. SALIR WONG PRACAYA

91. SALIR WONG PRACAYA

(1) Salir wong pracaya ywa urip sembrana
Sih-rahmaté Gusti samya dén tampéni
Nadyan lelahanan, nging sih-kanugrahan;
yéku kurban sejati, Sang Kristus Gusti.

(2) Kaslametarina bisa ilang sirna,
yén sira sembrana nglirwakken sabdanya
Mula dén tumemen klayan geter, wedi,
nggonira manut Gusti, putréng Hyang Widi

(3) Wing pracaya samya di tansah waspada
Dosa wah panggodha énggak dénkalahna
Tampanana sih-rahmat srana pitobat;
antuka tentrem-mulya néng Gustinira

KPJ - 89. PUJI KONJUK ALLAH

89. PUJI KONJUK ALLAH

(1) Puji konjuk Allah Kang Mahamirah;
ing rinten dalah ratri tansah ngganjar berkah;
tyang mursid dalah mursal tan badhé ketriwal

(2) Puji lan panuwun mring Hyang Maagung;
ngganjar berkah mirunggan
mring tyang kang pracaya;
yéku kawilujengan lan tentrem-raharja

(3) Puji sarta sokur Kang Maluhur;
dé ngganjar berkah adi
mring tyang kang ngabekti
winuwuhan sih-rahmat-pangrimatan tan kendhat

KPJ - 88. OSIKING MANAH KAWULA

88. OSIKING MANAH KAWULA

(1) Osiking manah kawula
tan kénging kaendhakna,
kadereng asung pamuji
wit sih tresna Paduka.
Gusti tedhak saking swarga
dhateng jagad kang nistha,
ngrembat dosaning prajal
minguwken saking pati

(2) Gisti, Pasuka sininya
cinampahan tan taha
wit mundhi dhawuhing Rama
mitulungi manungsa;
ngunjuk tuwunging sangsara
wah séda ing Golgota
"Wus rampung!", panguwuhira
sarta masrahken nyawa

(3) Sih Paduka dhateng kula
sanget kawula pundhi
Salub Paduka ndadisna
bungah kula lestari
Saiba begja kawula
darbé Juru-basuki;
klangkung panuwun kula
wah asmanya pinuji

KPJ - 87. NÉNG KASA NGUMANDHANG ASMA

87. NÉNG KASA NGUMANDHANG ASMA

(1) Néng kasa ngumandhang asma sajuga,
kang anepangaken jagad lan swarga.
Datan wonten asma kados punika,
kang kwasa nyirnakken pangréhing dosa.
Napa sami déréng wanuh,
Gusti Yésus Kristus yéku asmané?

(2) Wus pantes asmané pakaryané.
Rawuhé ing donya wit gunging sihé
nebus tiyang dosa, sunalin séda,
gya wungu nyawisken papan ing swarga
Napa aami déréng wanuh,
Gusti Yésus Kristus yéku asmané?

(3) Sang Kristus samangké ngratoni swarga,
ngasta pangwasané Allah Sang Rama,
ngadili jagad ing mbénjing rawuhé
kula pareng ndhérék ing kamulyané.
Yésus Kristus Sang Pamarta
punika asmané panutan kula.

KPJ - 86. MUGI SAMPUN ANGLANGKUNGI

86. MUGI SAMPUN ANGLANGKUNGI

(1) Mugi sampun anglangkungi dhateng kula, dhuh Rama
Tyang kathah Paduka wlasi, mugi mlasi mring kula;
ngih kula, nggih kula, mugi mlasi mring kula

(2) Sampun anglangkungi kula, dhuh Pamarta kang setya
Gusti nimbali tyang dosa, mugi nimbali kula;
nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula

(3) Dhuh Roh Suci mugi sampun anglangkungi kawula;
tyang wuta antuk pepadhang, mugi madhangi kula;
nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula.

(4) Dhuh Pangén, sampun alangkung, aih Paduka rumeksa
Tyang sanés dipun ayomi, mugi ayomi kula;
nggih kula, nggih kula, mugi ngayomi kula

(5) Kula mireng tiyang kathah tampi berkah Paduka;
wit kula ingangkat putra, mugi mberkahi kula;
nggih kula, nggih kula, mugi mberkah kula.

KPJ - 84. MARA WONG DOSA, WONG CILAKA, MAREKA

84. MARA WONG DOSA, WONG CILAKA, MAREKA

(1) Mara wong dosa, wong cilaka,
mareka mring Gusti Pamarta;
temah binirat dosanira,
krana gunging sihnya.

Reff:
Saiba karaharjanira,
yén sira wus manjing pracaya,
sinung begjaing gesangira,
uwal sing antaka

(2) Bocah uga ya dén kasihi;
mula sowana ngarséng Gusti,
mrih ddya putra prasetyannya,
krana gunging sihnya.

Reff:
Saiba karaharjanira,
yén sira wus manjing pracaya,
sinung begjaing gesangira,
uwal sing antaka

(3) Aja semaya, gya mareka,
witntan ngerti praptaning pati
Gusti ngantya mring tobatira
krana sih-rahmatnya

Reff:
Saiba karaharjanira,
yén sira wus manjing pracaya,
sinung begjaing gesangira,
uwal sing antaka

KPJ - 83. LAMUN SIRA SUSAH

83. LAMUN SIRA SUSAH

(1) Lamun aira susah, wah asedhih,
aja sira supé, Allah tan tebih.
Aja wedi, Gusti anganthi,
dyan peteng dalunya, énjing: padhang byar.
Nadyan panggodha amisésa,
Gusti nganthi sira, dugéng dlahan

(2) Pangéran tan pegat, panjangkungé,
myang sihnya tan kendhat mring kagungané;
kasusahan wah karubedan
séstu tan munjuli - tulungé Gusti
Nadyan panggodha, amisésa
Gisti nganthi sira, dugeng dlahan!

KPJ - 82. LAMUN KULA KASAYAHAN

82. LAMUN KULA KASAYAHAN

(1) Lamun kula kasayahan,
kamomotan, kémengan;
kula marek dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.

Reff:
Kula marek, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
Nyuwun ayem, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.

(2) Gusti saréh ing panggalih,
mugi mulang mring kula
sinagedna tansah setya,
manut pangréh Paduka

Reff:
Kula marek, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
Nyuwun ayem, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.

(3) Mugi ngrid lampah kula,
dhuh Pamarta kang setya,
tinuntuna maring swarga,
manggih tentrem-raharja

Reff:
Kula marek, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
Nyuwun ayem, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.

KPJ - 79. KARSA PADUKA PRIYANGGA

79. KARSA PADUKA PRIYANGGA

(1) Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan.
Pra kang sabar myang pracaya, tamtu antuk pitulungan

Reff:
Paukuman katampia lir pénget lan pitedah,
dimén tangguh ing pangantya,
tan koncatan sih Paduka.

(2) Gusti tuking pitulungan, panglipur, lan pangayoman
Saung pitedah Paduka badhé kawula lawan
Sihing Guati lir samodra lubér ngeribi kula
Wah nyata sabda Paduka mratélakken palimirma

(3) Kawula nyuwun, dhuh Gusti, lamun manggih kasisahan
panggodha, miwah panyobi, kawula sageda tahan.
Tan kuwantos, tan sumelang, sih Paduka cumadhang,
temah unggul kula yektos, karana saking pitados

KPJ - 78. IBA BEGJAKU

78. IBA BEGJAKU 

(1) Iba begjaku lamun yakin
Yésus duwékku ing salamanya;
aku tebusan kagungané,
anyar uripku kranahé

Reff:
Aku memuji klayan rena,
nggunggung asmané salamanya.
Aku memuji klayan rena,
nggunggung asmané salamanya.

(2) Lamun pasrahku trusing kalbu,
temah sampurna kabungahanku
Pra malaékat asung puji,
samya ngundhangken sihing Gusti

Reff:
Aku memuji klayan rena,
nggunggung asmané salamanya.
Aku memuji klayan rena,
nggunggung asmané salamanya.

(3) Dakaturaké jiwa-raga
marang Gustiku, atiku lega,
klayan anganthi sarawuhé,
matemah antuk sih-rahmaté

Reff:
Aku memuji klayan rena,
nggunggung asmané salamanya.
Aku memuji klayan rena,
nggunggung asmané salamanya.

KPJ - 77. IBA ADI TUWIN ÉNDAHNYA

77. IBA ADI TUWIN ÉNDAHNYA

(1) Iba adi tuwin éndahnya dinten ageng ingkang mulya.
Tyang dosa wanuh Pamarta, samya nampi gesang nyata.
Gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman.
Sagung dosa sampun ical; mangkya ngrasuk gesang énggal

(2) Iba adi tuwin éndahnya pawartos ingkang kapyarsa
Turut margi arum swarabya pangundhanging kabar adya.
Kabar rahmat saking Pangéran rentahing berkah kraharjan
Kula samya tiyang dosa rinentahan palimirma

(3) Tyang dosa dén sami miréngna, yogya samya anilingna,
napa sampun wanuh swaranya? Lamun déréng, mangga samya énggal,
umarek mring ngarsanya klayan éklas, manah suka.
Mung déning Yésus nggén kita saged wangsul dhateng swarga.

KPJ - 74. GUSTI MUGI NUNGGILA

74. GUSTI MUGI NUNGGILA 

(1) Gusti mugi nunggila maring kula
Yén ta kesaput petenging ratri
namung Paduka kang mitulungi
Sumangga, Gusti nunggil mring kula

(2) Éwah-gingsir sabarang néng donya,
datan langgeng ing kaananira;
nging imam kula panggah santosa
wit Paduka tansah nunggil kula

(3) Saéstu Gusti dados peparang,
pikekah jronihg gung karibedan
taméng prahara anéng samodra;
wit Gusti tansah nunggil mring kula

KPJ - 73. GUSTI KULA

73. GUSTI KULA

(1) Gusti kula ingkang wonten ing swarga
pinujia Paduka ing slaminya.
Séstu agung sihpalimirmanta
Haléluya! Haléluya!

(2) Gusti rawuh tumedhak anéng donya
awit welas nebus gunging tyang dosa,
rinukunken lan Allah Sang Rama.
Haléluya! Haléluya!

(3) Gusti séda krana kula tuang dosa,
dé wunguné panjer gesang sanyata,
mila kula mituhu dhawuhnya
Haléluya! Haléluya!

KPJ - 72. GUSTI KAWULA INGKANG BINERKAHAN

72. GUSTI KAWULA INGKANG BINERKAHAN 

(1) Gusti kawula ingkang binerkahan;
séda Paduka sung kawilujengan.
Kawula nglari nadyan klayan sisah,
dadosa margi mrih resiking manah

Reff:
Resik pethak ngungkuli salju,
manah resik pethak ngungkuli salju

(2) Gusti kawula ingkang binerkahan;
darah Paduka séstu sipat imam.
Katundhunga sawarnining brahala,
dimén kawula resik tanpa cela

Reff:
Resik pethak ngungkuli salju,
manah resik pethak ngungkuli salju


(3) Gusti kawula ingkang binerkahan;
mugi lebura salir kasisahan.
Kula sinungana énggaling driya,
murih dados resik klayan sampurna

Reff:
Resik pethak ngungkuli salju,
manah resik pethak ngungkuli salju


(4) Samngké séstu pitados kawula,
tan badhé kemba mituhu Paduka
Lubéring kamirahan kebak berkah,
mbangun jiwa miwah resiking manah

Reff:
Resik pethak ngungkuli salju,
manah resik pethak ngungkuli salju

KPJ - 71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI

71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI

(1) Duk nuipati gung pakaryaning Gusti,
lintang abyor ing dalu kang sepi,
wah gumleger ing gludhug ing akasa,
kula ngungun gunging kamulyanta.

Reff:
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa

(2) Lamun nlasak tengahing wana-wasa
Sato peksi kekidungan ramya
Wonten ngaré dalah ing ardi ugi,
gung gumelar sesawengan adi

Reff:
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa

(3) Yén siniram siliring samirana
sesekaran dalasan woh-wohan,
gandanira arum angambar - ambar
ngunguning tyas anumusi bingar

Reff:
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa

(4) Klangkung ageng sih-katresnan Paduka,
ingurbanken Sang Kristus, Kang Putra,
sinangsara, séda tedhak naraka,
mrih manungsa basuku slaminya

Reff:
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa

KPJ - 70. AMUNG GODHONG

70. AMUNG GODHONG

(1) Amung godhong, lah ta adhuh, Gusti nganthi muwun,
déné ngupados wohira, katemenan miwah tresna, nanging kang pinanggya
aking godhong, amung godhong

(2) Amung godhong, adhuh laé, datan ana wohé
Saiba ta bilainya, yén kadhawahan supata, awit kang kadarbya
amung godhong, amung godhong

(3) Amung godhong, dhuh bilai, yén ndungkap ing janji
Mari jamaning kawlasan, kari jaman pengadilan; mangka kang kawuryan
Amung gidhong, amung godhong

(4) Amung godhong, kembang lambé, ujarbtanpa gawé;
Kang sinebar gung kadarman, kang tukhul mung kasuguhan, tembung-tembung lahan
Amung godhong, amung godhong

(5) Amung godhong, Guati rawuh mriksa kang tumuwuh;
playunira menyang ngendi, lamun wohira mung dami, mung pakaning geni?
Amung godhong, amung godhong

KPJ - 69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA

69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA

(1) Allah Mahakwasa jumeneng Pamarta,
séstu gung tresnanya, ngruwat dosa.
Salir tyang pracaya lamun tansah setya luwar
sing antaka, mlebet mring swarga.

Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.

(2) Rama Mahamirah ngrentahken gung berkah,
tyang nandhang sangsara manggih waluya.
Saliring pra umat tan kendhat rinimat,
srana peparingnya, nadyan prasaja

Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.

(3) Gusti Maagung kang paring pitulung,
nglipur manah sisah mruh datan semplah.
Njangkung kagungannya, temah tansah begja,
geaang mursid yekti dumugéng janji

Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.

(4) Pangéran murbéngrat nglubérken sih-rahmat,
mbélani tyang leres saking panindhes
Nunggil tyang pracaya temahan santosa
Kuwawa ngasorken salir panggodha

Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.

KPJ - 68. ALLAH MAASIH

68. ALLAH MAASIH

(1) Allah Maasih asung Putranya,
Allah Maasih mring manungsa

Reff:
Mila kula ngidung Allah Maasih
Allah Maasih mring manungsa

(2) Gusti ingutus dadya Pamarta,
Gusti ingutus nebus kula

Reff:
Mila kula ngidung Allah Maasih
Allah Maasih mring manungsa

(3) Gusti Pamarta ngurbanken nyawa,
Gusti Pamarta mbirat dosa

Reff:
Mila kula ngidung Allah Maasih
Allah Maasih mring manungsa

(4) Gusti nyirnakken salir prihatin,
Gusti nyirnakken ajrih kwatir

Reff:
Mila kula ngidung Allah Maasih
Allah Maasih mring manungsa

(5) Kula sinungan tentrem-raharja,
kula sinungan pangaksama.

Reff:
Mila kula ngidung Allah Maasih
Allah Maasih mring manungsa

(6) Kula sinungan gesang sejati,
Kula sinungan kraton swargi

Reff:
Mila kula ngidung Allah Maasih
Allah Maasih mring manungsa

KPJ - 67. ALLAH KANG MAKWASA

67. ALLAH KANG MAKWASA

(1) Allah Kang Makwasa, karsaa nampi kula dados rowang mitra,
wah utusan Paduka;
ngundhangken sih-rahmat mring sagunging umat,
mrih kratoning swarga sumrambah sadoya

(2) Mugi Sang Roh Suci lestantun mitulungi,
mrih kula sembada leladi kanthi setya
Manah tansah bingah datan naté semplah,
klayan ajrih-asih wah sepi ing pamrih

KPJ - 66. ALLAHÉ PARA PRACAYA

66. ALLAHÉ PARA PRACAYA

(1) Allahé para pracaya
ing sadhéngah jaman,
yéku pangauban kita,
tukung kasampurnan

(2) Anéng ngarsaning dhamparnya,
papan katentreman,
panyuwun kang bener nyata,
mesthi kaleksnan.

(3) Sejagad raya dumadi
karana sabdanya
Para titah angakeni
pangwasa punika

(4) Allahé para pracaya
lumintu tresnané
Mring sakéhing kagungannya
langgeng pangrimaté

KPJ - 65. AKU TAN NGRETI MENGKONÉ

65. AKU TAN NGRETI MENGKONÉ

(1) Aku tan ngreti mengkoné,
mung saderma lumaku
Dudu surya kang dakantu,
jer iku bakal sirna.
Mengkoné aku tan kwatir,
wit Gusti wus prasetya.
Lakuku kinanthi Yésus,
mula tentrem uripku

Reff:
Bab akéh akh tan ngreti,
kang bakal dakalami
nging aku yakin sayekti
tansah kinanthi Gusti

(2) Sangsaya cetha lakuku,
pindha sukma sumengka
Kepara énthéng sangganku,
kadya méga lir slaka
Suryané padhang sampurna,
tanpa tangis ngrubéda;
wasana kluwungé prapta
ardi ngantos akasa

Reff:
Bab akéh akh tan ngreti,
kang bakal dakalami
nging aku yakin sayekti
tansah kinanthi Gusti

(3) Aku tan ngreti mbésuké,
bisa nadhang sangsara,
nging kang paring pangan glathik
lan ngayomi uripku
Wektu rumpil pandumanku,
wah nebus srana rahé

Reff:
Bab akéh akh tan ngreti,
kang bakal dakalami
nging aku yakin sayekti
tansah kinanthi Gusti

KPJ - 64. WONG DOSA REMPU ATIMU

64. WONG DOSA REMPU ATIMU

(1) Wong dosa rempu atimu,
nlangsanana dosamu
Mbok ya ngungsia mring Gusti,
mesthi kinarya suci

Reff:
Gusti nimbali sira,
rungokna ta sabdanya,
pasraha jiwa raga


(2) Hé, wong kang ilang kesasar,
saparanmu kapirsan
Gusti nglari lan nimbali,
bakal karsa nulungi

Reff:
Gusti nimbali sira,
rungokna ta sabdanya,
pasraha jiwa raga

(3) Gusti kwasa, mahamirah
nresnani sagung jalma
Mula dén énggal mareka,
mesthi tan nampik sira

Reff:
Gusti nimbali sira,
rungokna ta sabdanya,
pasraha jiwa raga


(4) Sira kaancam ukuman
laknat wit dosanira,
nuli énggal umareka,
tinebus ing rah adya

Reff:
Gusti nimbali sira,
rungokna ta sabdanya,
pasraha jiwa raga

KPJ - 63. TYANG NAJIS NDLARUNG ING DOSA

63. TYANG NAJIS NDLARUNG ING DOSA

(1) Tyang najis ndlarung ing dosa,
tinampik mring swarga
Allah tan sudi mirsani
sabarang kang nistha

Reff:
Nyuwun suci, adhuh Gusti
Nyuwun suci, nyuwun suci

(2) Tyang najis datan tinpi
ngarsané Hyang Widi
Adhuh Gusti, mugi karsa
mbirat dosa kula

Reff:
Nyuwun suci, adhuh Gusti
Nyuwun suci, nyuwun suci

(3) Tyang najis ndlarung ing dosa,
pinagas ing sihnya
Dé kang yekti asung bekti,
tinunggil ing Gusti.

Reff:
Nyuwun suci, adhuh Gusti
Nyuwun suci, nyuwun suci

(4) Tyang najis badhé sangsara,
cinadhangan nraka.
Kang mratobat badhé begja,
cinadhangan swarga.

Reff:
Nyuwun suci, adhuh Gusti
Nyuwun suci, nyuwun suci

KPJ - 62. SIHING ALLAH KANG MAHATRESNA

62. SIHING ALLAH KANG MAHATRESNA

(1) Sihing Allah Kang Mahatresna
Sung gesang nyata mring kula.
Yéku sih kang ngéraméramna
mring kula tyang kebk dosa
Mila kula tansah muji tan
kendhat rinten lan ratri

(2) Yén Allah nganggep dosa kula
wah lepat kléntuning lampah,
kawula nemahi antaka
wit gesang mung awon tansah
Nging Gusti lubér sih-rahmat
kula pepuji tan kendhat

(3) Mring salir tyang, nggih sanak-kadng
mesthi kawula tedahna
margi kang anjog ing pepadhang
yéku sih-rahmat sanyata
Punika sokur kawula
mring Gusti Kang Mahatresna

KPJ - 61. SAÉSTU KEDUWUNG

61. SAÉSTU KEDUWUNG

(1) Saéstu kedawung kula, déné kirang setya.
Kadhawuhan kinén tresna dhateng Allah wah sesami, nging tan ana bukti
Adhuh Gusti, nyuwun suci.

(2) Saéstu kedawung kula, dé gesang mung nglaha.
Kélu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya, lampah tan prayogi.
Adhuh Gusti, nyuwun suci.

(3) Saéstu kedawung kula, dé ndlarung ing dosa.
Nadyan rinoban sih-rahmat, nging datan énggal mratobat, mangkotaken ati.
Adhuh Gusti, nyuwun suci.

(4) Saéstu kesawung kula, nglirwakken kwajiban
mrih tawuhing pasuwan miwah gesanging bebrayan, tentreming dumadi.
Adhuh Gusti, nyuwun suci.

(5) Saéstu kedawung kula, lamun dugéng janji,
gesang kula gan sembada, nilar citraning Sang Rama, mesthi dén bendoni
Adhuh Gusti, nyuwun suci.

KPJ - 60. PUNDI KANG NAJIS

60. PUNDI KANG NAJIS

(1) Pundi kang najis tan kénging mlebet dhateng swarga.
Gusti tan sudi mirsani sabarang kang nistha.

Reff:
Nyuwun suci, adhuh Gusti,
Nyuwun suci, nyuwun suci.

(2) Kang najis datan tintimah ngarsané Hyang Sukma.
Adhuh Gusti mugi karsa mbirat dosa kula

Reff:
Nyuwun suci, adhuh Gusti,
Nyuwun suci, nyuwun suci.

(3) Wit kang najis saged sirna, iba begja kula,
Rahé Gusti kang ngicalken sakathahing dosa!

Reff:
Nyuwun suci, adhuh Gusti,
Nyuwun suci, nyuwun suci.

KPJ - 59. PINUJIA TANSAH ALLAH MAMIRAH

59. PINUJIA TANSAH ALLAH MAMIRAH

(1) Pinujia tansah Mallah Mamirah,
kanggung tresnnira mring salir titah.
Tyang dosa duraka sinung apura,
tinebus sing pati temah basuki

Reff:
Luhurna, mulyakna Gusti Sang Pamarta!
Luhurna, mulyakna Pangruwat ing dosa.
Pasrah maring Allah srana pracaya
margining waluya tentrem raharja.

(2) Pinuji slaminya Allah Matresna,
kang ngegungken sabar mring tyang kang nasar,
nuntun mring pitobat srana sih-rahmat,
mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci

Reff:
Luhurna, mulyakna Gusti Sang Pamarta!
Luhurna, mulyakna Pangruwat ing dosa.
Pasrah maring Allah srana pracaya
margining waluya tentrem raharja.

(3) Pinuji tan kendhat Allah Murbéngrat,
kang nunggil wah ngreksa mring kaagungannya.
Tyang bekti lan setya sinung nugraha,
gesang langgeng nyata néng kraton swarga.

Reff:
Luhurna, mulyakna Gusti Sang Pamarta!
Luhurna, mulyakna Pangruwat ing dosa.
Pasrah maring Allah srana pracaya
margining waluya tentrem raharja.

KPJ - 58. PANGLUWAR KANG SEJATI

58. PANGLUWAR KANG SEJATI

(1) Pangluwar kang sejati, myarsakna pasambat kula
Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya

Reff:
Gusti, mugi Paduka nucékken manah kawula,
temah suci saéstu wah sirna najis ing kalbu
Suci séstu, auci séstu,
temah suci saéstu wah sirna najis ing kalbu

(2) Pangluwar kang sejati, paringa kiyat mring kula;
setya ing lampah suci, ngetut wingking Paduka

Reff:
Gusti, mugi Paduka nucékken manah kawula,
temah suci saéstu wah sirna najis ing kalbu
Suci séstu, auci séstu,
temah suci saéstu wah sirna najis ing kalbu

(3) Pangluwar kang sejati, mugi nuntun gesang kula;
Mbangun turut mring Gusti, tansah ngéstokken Sabda

Reff:
Gusti, mugi Paduka nucékken manah kawula,
temah suci saéstu wah sirna najis ing kalbu
Suci séstu, auci séstu,
temah suci saéstu wah sirna najis ing kalbu

KPJ - 57. NIKMATING DONYA NGGODHA ATI

57. NIKMATING DONYA NGGODHA ATI

(1) Nikmating donya nggodha ati,
mikat kita dimén nebih Gusti,
lan kabéh iku tan nguripi,
nging nggéndéng kita mring telenging pati

Reff:
Aja randhat umareka,
sowana ing dina iki uga
Gusti wus ngantya mring sira
lah Pangayommu
Kang tuhu setya

(2) Mara mbuwanga sengsemira,
wit iku panyidra lan pamblasar,
ninggala dosa lan duraka,
ngungsi mring Gusti sira mesthi luwar

Reff:
Aja randhat umareka,
sowana ing dina iki uga
Gusti wus ngantya mring sira
lah Pangayommu
Kang tuhu setya

(3) Marek mring Gusti tan suwala,
aywa kalungsén kadaluwarsa
Puputing nyawa tan kanyana,
mula éstokn di énggal mareka.

Reff:
Aja randhat umareka,
sowana ing dina iki uga
Gusti wus ngantya mring sira
lah Pangayommu
Kang tuhu setya

KPJ - 56. MULIHA ANGGÉR

56. MULIHA ANGGÉR 

(1) Muliha anggér, muliha dén énggal!
Paranmu wus adoh, lakumu kesasar.
Adhuh cilaka anggér muliha!
Dén énggal muliha!

(2) Élinga sira, wong dosa tobata
Ramamu kang asih nganti klawan sedhih
Adhuh, cilaka aira wong dosa, dén énggak tobata.

(3) Tobata sira, wong dosa nlangsaa!
Suwarga omahmu, naraka satrumu.
Adhuh, cilaka sira wing dosa,
nging Allah ngaksama.

KPJ - 55. KULA TYANG DOSA

55. KULA TYANG DOSA

(1) Kula dosa klangkung ageng,
rinentahan palimirma.
Mangké tan wonten paniksa
Punika ngéraméramaken,
kawula séwu tan nyanya.
Mamgke tan wonten paniksa
Ming rumentahing sihmirma
ming rumentahing sih mirma

(2) Allah ngasihi dhateng kula,
dosa kula ingaksama
Tan wonten mulading bendunya,
wit kula ingangkat putra
Kula punika sinten, ta,
Kula punika sinten, ta,
dé rinentahan sih-mirma?
dé rinentahan sih-mirma?

(3) Sayogya kula gunggung-gunggung
palimirmanipun Allah,
kang nglepataken saking ukum
miwah nucékaken manah.
Panggunggung kula tan liya,
Panggunggung kula tan liya,
ming bab rentahing sih-mirma
ming bab rentahing sih-mirma

KPJ - 54. KULA SAÉSTU NGLENGGANA

54. KULA SAÉSTU NGLENGGANA

(1) Kula saéstu nglenggana
anyisahaken sesami
Mila getun manah kula,
nalangsa ing ngarsaning Gusti

(2) Ilat kula nyenyidrani,
Gurung kadya kubur menga
lambé kenak wisa mandi,
ngrerantam saliring piala.

(3) Kula nyuwun katentreman,
cinelakna mring kraharjan,
nebih saking karisakan
wit Gusti paring panganyoman

KPJ - 53. KAPYARSI GUSTI NIMBALI

53. KAPYARSI GUSTI NIMBALI

(1) Kapyarsi Gusti nimbali, " He, wong kamomotan,
mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran!"
Kula ngayom mating Gusti, dyan ayem sejati,
awit tansah binerkahan, sinung karaharjan

(2) Kapyarsi Gusti nimbali, "Wong ngelak, mareka,
ngombé banyu panguripan kang saka ing swarga!"
Kula ngungai maring Gusti, sinunga Roh Suci,
tinuntun mrih mursid yekti, tresna mring sesami.

(3) Kapyarsi Gusti mimbali, "Wong dosa, mareka,
nampanana kurban suci, rah, srira sampurna!"
Kula pasrah mring Gusti, kalis saking pati,
wah ingangkat putréng Allah, lantaraning berkah.

KPJ - 52. GUSTI SÉSTU KULA NALANGSA

52. GUSTI SÉSTU KULA NALANGSA

(1) Gusti séstukula nalangsa,
awit asring mbaléla,
damel sekel galih Paduka,
kélu ombyaking donya.

Reff:
Dhuh Gusti, kawula nyuwun apura
sinucékken sing dosa.
Mugi manah kula kaénggalna,
mituhu Paduka

(2) Séstu kula angraosken
awrat déning momotan,
ngung awit Paduka nulungi,
tan awrat babar pisan

Reff:
Dhuh Gusti, kawula nyuwun apura
sinucékken sing dosa.
Mugi manah kula kaénggalna,
mituhu Paduka

(3) Séstu kawula ngraosken
ing katresnan Paduka,
wit Paduka tan négakaken
kula kawratan dosa

Reff:
Dhuh Gusti, kawula nyuwun apura
sinucékken sing dosa.
Mugi manah kula kaénggalna,
mituhu Paduka

KPJ - 51. GUSTI MUGI MIRSANI

51. GUSTI MUGI MIRSANI

(1) Gusti mugi mirsani nggén kula kersa katan.
Kula mlajeng mring pundi, namung dhateng Pangéran.
Nyuwun tulung, dhuh Allah, mugi nglanting kawula
sing sagung karibedan, dimén pulih lejara.

(2) Tan wonten pangauban, séstu namung Paduka,
etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa.
Yén kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara,
sinten kang nglipur malih, inggih namung Paduka.

(3) Gusti dados pikekah miwah béténg kawula,
karaosannya tyang lungkrah, pepadhangnya tyang wuta.
Kula apes anglentrih, Gusti matingi kiyat;
kula tyang kawlas-asih, tansah nyuwun sih-rahmat.

(4) Gusti tuking kadarman, mugi mlasi mring kula.
Uwala sing momotan wah kalis ing panggodha.
Gusti taking kraharjan kang kwasa mbirat dosa,
mugi nucékken kula, temah gesang sembada.

KPJ - 49. GUSTI KANG MAHAWILASA

49. GUSTI KANG MAHAWILASA

(1) Gusti Kang Mahawilasa, mugi paring aksama.
Kula getun dé klepatan, nglawan dhateng Pangéran;
nglirwakken dhawuh Paduka, manut hardaning driya.
Temah tan ngraosken tentrem wah malih gesang langgeng.

(2) Gusti Ingkang Mahatresna, mugi ngruwat kawula;
temah kula dados auci miwah nunggil lan Gusti
Manah kang peteng wit dosa énggal pulih lejara.
Pangajeng - ajeng binuka, ngener mrih Allah Rama

(3) Gusti Ingkang Mahakwasa, mugi nuntun kawula;
ngambah ing margi utami, nurut pangréh Paduka.
Awit kwasaning Roh Suci, nyingkur karséng pribadya,
nglawan kapéncuting donya, mrih raharja slaminya.

KPJ - 48. GUSTI ANGANTYA SIRA

48. GUSTI ANGANTYA SIRA

(1) Gusti angantya sira, wong dosa.
Aruming swara nimbali sira.
Nyuwuna luwar lan pangapura!
Mareka saosna atinira!

Reff:
Lah mareka! Gusti angantya,
aywa adoh-adoh, umareka!
Gusti anganti-anti sira!
Ywa nyenyuwé, mula gya mareka!

(2) Hé, wong dosa, lempar dalanira
Nyata gampang lamun liniwatan
Nging sira tan ndunga tan uniaga,
yéku tan anjog mring nagri baka

Reff:
Lah mareka! Gusti angantya,
aywa adoh-adoh, umareka!
Gusti anganti-anti sira!
Ywa nyenyuwé, mula gya mareka!

(3) Nging marga kang anjog ing kabegjan
ciyut, angél kalamun dénambah
Kang mangkono datan kauningan,
mangka iku margining Yéhuwah

Reff:
Lah mareka! Gusti angantya,
aywa adoh-adoh, umareka!
Gusti anganti-anti sira!
Ywa nyenyuwé, mula gya mareka

KPJ- 47. DHUH ALLAH, NYAWA KAWULA NGANTOS - ANTOS

47. DHUH ALLAH, NYAWA KAWULA NGANTOS - ANTOS

(1) Dhuh Allah, nyawa kawula ngantos - antos Paduka.
Mugi pitedah Paduka kaparingana mring kula.
Tetiyang kang mengsahi énggal ma sumingkir ugi,
wit Paduka pribadya sumber pitulung kawula

(2) Dhuh Allah mugi ngéngeti mring sih-palimirmanta
wiwit rikala Yéhuwah nglubéraken aksama,
karsa ngluwari kula nebihken sagunging dosa
Krana sih-kadarmanta, nyawa kawula rineksa

(3) Allah Maadil Mamirah tan ngehungken bebendu.
Tiyang kesasar ing lampah tinuntun tobat séstu.
Déné tyang lembah-manah tinuntun ing margi yekti,
awit margi puniki setya kadarmaning Gusti.

KPJ - 46. AWIT KATHAH DOSA KULA

46. AWIT KATHAH DOSA KULA 

(1) Awit kathah dosa kula,
mila tansah kémengan
Gusti kang madhangi
manah myang tuking kabingahan

(2) Mugi karsa angaksama
ing klepatan kawula
Tyas kula mugi dadosa
padaleman Paduka

(3) Gusti kang kula ndelaken
mugi nuntun mring kula
Kula badhé ngéstokaken
ing sakarsa Paduka

(4) Kula mbonten purun malih
karya sekel Paduka;
badhé tansah tuhu setya,
tresna ing salaminya

KPJ - 45. ANÉNG NGARSANÉ GUSTI

45. ANÉNG NGARSANÉ GUSTI

(1) Anéng ngarsané Gusti,
binuka isining kalbu
Sanyata najis uripku,
anéng ngarsané Gusti

(2) Anéng ngarsané Gusti,
tansah tetéla luputku
Mung kebak lamis uripku,
anéng ngarsané Gusti

(3) Anéng ngarsané Gusti,
rumangsa ringkih lan semplah
Reribed lan nyawa lungkrah,
anéng ngarsané Gusti

(4) Anéng ngarsané Gusti,
rinasakna hunging sihnya
Wah lubéring katresnannya,
anéng ngarsané Gusti

KPJ - 44. AKU WONG KANG DOSA

44. AKU WONG KANG DOSA

(1) Aku wong kang dosa,
ngungsi maring Gusti,
temahan dén sucékna,
srana rahé kang suci

Reff:
Sang Kristus Gusti, Panebus yekti
Nasyan dosaku agung,
nging Gusti wua nglebur.

(2) Dhuh Gusti Pamarta,
mung kwasa Paduka
ingkang saged ngluwari
kawula saking dosa

Reff:
Sang Kristus Gusti, Panebus yekti
Nasyan dosaku agung,
nging Gusti wua nglebur.

(3) Nggén kula nyenyuwun
kang dados landhesan
dédé labet kawula,
nggih namung sih Paduka

Reff:
Sang Kristus Gusti, Panebus yekti
Nasyan dosaku agung,
nging Gusti wua nglebur.

KPJ - 34. ULUKNA PAMUJI

34. ULUKNA PAMUJI

(1) Ulukna pamuji kanthi trus ing ati,
he titah, mring Gusti Allah kang setya
lan mahamirah; wit sira rinoban berkah

(2) Saosa panuwun kanthi masmur kidung
hé sira, wong kang pracaya
mring Allah sumbering berkah;
wit sira sinung raharja.

(3) Aturna panggunggung dalasan pisungsung
mring Allah, hé para umat,
kang setya paring sih-rahmat,
tan ngétang dosaning jagad.

(4) Angunjukna sokur, rukun mring sedulur,
hé sagunging pasamuwan;
wit rinoban ing kabegjan
sadhéngah wayah lan papan.

KPJ - 33. SWAWI TA KANCA KULA

33. SWAWI TA KANCA KULA

(1) Swawi ta kanca kula sami
memuji Allah ing dinten puniki;
kula dipun diparingi
bingah linuwih,
bingah linuwih

(2) Asurak - surak kanca,
sami asuka-suka;
manganggé kang saé
sampun kirang sekaré
kang éndah - éndah
kang éndah - éndah

(3) Swawi anglembana
Allah Kang Mawilasa;
senadyan Ma-agung,
karsa miyarsakaken
pamuji kula
pamuji kula

(4) Anggunggung kawlasané
tuwin kamirahané;
punika etuké
sakéhing peparingé,
lan bingah kula
lan bingah kula

KPJ - 32. SWAWI SAMI MUJI ALLAH

32. SWAWI SAMI MUJI ALLAH

(1) Swawi sami muji Allah, Pangeran Mahawlas.
Kang tansah nglubérken berkah, Pangéran Mahawlas.
Rinten dalu datan kedhat, tansah njangkung mring pra umat.
Swawi muji Kang Murbéngrat, Pangéran Mahawlas.

(2) Tan males dosa duraka, Pengéran Mahawlas.
Nging ngegungken sih-apura, Pangeran Mahawlas.
Ngantos kang Putra kinasih kinurbanaken sinalib.
Swawi muji kanthi bingah, Pangéran Mahawlas.

(3) Swawi olah tresna tansah, Pangéran Mahawlas.
Pratandha sokur mring Allah, Pangéran Mahawlas.
Swawi gesang mursid yekti tinulungan Sang Roh Suci,
nulad ing tindaking Gusti, Pangéran Mahawlas.

KPJ - 31. SWAWI PRA SUCI NJAWIJI

31. SWAWI PRA SUCI NJAWIJI

(1) Swawi pra suci njawiji tunggal ati.
sami ngabekti memuji mring Gusti
Ajrih, sumelang, sedhih, lan kasangsaran
ginantos kabegjan sihing Pangéran

(2) Tansah ngidunga anggunggung Kang Murbéngrat,
ngétang mukjijat lan gunging sih-rahmat.
Lubéring berkah sing swargi tansah tumrah,
nyanyosakken manah, nyirnakken semplah.

(3) Di tansah ndedonga pasrah mring Sang Rama,
miwah rumantya nglawan mring panggodha.
Amrih saliring tyang kang samya nyipati,
dadya kepranan sami ndhérék Gusti.

KPJ - 30. SWAWI PRA KADANG

30. SWAWI PRA KADANG

(1) Swawi pra kadang, di samya agirang
Di sora-sora angalembanaa
mring Gusti kita kang Mahawilasa.

(2) Sihé Pangéran mring kita pra umat
tanpa wilangan wah tanpa kendhat
Yogya pinuji lan pinundhi-pundhi.

(3) Swaqi pra seci temen anglampahi
préntahing Gusti. Gusti prajanji
tansah nulungi srana Sang Roh Suci.

KPJ - 29. SUMANGGA SOWAN GUSTI

29. SUMANGGA SOWAN GUSTI 

(1) Sumangga sowan Gusti. Haléluya!
Srana kidung pamuji Haléluya!

(2) Tyang pracaya nyajiwi. Haléluya!
Ing tresna tulus yekti. Haléluya!

(3) Pujékna gung panggunggung. Haléluya!
Kidung konjuk Hyang Agung. Haléluya!

(4) Tilingna sabdéng Gusti. Haléluya!
Klawan pracaya yekti. Haléluya!

Rabu, 17 Januari 2018

KPJ - 27. SAKÈHING TITAH ING BUMI

27. SAKÈHING TITAH ING BUMI

(1) Sakèhing titah ing bumi padha giranga memuji,
Haléluya, haléluya!
Surya prakosa sumunar,
candra, kartika kababar.
Puji Gusti saben wanci.
Haléluya, haléluya, haléluya.

(2) Angin tan kendhat lumaku,
méga lan mendhung lumintu.
Haléluya, haléluya!
Hawa ketiga ngresepi,
mangsa rendheng kang gumanti.
Puji Gusti saben wanci.
Haléluya, haléluya, haléluya!

(3) Banyu bening resik murni
tambaning ngelak, ngeresiki.
Haléluya, haléluya!
Geni anget gawé girang,
panggah tur awéh pepadhang.
Puji Gusti saben wanci.
Haléluya, haléluya, haléluya

Minggu, 14 Januari 2018

KPJ - 26. PINUJI GUSTI

26. PINUJI GUSTI

(1) Pinuji Gusti kang nitahken jagad,
siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat.

Reff:
Haléluya, sagung puji tansah konjuk Gusti.
Haléluya, sagung bekti mring Ratu Swargi

(2) Pinuji Gusti Sang Jurubasuki,
kang ngurbanken sarira nebus manungsa.

Reff:
Haléluya, sagung puji tansah konjuk Gusti.
Haléluya, sagung bekti mring Ratu Swargi.

(3) Pinuji Gusti Allah Sang Roh Suci,
kang nuntun ing kraharjan wah kasampurnan.

Reff:
Haléluya, sagung puji tansah konjuk Gusti.
Haléluya, sagung bekti mring Ratu Swargi

KPJ - 25. PINUJI ALLAH

25. PINUJI ALLAH

(1) Pinuji Allah, Sang Rama kang nitahken jagad raya,
wah tansah ngupakara srana rendheng lan ketiga,
nuwunken panènan uga.
Samudaya tumata

(2) Pinuji Allah Sang Putra
kang nglanting sagung manungsa,
paring tentrem-raharja
sumrambah pra makluk wrata,
luwar sing pangrèhing dosa,
wus binirat sadonya

(3) Pinuja Sang Roh Suci,
yéku kang nganyarken ati
dados burus sayekti,
temah rukun mring sesami,
suka ngrimat alam ugi,
bawana dadya adi.

(4) Sang Rama sah Sang Putra
tetiga lan sang Roh Suci
yèku Allah sawiji.
Samukawisnya sampurna,
awit saking pakaryannya.
Mila yogya pinuja.

KPJ - 23. PUJI MRING ALLAH

23. PUJI MRING ALLAH

(1) Puji mring Allah, Pangèran Kang Mahawisèsa.
Muji ramya, binarung lan sawernining gangsa.
Pangidungnya klayan bungah ing manah, nggunggyng Gusti ning pratitah.

(2) Puji mring Allah kang sèstu adil pangrèhira,
ngreksa saklangkung gung sihnya mring tyang dosa,
tinebus temah waluya.

(3) Puji mring Allah kang sung tentrem-raharja nyata,
tansah ngganjar begja mring tyang kang sèstu pracaya,
dadya dilah, andel-andel satuhu.
Pujinen lan trusing kalbu!

KPJ - 22. PUJI KONJUK ALLAH RAMA

22. PUJI KONJUK ALLAH RAMA

(1) Puji konjuk Allah Rama, puji konjuk Sang Putra,
Puji konjuk Sang Roh Suci, tetiganya sawiji.
Halèluya! Halèluya! Tetiganya sawiji.

(2) Pinuji Ratuning swarga, Gustinè pra manungsa,
nggih Ratuning pasamuwan, Ratu sumbering gesang.
Halèluya! Halèluya! Ratu Sumbering gesang.

(3) Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat,
wah milujengken manungsa, krana gunging sih-rahmat.
Halèluya! Halèluya! Krana gunging sih-rahmat.

KPJ - 20. PANGÈRAN MAMULYA

20. PANGÈRAN MAMULYA

(1) Pangèran Mamulya yogya kula puja;
dènè agung kadarmannya kang sumtmbah mring kula.
Datan wonten wicalannya, tan kendhat lumintunya.
Pangèran Mamulya yogya pinuja.
Pengèran Mamulya yogya pinuja.

(2) Pangèran Mamulya yogya kula puja;
dènè karsa maringken Putranipun pribadya,
dinasosken Juruslamet miwah Pamarta kula.
Pangèran Mamulya yogya pinuja.
Pangèran Mamulya yogya pinuja.

(3) Pangèran Mamulya yogya puja;
dè tansah karsa malesaken sagung klepatan kula,
malah dipun sucèkaken sarta ingangkat putra.
Pangèran Mamulya yogya pinuja.
Pangèran Mamulya yogya pinuja.

KPJ - 19. PAMUJI KONJUK GUSTI

19. PAMUJI KONJUK GUSTI

(1) Pamuji konjuk Gusti kang nitahken jagad raya,
wit siyang dalah ratri tansah lubèr sih rahmatnya.
Nadyan ta jagad sirna , sihnya langgeng slaminya

(2) Pamuji konjuk Gusti nggih Allah Kang Mahamirah,
pra umat kang ngabekti tinuwukken klatan berkah,
salir ingkang pinanggya dados margining begja.

(3) Pamuji konjuk Gusti Kang Maluhur, Mahasuci,
kang nucèkken manungsa srana tinebus sing dosa,
wah tinuntun mring swargi, mrih kraharjan sejati.

KPJ - 18. NYAWAKU, PUJINEN ALLAH!

18. NYAWAKU, PUJINEN ALLAH!

(1) Nyawaku, pujinen Allah! Gusti mulyakna tansah!
Slawelasè sinungan umur, luhurna srana masmur!
Krana namung Pangèran, yekti tuling kraharjan.

(2) Andel-andel kang sejati sajuga, yèku Gusti.
Salir jalma tanpa daya, kwasanè ènggal sirna.
Tyang kang anyom mring Allah tansah rinoban berkah.

(3) Allah kang nitahken jagad, kasetyanè tan kendhat;
mbèla tyang kinaniaya, nulungi tyang sangsara,
njejegken kaadilan, ngluwari tyang ukuman.

(4) Pangèran Allah Maasih ngiyatken tyang ringkih,
mbombong tyang sisah manahnya, nyarasken tyang kang wuta.
Tyang mursid dèn kasihi wwh ngrukti tyang ketrini.

(5) Pengèran jumeneng raja, pangrèhè ing slaminya,
tan nègakken kang siniksa, gya nylametken umatnya.
Segunging tyang pracaya, ngidungna, "Halèluya!"

KPJ - 17. MUGI RAWUHA, DHUH GUSTI!

17. MUGI RAWUHA, DHUH GUSTI! 

(1) Mugi rawuha, dhuh Gusti!
Mugi rawuha, dhuh Gusti!
Mugi rawuha, dhuh Gusti!
Mugi rawuh, dhuh Gusti!

(2) Kula nyawiji, dhuh Gusti!
Kula nyawiji, dhuh Gusti!
Kula nyawiji, dhuh Gusti!
Kula sami nyawiji.

(3) Kula memuja, dhuh Gusti!
Kula memuja, dhuh Gusti!
Kula memuja, dhuh Gusti!
Kula sami memuja.

(4) Kula ndedonga, dhuh Allah!
Kula ndedonga, dhuh Allah!
Kula ndedonga, dhuh Allah!
Kula sami ndedonga.

(5) Kula sung sembah, dhuh Allah!
Kula sung sembah, dhuh Allah!
Kula sung sembah, dhuh Allah!
Kula sami sung sembah.

KPJ - 16. LANGIT TANSAH NYARIYOSKEN

16. LANGIT TANSAH NYARIYOSKEN 

(1) Langit tansah nyariosken kamulyanè Hyang Agung,
wah akasa mratèlakken yasaning astanipun.
Rinten dalu kendhat, wartanya ngèbei rat.

(2) Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan,
nging samangsa dèn tilengken tansah nggunggung Pangèran.
Paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi.

(3) Pangèran murbèng jagad-rat kng ngrimati pra titah.
Surya kang mlampah tan kendhat, nggih krana rèhing Allah.
Saliring kang dumadi nèlakken sihing Gusti.

(4) Mugi Gusti nggih karenan isining manah kula.
Gung panggunggung mring Pangèran, pangayoman sanyata.
Pinuja tan kendhat Panebusing pra umat.

KPJ - 15. KULA TUMENGA MRING GUSTI

15. KULA TUMENGA MRING GUSTI

(1) Kula tumenga mring Gusti
kang pinarak ing swarga,
kados mripatipun abdi,
mulat dhateng Gustinya.
Nggih mekaten mripat amba,
mandeng mring Gusti kula,
ajeng pitulungan,
ngadhang rentah ing sihnya.

(2) Mripat amba tansah mandeng
dhateng Allah kawula
kados abdi ingkang nyawang
mring astaning Gustinya,
sami ngadhang pitulungan
saking Kang Sinuwitan;
nggih makaten ingkang abdi
nyadhong piwlasing Gusti

KPJ - 14. KULA SAMYA TETUNGGILAN

14. KULA SAMYA TETUNGGILAN 

(1) Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangèran
wit sinungan kacekapan wah bagaskasarasan

Reff:
Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,
wit ing ayoming sihira sèstu tentrem raharja

(2) Kula rimoban ing begja rinten-dalu tan kendhat,
ing lelampahan prasaja dalah surna mukjijat

Reff:
Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,
wit ing ayoming sihira sèstu tentrem raharja

(3) Kula rinimat ing Gusti, sarta sagunging titah,
mangsa kang salih-gumanti, samukawis mung èndah

Reff:
Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,
wit ing ayoming sihira sèstu tentrem raharja

(4) Kawula nggih binerkahan lantaran mitra-kadang;
sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan

Reff:
Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,
wit ing ayoming sihira sèstu tentrem raharja

KPJ - 13. KULA SAMI SOWAN

13. KULA SAMI SOWAN 

(1) Kula sami sowan, kaparing anaka kyatan mundhi timbalan.
Mugi katedhakna pangwasaning Roh Paduka, nganthi kawula.
Wit pangrèh Paduka sestu andayani, temah kula kwawi nglampahi.

(2) Kula kasagedna ngundhangken sabda Paduka kalayan setya.
Ngungkurken kadonyan, nyelaki dhampar kaswargan sumber kaharjan.
Temah tyang sejagad, sagunging pra umat
ngluhuraken Kang Amengku Rat.

(3) Ingkang winartosken sageda manggih kraharjan wah katentreman.
Wit kwaos Paduka kawilujengan kawula; kula sung puja.
Mugi kapyarsakna pandonga kawula
Ing asma Sang Kristus. Amin.

KPJ - 12. (A) KAMI SAMI KEKEMPALAN

12. (A) KAMI SAMI KEKEMPALAN

(1) Kula sami kekempalan,
memuji dhateng Allah
Kang Mahaasih Mahawlas
mring sakèh ing tumitah

(2) Agung kanugrahanipun
dhumateng para umat.
Agung palimirmanipun
mring tiyang kang martobat.

(3)  Ngantos Kang Putra Kinasih
ingutus shateng donya,
ambabarken welas-asih,
sinungken mring manungsa

(4) Supados sawarninira
tetiyang kang pracaya
mring Kang Putra, datan sirna,
nging gesang salaminya

KPJ - 11. KULA NGATURKEN SEMBAH

11. KULA NGATURKEN SEMBAH

(1) Kula ngaturken sembah,
dhuh Pangèran Yèhuwah,
nggunggung asma Paduka
Kang Mahaluhur Mamulya;
Gusti ning makluk samya,
klayan bingah ing driya

(2) Dhuh, Sang Yèhuwah, Gusti
Paduka kula puji,
ing dalu dalah rina.
Agung sih kawlasanya,
lubèr berkah Paduka
tumrah mring titah wrata.

(3) Dhuh, Yèhuwah Pangèran,
kawula ngidung girang.
Wit sih-rahmat Paduka,
kula samya waluya,
luwar sing rèhing pati
sinungan gesang yekti.

KPJ - 10. HÈ WONG SALUMAHING BUMI

10. HÈ WONG SALUMAHING BUMI

(1) Hè wong salumahing bumi padha sumayaka memuji
lan ngabekti mring Allah kambi ngidung klawan bungah

(2) Hyang Ma'agung dèn anggepa Allah kang nitahken kita.
Kita umat kagunganè, sarta mènda ngèn-ngènanè.

(3) Mlebua mring gapuranya klawan muji lan pirena,
wah marang ing pasucènè, klawan anggunggung asmanè.

(4) Dè Pangèran asih-darma alanggeng sih-kadarmannya,
wah kasetyanè tan kendhat, tan gingsir trus ing akèrat.

KPJ - 8. HALÈLUYA

8. HALÈLUYA

(1) Halèluya Pangèran anèng papam pamujan,
pinujia asmanya, dalah anèng akasa.
Wit Gusti Allah Makwasa, kamulyannya Maadi,
ngungkuli samudaya, munggwèng swarga lan ing bumi.

(2) Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging kidung,
binarung salir gangsa wah kang mijilken swara.
Geguritan wah beksannya makluk kang darbè nyawa,
ngluhur Hyang Makwasa sru ngidungna Halèluya!

KPJ - 7. GUSTI, KAWULA SOWAN

7. GUSTI, KAWULA SOWAN 

(1) Gusti, kawula sowan atur pangabekti,
pasrahnya lan badan kanthi trusing ati.
Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman,
dimen kula lestantun wonten ing kaharjan.

(2) Kawula sèstu ngudi manug rèhing Gusti,
nanging ringkihing budi tansah memalangi.
Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta,
dadya gondhèlan bakuh, kula tan suwala.

(3) Kula sèstu pracaya tan ngandelken dhiri,
namung karsa Paduka kanv kula lampahi.
Karahayon sejati pangajap kawula,
sedya ngambah ing margi pitedah Paduka.

Penutup:
Amin

KPJ - 4. DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI

4. DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI

(1) Dhuh nyawaku, sira saosa puji mring Pangèran Allah kang Mahasuci.
Sabatinku ngulurna asmanè.
Dhuh nyawaku, Yèhuwah kamulyakna.
Aja lali sagug ing kadarmannya.
Èling ana sawiji - wijinè

(2) Pujinen kang ngapura dosanira, kang marasken sagung lelaranira,
nebus uripmu saking antaka; kang angerobi sira lan kawlasan,
kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomakè kekwatanira.

(3) Sepira langit angung kuli bumi, semono gunguing sihè Kang Masuci,
mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohè kulon saking timur,
iya sekono dènnya dosaningsun ingedohken saking awak amba.

KPJ - 3. ALLAH MBABARKEN KWASANYA

3. ALLAH MBABARKEN KWASANYA

(1) Allah mbabarken kwasanya, pra kang nglawan buyar sirna lir lilin kènging brama,
nging gung tyang mursid raharja, memuji lan sukarena, ngarsèng Allah Mamulya.
Pangèran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara,
ngluwari tiyang siniya, temahan ngraosken begja.
Dènè tyang wangkot mbalèla siniksa bebendunya.

(2) Allah mbèlani pra umat ngagem sarana mukjijat wah salir kang nèng jagad;
Pangèran ngrentahken berkah kang ngrimat sagunging titah, temah kraharjan anjrah.
Wit kadarmaning Pangèran, tyang tinendhes kaluwaran,
temah tan wonten panandhang ing rèhing Rati Kaswargan.
Dè para wadya-balanya, tyang nyebar kabar adya.

(3) Allah Ratu Kaadilan wus ngraosken pra adigang, temah kasurang - surang.
Nging tyang ringkih ingauban, pinaringan gung kabegjan, karoban karaharjan.
Gusti miji pasucènnya papan puruging manungsa,
kinèn samya angabekti konjuk mring Allah Hyang Widi.
Dalah kang swau mbalèla, nggih samya asung puja.

(4) Allah Juruslamet yekti ngentas pra umat sing pati, temah samya basuki.
Mila pra umat sabumi kedugi sami memuji, anggunggung maring Gusti.
Sèstu Allah Mahaluhur, yogya pinuji lan masmur,
Lestantuna nèng ngarsanya, wit mung Gusti Kang Makwasa,
yèku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.

KPJ - 2. ALLAH MAHASUCI

2. ALLAH MAHASUCI

(1) Allah Mahasuci, kula asung puji ing pangibadah puniki.
Angung kamulyanta, ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya.
Pinuji Hyang Widi, kang siyang lan ratri ngreksa lan ngtimati.

(2) Dhuh Allah Makwasa, kanthi trusing driya kawula nglangsani dosa.
Mugi angapunten sarta nucèkaken, temah gesang kula ayem.
Pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta.

(3) Dhuh Allah Mamirah, sru adrenging manah, kula sami nyadhong berkah.
Nggih sabda kang suci, sabdanipun Gusti, kang paring gesang sejati.
Pinuji Roh Suci kang ngènggalken budi, nilar gesang lami.

(4) Allah Mahaluhur, kula saos sukur, dalah pisungsung kang katur.
Bandha sarta badan miwah kasagedan, dadosa kurban kang gesang.
Pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekthi dhateng Gusti.

KPJ - 1. ALLAH IKU MAHAKWASA

1. ALLAH IKU MAHAKWASA

(1) Allah iku mahakwasa, kang nitahken lanjit bumi,
tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali kali.
Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji.

(2) Kang kepareng ngabyantara anèng Padeleman Suci,
kang resik tangan wah manahnya, tan natè dosa ing lathi.
Yèku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugèng janji.

(3) Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-ajrih yekti,
gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti.
Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi.

(4) Gapuraning Padeleman kangkata, mrih ombèr sèstu,
krana Sang Ratuning kamulyan kepareng yundak lumebu,
yeku Gustining kaswargan Kang Mahakwasa, Allahmu.