1. ALLAH IKU MAHAKWASA
(1) Allah iku mahakwasa, kang nitahken lanjit bumi,
tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali kali.
Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji.
(2) Kang kepareng ngabyantara anèng Padeleman Suci,
kang resik tangan wah manahnya, tan natè dosa ing lathi.
Yèku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugèng janji.
(3) Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-ajrih yekti,
gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti.
Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi.
(4) Gapuraning Padeleman kangkata, mrih ombèr sèstu,
krana Sang Ratuning kamulyan kepareng yundak lumebu,
yeku Gustining kaswargan Kang Mahakwasa, Allahmu.
KPJ - 1. ALLAH IKU MAHAKWASA
Januari 14, 2018 / in Kidung Pasamuwan Jawi, KPJ / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 93. SIH PADUKA GUSTI93. SIH PADUKA GUSTI (1) Sih Paduka Gusti, mugi tansah amelasi rina klawan wengi tansah kula anti. (2) Sih Paduka Gusti nyirnakken kwasaning pati, a… Read More
KPJ - 81. LAMUN ATIMU SUSAH81. LAMUN ATIMU SUSAH (1) Lamun atimu susah, mareka marang Allah! Allah paring pikekah angger sira apasrah (2) Lamun peteng atimu wah sumelang pikir… Read More
KPJ - 92. SÉSTU AGUNG SIHÉ GUSTI92. SÉSTU AGUNG SIHÉ GUSTI (1) Séstu agung sihé Gusti mring titah sabumi. Milujengaken tyang dosa, mrih manggih raharja (2) Sih-rahmat sihé Pangéran… Read More
KPJ - 90. RAMA PANGAYOMAN KULA90. RAMA PANGAYOMAN KULA Rama Pangayoman kula, sihkawelasan Paduka andamel manah ayem Sih kawelasan Paduka andamel manah ayem … Read More
KPJ - 98. WONG KANG KAMOMOTAN DOSA98. WONG KANG KAMOMOTAN DOSA (1) Wong kang kamomotan dosa, Gusti ungsénana. Agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya. Reff: Pracayaa, pracay… Read More
0 komentar:
Posting Komentar