Senin, 12 Februari 2018

KPJ - 211. YÈHUWAH PANGÈNKU

211. YÈHUWAH PANGÈNKU

(1) Yèhuwah Pangénku, aku rinimat;
wah dèn-plégungaké nèng pasuketané,
dèngiring mring toya ngenggon kang tentrem

(2) Nadyan ngambah jurang telenging pati,
kula tan sumelang, Gusti nganthi kula
Kakwatan Paduka, anglipur kawula

(3) Saèstu kabegjan miwah kadarman,
ngiring lampah kula, slami kula gesang
Kula badhé mamggèn ing Kraton Swarga

KPJ - 210. WONG NYENYEBAR ÉSUK LAN SORÉ

210. WONG NYENYEBAR ÉSUK LAN SORÉ

(1) Wong nyenyebarésuk lan soré,
wah nyenyebar rinalan wengi
Nyebar wit anom kongsi tuwa
nyebar nganti tumengkèng janji

Reff:
Lah kang ingundhuh apa?
Lah kang ingundhuh apa?
Nyebara rina, nyebara wengi,
sèkènga rosaa, ya nyebara
Apa sebarané wong nèng donya,
mesthi ingundhuh ing akératnya

(2) Ana kang sinebar nèng ratan,
ana uga kang nèng padhasan
Ana manèh kang anèng eri,
mung salong kang tibèng léléran

Reff:
Lah kang ingundhuh apa?
Lah kang ingundhuh apa?
Nyebara rina, nyebara wengi,
sèkènga rosaa, ya nyebara
Apa sebarané wong nèng donya,
mesthi ingundhuh ing akératnya

KPJ - 209. TIYANG KANG PRACAYA

209. TIYANG KANG PRACAYA

(1) Tiyang kang pracaya
mring Gusti tan was sumelang ing ati
Tatag-tanggon nglawan panggodha
awit Gusti kepareng ngreksa

Reff:
Amung ana telung kara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan
Akung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti; dé kang pinunjul yéku katresnan

(2) Panganti sumbering kakwatan,
nyinarkken uwas lan wedi
Sumingkir salir karuwetan
lamun Gusti kang dipun anti

Reff:
Amung ana telung kara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan
Akung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti; dé kang pinunjul yéku katresnan

(3) Gedhé-gedhéning sih-sutresna,
yèn rila ngurbanken nyawa
kanggo nglabuhi marang mitra;
yéku dhawuhé Gustinira

Reff:
Amung ana telung kara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan
Akung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti; dé kang pinunjul yéku katresnan

KPJ - 208. SIRA KANG MANDHEG-MANGU

208. SIRA KANG MANDHEG-MANGU

(1) Sira kang mandheg-mangu, Gusti nimbali
Tilingnata, sabdanya; Gusti nimbali
Padha mbangun turuta; tumemen ing pracaya;
gya rungokna sabdanya; Gusti nimbali

Reff:
Gusti dhawuh mring sira;
padha énggal mareka;
mara sami èstokna;
Gusti nimbali

(2) Hé, si kang kesrakat, Gusti nimbali
karsa paring sih-rahmat; Gusti nimbali
Sihnya tetep tan kendhat, dosanira rinuwat
Mara ta, ndhèrèk Gusti; Gusti nimbali

Reff:
Gusti dhawuh mring sira;
padha énggal mareka;
mara sami èstokna;
Gusti nimbali

(3) Lamun atimu susah; Gusti nimbali
Mareka, temah bebungah; Gusti nimbali
Sabdanya paring gesang, nuntun maring margi padhang
myang rahayuning budi; Gusti nimbali

Reff:
Gusti dhawuh mring sira;
padha énggal mareka;
mara sami èstokna;
Gusti nimbali

(4) Wong pracaya di bungah; Gusti nimbali
wit Gusti nunggil tansah; Gusti nimbali
Yèn kataman panggodha; dalah nandhang sangsara,
mara tetep ngabekti; Gusti nimbali

Reff:
Gusti dhawuh mring sira;
padha énggal mareka;
mara sami èstokna;
Gusti nimbali

KPJ - 207. SANYATA PANÈNÉ WUS GUMELAR

207. SANYATA PANÈNÉ WUS GUMELAR 

(1) Sanyata panèné wus gumelar,
mung sethithik padha nderepi
O, kanca, mara dèn kanthi bingar,
énggal padha rumangang ngenèni

Reff:
Gya tumandanga anderepi,
kangèlané dadi kabungahané
Gya rumaganga angenèni
émané sithik kang nindakaké

(2) Dhuh Pangèran kang kagungan panèn,
mugi Paduka karsa ndhawuhi
Kathah tiyang kang sami telatèn,
trampil, prigel, lan sengkut ngenèni

Reff:
Gya tumandanga anderepi,
kangèlané dadi kabungahané
Gya rumaganga angenèni
émané sithik kang nindakaké

KPJ - 206. SAIBA TA DÈNNYA GUSTI

206. SAIBA TA DÈNNYA GUSTI

(1) Saiba ta dènnya Gusti ngasihi dhateng manungsa,
ngantos tedhak maring donya, nglampahi papacintaka

(2) Malah nrimah dènsédani, tombok nyawa ngrembat dosa
lan siksanira manungsa, sinuprih lumebèng swarga

(3) Saiba dènnya ngasihu tyang kang nyédani sriranya,
dènsuwunken pangaksama maring Allah, Ingkang Rama

(4) Saiba dènnya ngasihi tyang durjana kang nalangsa,
nadyan nèng salin siniksa, mlebet Pirdus sanalika

(5) Saiba dènnya ngasihi dhateng kula, dhateng ndika,
dé tinebus klayan rahnua inguwalken saking siksa

KPJ - 205. SABDÈNG ALLAH MAKARTI

205. SABDÈNG ALLAH MAKARTI

(1) Sabdèng Allah makarti
wradin salumah bumi
Kita kang tinimbalan
tampi kawilujengan

(2) Sabdeng Allah Hyang Widi
ngrimat sagung sagung dumadi
nuntun srana nimbali tumrap
kang nyimpang margi

(3) Sabdèng Allah Kang Suci
lestari ngiwaosi,
ngantos jagad kang peteng
nampi pepadhang langgeng

(4) Gusti nulya ngandika,
"Menyanga tegalira,
panènira andadi, kang derep
tan nyukupi!"

(5) Panèn Paduka Gusti,
mbereg kula ngenèni
temah jagad warata
anampi sih Paduka

KPJ - 204. RANCANGNIRA DUDU RANCANGANINGSUN

204. RANCANGNIRA DUDU RANCANGANINGSUN 

(1) Rancanganira dudu rancanganingsun;
dalanira uga dulu marginingsun.
Pindha dhuwuring langit angungkuli bumi
Iya semono bédaning karepira lan kang sunèsthi

Reff:
Yéku sabdaning Allah.
Padha tilingna,
dimèn dadya sarana
tentrem ing uripira!

(2) Lir udan salju tumurun anèng bumi
tan bakal bali munggah mring asalnèki
Nging nyiram, nelesi bumi lan tetuwuhan
dadya sarana margining sndhang-pangan
kanggo manungsa

Reff:
Yéku sabdaning Allah.
Padha tilingna,
dimèn dadya sarana
tentrem ing uripira!

KPJ - 203. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNÉ

203. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNÉ

(1) Rahayu kang utama lakuné
ngambah dalaning préntahé Pangéran
Rahayu kang netepi dhawuhé; wong kang manut ing sapangrèhé Gusti
sarta tansah telatèn netepi sakarsané klawan éklasing ati

(2) Dhuh Gusti, punapa sarananya tyang nèm-nèman saged jujur ing lampah
kwjawi dipun rèh, mituruta sapangandika lan préntahing Allah?
Kawula sampun Paduka uja nyalèwèng nilar pepakèn Paduka

(3) Gusti mugi ngirid lampah kula manut-mituruta préntah Paduka
datan pegat salami-laminya; kula kaparingana manah padhang
Dhawuh Paduka kula èstokna klayan èklas lan gumolonging manah

(4) Sabda Paduka minangka dilah wonten ing ngajenging suku kawula
margi kawula tansah dèn padhangi; dhuh Gusti, kawula sampun supaos
Kawula tansah badhé netepi préntah Paduka klayan trus ing batos

KPJ - 202. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNÉ

202. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNÉ

(1) Rahayu kang utama lakuné
ngambah dalaning préntahé Pangéran
Rahayu kang netepo dhawuhé
Wong kang manut ing sapangrèhé Gusti,
sarta tansah telatèn netepi
sakarsané klawan éklas ing ati

(2) Gusti mugi ngirid lampah amba
Manut mituruta préntahing Gusti,
datan pegat salami-laminya
Kula kaparingana manah padhang
Dhawuh Paduka kula èstokna
klayan éklas lan gumolonging manah

(3) Dhuh Yéhuwah, wicanten kawula,
"Gusti punika panduman kawula,
déné kawula namung sumedya
badhé netepi sadhawuhing Gusti"
Gusti mugi maringi sih-mirma
dé panyuwun kawula kanthi éklas

KPJ - 201. MUNG SANG KRISTUS GUSTI

201. MUNG SANG KRISTUS GUSTI

(1) Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki
Wit sih-tresnanya mring manungsa,
ngantos korban sarira. Mila tyang pracaya
sinungan waluya wah tentrem raharja

(2) Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki
Sabdanira kebak pangwasa
mring sajagad warata
Tyang bekti wah setya
ing gesangira, kabegjan kang pinanggya

(3) Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki
Pangrèh wah panuntuning asta
damel tentreming driya.
Tyang ingkang pracaya
gesangnya sumarah,
tan rumaos semplah

KPJ - 200. MUGI WRADIN INGUNDHANGA

200. MUGI WRADIN INGUNDHANGA 

(1) Mugi wradin igundhangna sabdeng Allah mulya
Wah mrasuka ing wardaya sabdèng Allah mulya.
Sabdèng gesang langgeng yogya kula anggep

Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya
Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya

(2) Gusti nglairken mring kula, sabdèng Allah mulya;
tiyang dosa winartosan sabdèng Allah mulya
Tyang trenyuh ing driya sami anilingna

Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya
Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya

(3) Iba dènnya mbingahken tyas, sabdèng Allah mulya;
dé nglairaken sih-piwlas sabdèng Allah mulya;
nucèkaken jalma, nuntun dhateng swarga

Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya
Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya

KPJ - 199. MARA SIRA RUNGOKNA

199. MARA SIRA RUNGOKNA

(1) Mara sira rungokna swaranya
Kori thinothok cetha; tilingna!
Gusti kang arsa mlebu, mara énggal wengakna!
Ywa nganti gawé cuwa; wenganana!

(2) Mara sira rungokna swaranya.
Kori tinothok cetha; tilingna!
Aja padha semaya,
iku gawé sungkawa
Gusti ingkang angantya; wenganana!

(3) Mara sira rungokna swaranya
Kori tinothok cetha; tilingna!
Kang Suci, Gusti rena,
ngantos ngurbanken nyawa
Ingaturna pambagya; wenganana!

(4) Mira sira rungokna swaranya
Kori tinothok cetha; tilingna!
Yèn kepéngin anampi
katresnan, kabungahan
klayan katentreman; wenganana!

KPJ - 198. LAMPAHING GESANG PUNIKI

198. LAMPAHING GESANG PUNIKI

(1) Lampahing gesang puniki tan kalis ing pepalang,
nanging astanipun Gusti nuntun maring pepadhang
Kadya langit kalimputan mendhung kandel lan méga,
ing sasirnanira tamtu padhang njingglang sanyata

Reff:
Bibar jawah mijil kluwung,
mengku jamji prasetya;
sasisihing sisah ngantya
kluwunging sih Njeng Gusti

(2) Lamun prahara anrejang, peteng ndhedhet limengan
yakina trusing wardaya, dhatenging pitulungan
Rumentahing sihé Allah, cihnaning kawlasannya,
awit Gusti angandika, "Aja sumlang ing driya!"

Reff:
Bibar jawah mijil kluwung,
mengku jamji prasetya;
sasisihing sisah ngantya
kluwunging sih Njeng Gusti

(3) Aywa mangu miwah kwatir, nadyan peteng marginya,
dipun mantep ing pracaya, setya ing janjinira
Gusti Ingkang Matresna, yéku tuking pitulung;
nadyan sisah kumawasa, Gusti tansah anjangkung

Reff:
Bibar jawah mijil kluwung,
mengku jamji prasetya;
sasisihing sisah ngantya
kluwunging sih Njeng Gusti

KPJ - 197. KULA SAMPUN SIYAGA

197. KULA SAMPUN SIYAGA 

Kula sampun siyaga, Gusti;
sumadya nampèni sabda-mulya
Kula sujud manembah Gusti,
marak ngabyantara sapunika

Mugi Gusti maringi berkah
dhumateng kawula ing samangkya
Kawula sumawis manah
samekta ing gati

Sabda Paduka datan éwah
gingsir saking mula buka;
ugi sapunika wah salaminya
Sabda Paduka wonten gesang kula

Manah kula sampun siyaga
nampi sabda-mulya

KPJ - 195. KULA DATAN BADHÉ NRIMAH

195. KULA DATAN BADHÉ NRIMAH

(1) Kula datan badhé nrimah, datan badhé rila
pepadhang saking Yéhuwah tinampik prajalma.
Tan badhé sabdèng Allah pikekah kawula
sinrahken dhateng mengsah kang ambek-daksiya

(2) Sabdénv Allah gung piguna mring sepuh-anèma
Kang ringkih sinantosakken, lesah kiniyatken
Tyang kang wangkot ing manah nulya dados lembah;
samya dadya sembada wit sabdèng Kang Kwasa

(3) Ing manah kula sinerat sabdanipun Gusti,
mrih kula kanthi urmat setya ing prajanji
Sanadyan ardi goyah, jagad badhé sirna,
nging sabdaning Yéhuwah langgeng ing tyas kula

KPJ - 194. KITAB-SUCI KANG ADI

194. KITAB-SUCI KANG ADI

(1) Kitab-suci kang adi,
sabdèng Gusti sejati
éndah saklangkung éndah
nugraha saking Allah
nugraha saking Allah

(2) Lembar sabda Paduka
nuntun gesang kawula
dadya pedhang menjila
tamèng saking bebaya
tamèng saking bebaya

(3) Sabda lan Roh sung nglipur
nuwuhken raos sokur
Jinugarken kang nglawan
dadya pangéwan-éwan
dadya pangéwan-éwan

(4) Kitab-Suci kang adil,
sabdèng Gusti sejati
ngreksa wiwit cilikku
ngedohken siksa-pati
ngedohken siksa-pati

KPJ - 193. KADI WANITA ANÉNG PINGGIR SUMUR

193. KADI WANITA ANÉNG PINGGIR SUMUR

(1) Kadi wanita anéng pinggir sumur; ngono ngoronging nyawaku
Aku krungu Gusti ngandika, "Padha ngombéa banyuning urip!"

Reff:
Adhuh Gusti, kapeng paring
jejampi ngoronging wardaya
wah tetedhan, murih tuwuk ing nyawa,
kang njalari gesang énggal kula

(2) Tan winilang kang padha nganthi-anti nikmating urip néng donya;
nging sengara bisa nandhingi Yésus Gusti, yéku Sang Pamarta

Reff:
Adhuh Gusti, kapeng paring
jejampi ngoronging wardaya
wah tetedhan, murih tuwuk ing nyawa,
kang njalari gesang énggal kula

(3) Hé, pra kanca, aja nuruti harda mung mburu barang kang nglaha
Balik padha sowana Gusti di padha kanthi tulusing driya

Reff:
Adhuh Gusti, kapeng paring
jejampi ngoronging wardaya
wah tetedhan, murih tuwuk ing nyawa,
kang njalari gesang énggal kula

KPJ - 192. ISING KABAR KABINGAHAN

192. ISING KABAR KABINGAHAN

(1) Isining kabar kabingahan, winangsitken déning Pangèran,
dadya srana paring piwulang matgining kautaman

Reff:
Dimen tyang pitados tansah arumantos
mbangun turut Gusti, nresnani sesami

(2) Tyang lepat winelèhken samya déning sabdaning Kang Makwasa;
tyang dosa kang samya mratobat anempeni sih-rahmat

Reff:
Dimen tyang pitados tansah arumantos
mbangun turut Gusti, nresnani sesami

(3) Tyang sisah pinaringan lipur yèn nampi sabdèng Kang Maluhur
Tyang ringkih pinaringan kiyat, kasinungan sih-rahmat

Reff:
Dimen tyang pitados tansah arumantos
mbangun turut Gusti, nresnani sesami

KPJ - 191. GUSTI YÉSUS PANGÉN SETYA

191. GUSTI YÉSUS PANGÉN SETYA

(1) Gusti Yésus Pangén setya pindha parang santosa
Sadaya ingkang pracaya dimèn sami ngayoma

Reff:
Gustiku makwasa, yéku Pangén setya.
Gustiku kang kwasa pindha parang santosa

(2) Piandelé kang mgabekti namung asmané Gusti,
Jroning sangsara ginodha, panggah tatag ing driya

Reff:
Gustiku makwasa, yéku Pangén setya.
Gustiku kang kwasa pindha parang santosa

(3) Asmané Sang Kristus Gusti mbereg dhemen leladi,
mrih gesang tentrem ing donya tansah rinoban sihnya

Reff:
Gustiku makwasa, yéku Pangén setya.
Gustiku kang kwasa pindha parang santosa

(4) Undhangna asmané Gusti ing salumahing bumi,
amrih ingkang winartosan nampi sih-katentreman

Reff:
Gustiku makwasa, yéku Pangén setya.
Gustiku kang kwasa pindha parang santosa

KPJ - 190. GUSTI SANG JURU TAMAN

190. GUSTI SANG JURU TAMAN

(1) Gusti, Sang Juru Taman, rawuh ing tamannya;
langkung sekel ing galih, mirsani sekarnya.
Sadaya sami alum wit déning kasatan;
pucukira tumungkul margi kepanasan
pucukira tumungkul margi kepanasan

(2) "Kok éman puspaningsun, ora wurung mati;
nggoningsun luru wadhah kanggo nyiram ngendi?"
Saweg nabda makaten Gusti amrangguli
wadhah grabah kang kothong
gumlethak ing siti, gumlethak ing siti

(3) Sabdanya Juru Taman, "Kabeneran temen
iki kok ana wadhah cilik nanging sedheng
nadyan amung grabah nanging cepak nggoné;
Mara sun-agemé, mara sun-agemé

KPJ - 189. GUSTI ALLAH PANGAYOM SETYA

189. GUSTI ALLAH PANGAYOM SETYA

(1) Gusti Allah Pangayom Setya,
tansah ngrimati umatnya.
Lir pangon rumeksa méndanya
Mula arum ngandikanya
"Ora bakal Aku téga,
tan bakal nilar mring sira."

(2) Mula kita mosik ing ati,
"Aku bakal ora wedi,
awit Gusti Kang Mahasetya
datan téga nilar kita."
Manungsa bisané apa,
katandhing Allah Makwasa

(3) Payo para sagunging titah
padha ngabekti mring Allah
Datan bakal sira kagelan,
Gusti paring katentreman
Pangèran tan bakal cidra,
rumeksa ing salamanya

KPJ - 188. BIYÈN NGLIRWAKAKÉ

188. BIYÈN NGLIRWAKAKÉ

(1) Biyèn nglirwakaké sabdaning Gusti
mung karepé dhéwé kang dènturuti
samangké mratobat nyandhong sih-rahmat
urip sumarah ing karsaning Allah

Reff:
Mula payo énggal di padha gumrégah!
Mrih sajagad wrata ngluhurken Allah.

(2) Biyèn tansah mélik bandha kadonyan,
samangké ngupadi bandha kaswargan.
Kanthi anoraga gondhélan Gusti,
dadya tatag, kendel labuh sesami

Reff:
Mula payo énggal di padha gumrégah!
Mrih sajagad wrata ngluhurken Allah.

(3) Biyèn dhemen cidra, gawé cilaka,
datan nggapé maring haké wong liya
Mangkya setya remen ulah katresnan
ngajèni sesami jroning bebrayan

Reff:
Mula payo énggal di padha gumrégah!
Mrih sajagad wrata ngluhurken Allah.

Coda:
Mrih sajagad wrata ngluhurken Allah

KPJ - 187. ANA SABAWA GUMRUBYUG

187. ANA SABAWA GUMRUBYUG

(1) Ana sabawa gumrubyug, wit wong golongan kumrubut
Gumrudug dènnya peplayon,
"Apa baya,kang tininton?"
Ana kang gupuh sumambung,
"Yesus Nasarani kang langkung."
Ana kang gupuh sumambung,
"Yesus Nasari kang langkung."

(2) Yésus yéku Sang Pamarta, kang tumedhak saking swarga
Mundhi dhawuhé Sang Rama, mitulungi wong cilaka
Kang pracaya trusing kalbu; mesthi dènwelasi satuhu
Kang pracaya trusing kalbu; mesthi dènwelasi satuhu

(3) Wong lara saka ngendika, kang marek samya waluya
Wong picak agya andulu, kang lumpuh nulya lumaku
Mula payo ndhèrèk Gusti, Sang Juruslamet kang sejati
Mula payo ndhèrèk Gusti, Sang Juruslamet kang sejati

KPJ - 186. URIP KANG SAMESTHINÉ

186. URIP KANG SAMESTHINÉ

(1) Urip kang samesthiné, lamun tansah ngucap sokur
Nèng ngarsané Sang Kristus, tan pantes takabur

Reff:
Jroning susah lan bungah
sadhéngah kaanan
Aku angidung memuji sokur,
yéku karsaNya!

(2) Nadyan prahara nempuh sarta ombak anyempyuh,
aku trus muji sokur, konjuk mring Gustiku

Reff:
Jroning susah lan bungah
sadhéngah kaanan
Aku angidung memuji sokur,
yéku karsaNya!

(3) Kanggo apa uripmu, lamun tanpa ngucap sokur?
Kristus dadya Panebus, pasrah kanthi tulus

Reff:
Jroning susah lan bungah
sadhéngah kaanan
Aku angidung memuji sokur,
yéku karsaNya!

(4) Dhuh Gusti mugi rena nampi atur kawula
Roh Suci anunggila, nuntun ing samarga

Reff:
Jroning susah lan bungah
sadhéngah kaanan
Aku angidung memuji sokur,
yéku karsaNya!

KPJ - 185. SUMARAH MRING ALLAH

185. SUMARAH MRING ALLAH 

(1) Sumarah mring Allah jiwa raga
rineksa astanya tansah begja.
Yèn rinoban sisah manah datan lesah
Sinung kakiyatan sing Pangèran,
Sinung kakiyatan sing Pangèran,

(2) Sumarah mring Allah jiwa-raga
mbangun-turut Gusti trusing ati
Yèn ginodha dosa binunjuk duraka,
kekah sarta setya ing pracaya
kekah sarta setya ing pracaya

(3) Sumarah mring Allah jiwa-raga,
rinoban ing berkah ayem nyata.
Yèn nyanggi momotan dalasan panandhang,
mesthi dèn luwati déning Gusti
mesthi dèn luwati déning Gusti

(4) Sumarah mring Allah jiwa-raga,
rinimat, rineksa ing sih-mirma
Yèn ingarah pati wit bebener yekti,
mantep dugèng janji Gusti nganthi
mantep dugèng janji Gusti nganthi

(5) Sumarah mring Allah jiwa-raga,
tinuntun ing sabda dugèng swarga
Yèn wonten bilai wah miris ing ati,
sinung lipur yekti sing Roh Suci
sinung lipur yekti sing Roh Suci

KPJ - 184. SUKUR AKANTHI TULUS

184. SUKUR AKANTHI TULUS

Sukur akanthi tulus
Sukur Kang Mahasuci
Sukur rahmat kang agung,
Panebus kita

Sukur akanthi tulus
Sukur Kang Mahasuci
Sukur rahmat kang agung,
Panebus kita

Mangkya kang ringkih
dadya rosa;
kang miskin
dadya sugih.
Sihé Gusti dadya
nyata, yekti

Mangkya kang ringkih
dadya rosa;
kang miskin
dadya sugih.
Sihé Gusti dadya
nyata, yekti
Sukur!

KPJ - 182. PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG

182. PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG 

(1) Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Maagung,
kang nitahken jagad raya wah ngreksa kanthi setya.
Makluk wrata rinimatan krana sihing Pangèran.
Jagad tentrem lan raharja, lamun manut pangrèhnya.

(2) Surya, candra, lan pra lintang samya nyunarken padhang.
Peksi ngocèh mawurahan wah sato-kèwan girang.
Teruwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan.
Sadaya sami memuja mring Allah Kang Makwasa.

(3) Puji sokur lan panuwun konjuk Allah Mamulya,
kang sampun pating pitulung mring pra manungsa dosa.
Kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati,
saèstu manggya raharja, mulya langgeng ing swargi

KPJ - 181. PUJI SOKUR KONJUK GUSTI

181. PUJI SOKUR KONJUK GUSTI

(1) Puji sokur konjuk Gusti, wit sih rahmat Paduka;
datan kendhat angasihi, cihnaning kawlasanta
Sokur paringing pakaryan, nadyan badamba ringkih;
sokur déné kadang mitra tansah anandukken sih.

(2) Sokur, déné sesekaran, sedhep, éndah ing warni;
sokur méga ngantariksa, miwah surya ndadari.
Sokur krana bingah-sisah, Gusti tansah rumeksa;
awit Paduka kang tansah nuntun lampah kawula.

(3) Sokur, wit brayat kawula rukun samya sinihan;
sokur déné pasamuwan nuwuhken katentreman.
Sokur, krana wancinira bingah utawi sisah;
sokur dé gesang kawula nèng pamengkuning Allah.

KPJ - 180. PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI

180. PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI

(1) Pisungsung konjuk mring Gusti datan mung prasedasan
wit berkahnya siyangratri lumintu tan wilangan
Sawarnining kang pengaji kaaturna mring Pangèran

(2) Misungsung kang trus ing ati karenan ngarsèng Gusti,
dados srana peladosan tumraping pasamuwan;
mbabarken katroning Allah, rinaosken ing akathah

(3) Nulad randha miskin-papa kang loma misungsungnya;
sedaya kang dèn darbèni sinaosken mring Gusti
Mangkono padha tindakna kanthi éklas trus ing driya

KPJ - 179. PISUNGSUNG KAGEM GUSTI

179. PISUNGSUNG KAGEM GUSTI

(1) Pisungsung kahem Gusti, sinaosken klayan bingah;
tan owel miwah kapeksa, nging kanthi éklasing manah
Yèn kumed kang sinebar, nggih kumed pangundhuhnya;
yèn loma kang sinebar, nggih loma pangundhuhnya

Reff:
Kula sami memuji mring Allah Kang Mamirah;
srana panambut kardi, saged nampèni berkah
Kula mboten was-sumelang ing sadhéngah kabetahan,
yèn pitados mring Gusti, mesthi datan kekirangan

(2) Pisungsung kagem Gusti, tan namung bandha kadonyan;
ugi raga-badan kita, dadosa korban kang gesang.
Nindakken karsèng Allah, nggih ibadah sejati;
tan kéntir ombyaking jaman, nging manut pangrèhé Gusti.

Reff:
Kula sami memuji mring Allah Kang Mamirah;
srana panambut kardi, saged nampèni berkah
Kula mboten was-sumelang ing sadhéngah kabetahan,
yèn pitados mring Gusti, mesthi datan kekirangan

KPJ - 178a. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI

178a. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI

(1) Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati
Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sih-rahmat
Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya,
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya

(2) Pasrah-sumarah mring Gusti, mrih ayem-tentrem ing ati.
Bungah-susah, sugih-mlarat memuji Allah tan kendhat.
Udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya,
temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti

(3) Pasrah-sumarah mring Gusti, Parang Pangungsèn sejati.
Lamun tinempuh prahara, Gusti nyantosakken sira.
Waspadakna mukjijatnya ing prakara gung wah prasaja
Kang wedi-asih lan setya winuwuhan berkah ing swarga

KPJ - 177. PARA MANUK ORA TAU ANYEBAR

177. PARA MANUK ORA TAU ANYEBAR

(1) Para manuk ora tau anyebar,
ngenèni utawa nandho andhungan,
éwadéné Ramamu sing Suwarga,
ngingoni pra manuk sadinadina

(2) Lan manèh kembang kang ana ing bumi
ya tan nyambut gawé lan ora ngantih;
'wadéné Sang Prabu agem-agemé,
isih kongkulan kembang busanané.

(3) Kang iku sabdané Gusti Panutan,
"Sira, sekabatku aja sumelang
mungguh ing panguripanira; sira
dahat ngungkuli manuk lan puspa"

KPJ - 176. PADHA SAOSA PUJI SOKUR

176. PADHA SAOSA PUJI SOKUR

(1) Padha saosa puji sokur marang Allah Kang Maluhur;
wulang bab asmané suci, dèn-gelarna anèng bumi.
Pangwasané disuwurna, anèng tengahé prabangsa

(2) Padha saosana panuji klawan masmur lan kidung suci,
mukjijaté caritakna marang sakèhing manungsa
Padha luhurna asmanya klawan panabuhing gangsa

(3) Abungaha wong kang ngupaya pangayunané Kang Makwasa,
padha anitik-nitika mungguh kwasané Pangèran
Ngupayaa wedanané, élinga mring mukjijaté

(4) Yèhuwah ngèngeti sabdané lan prasetyané mring abdiné,
kalawan bungah umaté dènirid dhateng tanahé;
supaya anetepana lan ngèstokna pranatannya

KPJ - 175. NÈNG GUNUNG WAH NÈNG NGARÉ

175. NÈNG GUNUNG WAH NÈNG NGARÉ

(1) Nèng gunung wag nèng ngaré, Gusti Allah ana
Nyanga ngendi paranku, mesthi ana uga.
Endi kang dadi cipta lan osiking ati,
kabèh mesthi kapirsan ing Allah Hyang Widi

(2) Sang Rama anèng swarga mengku samubarang
Sing sapa kung kumandel mesthi tinulungan
Manuk ing awang-awang, Allah kang ngingoni,
Suket, lan thethukulan, wrata dènpaèsi

(3) Bumi dalasan swarga wengkoné Pangèran
Jasad gedhe-cilika, Allah tan klimengan
Saliring kang tumitah sajagad warata
tansah anélakaké piwlas lan kwasanya

(4) Dhuh nyawaku dèn ayem, tansah kumandela
Nèng kanan lan kéringmu, Rama Allah ana.
Lamun kabotan susah, tininggal ing sanak
dalah yèn dugèng janji, Allah mesthi celak.

KPJ - 173. MARA DHA ATURNA PISUNGSUNGMU

173. MARA DHA ATURNA PISUNGSUNGMU

(1) Mara dha aturna pisungsungmu
ing papan kang piniji;
muga dadu kaparengé Gusti;
minangka pangabektimu

(2) Kalawan ati bungah menuhi,
ing papan kang piniji;
muga dadi kaperengé Gusti;
mundhut kembanging atimu

(3) Ngaturna klawan éklasing ati,
ing papan kang piniji;
mugi dadi lan renané Gusti;
nampeni pangabektimu

Solo:
Mangkya singkirna was-sumelangmu,
ginanti gumbiraning atimu;
rinengga niyat kang warna-warni,
pindha puspita megar nglam-lami

KPJ - 172. MANUNGSA NANEM WIJI

172. MANUNGSA NANEM WIJI

(1) Manungsa nanem wiji taberi ngrimati,
nging tawuh miwah suburnya Allah kang mberkahi.
Pangèran pating jawah lan sunarung surya,
temah mbiyet wohira kathah tan kinira

Reff:
Sagung kang prayogi nugrahaning Gusti.
Mila sumangga memuji kanthi trusing ati

(2) Saliring kang cinipta agal wah alusa,
ardi gung muwah samodra sarta wanawasa,
datan kalirwakaken wus tamtu rinimat
Tedha kula lumintu, mboten naté kendhat

Reff:
Sagung kang prayogi nugrahaning Gusti.
Mila sumangga memuji kanthi trusing ati

(3) Atur panuwun kula konjuk mring Sang Rama
dé sampun paring nugraha sandhang miwah tedha
datan saged winical krana kathahira
Pinujia Sang Rama Mamirah wah loma

Reff:
Sagung kang prayogi nugrahaning Gusti.
Mila sumangga memuji kanthi trusing ati

KPJ - 171. MANGGA SAOS PISUNGSUNG

171. MANGGA SAOS PISUNGSUNG 

(1) Mangga saos pisungsung mring Allah Maagung
krana gunging sih rahmat kang lubèr tan kendhat

(2) Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun,
dé gesang tansah begja wit Allah kang nuntun

(3) Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti,
bludaging kabingahan wit berkah tan sepi

(4) Saos pisungsung kathah cacahnya tan timbang,
lan gung berkahing Allah tan kénging winilang

KPJ - 170. LUBÈRING BERKAH ING GUSTI

170. LUBÈRING BERKAH ING GUSTI

(1) Lubèring berkah ing Gusti, yéku prajanji suci;
urip mulya anèng swarga, pinaringken Sang Putra

Reff:
Berkahing Gusti, iku dakanti-anti,
sayogya tansah tinampi klayan tulus ing ati

(2) Lubèring berkah sing Gusti, dadya seger uripku;
saka gunung miwah lembah, lir grojogan keprungu,

Reff:
Berkahing Gusti, iku dak-anti-anti,
sayogya tansah tinampi klayan tulus ing ati

(3) Lubèring berkah sing Gusti, iku daksesuwun;
"Aparinga lubèr agung, maring umat sadarum!"

Reff:
Berkahing Gusti, iku dak-anti-anti,
sayogya tansah tinampi klayan tulus ing ati

(4) Lubèring berkah sing Gusti, iku kang kita anti;
atiku tansah binuka, diénggal kaparingna!

Reff:
Berkahing Gusti, iku dak-anti-anti,
sayogya tansah tinampi klayan tulus ing ati

KPJ - 169. LAMUN KAWULA

169. LAMUN KAWULA

(1) Lamun kawula, dhuh Rama, darbé atur panyuwun,
mugi kula nggih sageda nrimah sakarsanipun.
Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula,
mung karsèng Rama pribadya kang tansah binabarna."

(2) Sagung peparingé Allah saèstu mumpangati;
mila kula tansah nrimah, sarta kanthi pamuji.
Lir pandonganipun Gusti, " Ywa pikajeng kawula,
mung karsèng Rama pribadya kang tansah binabarna."

(3) Mung katresnaning Pangéran dados tuking panglipur;
mila sisah, karibedan, aturna Kang Maluhur.
Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula,
mung karsèng Rama pribadya kang tansah binabarna."

KPJ - 168. LAH TA PADHA MAWASA

168. LAH TA PADHA MAWASA 

(1) Lan ta padha mawasa kembang nèng ara-ara;
tan angantih tan nenun, sèstu éndah warnanya.
Sapa ta kang akarya myang maringi busana?
Dé éndah munjuli, dé éndah munjuli

(2) Gusti wus ngandika,"Sun kinacèk lan puspa;
myang saliring dumadi, ingkang gumlar nèng donya,
smana nggènnya ngrimati, tan pisan ngucuwani".
Méndah tumrap kula, méndah tumrap kula!

(3) Héh, nyawaku ja kwatir tumrap sandhang lan tedha,
Allahmu tan mubadir, wah gung sihé mring kita.
Jroning sedhih myang susah, suméndhéa mring Allah;
tamtu sinung ayem, tamtu sinung ayem

KPJ - 167. KULA TANSAH NGRAOSKEN BINGAH

167. KULA TANSAH NGRAOSKEN BINGAH

(1) Kula tansah ngraosken bingah, sih kami rahaning Allah
ngganjar wilujeng dhateng kula lantaran kurbaning Sang Putra
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektiné gesang kula namung krana lubèring sih-rahmatnya

(2) Kula tansah maggih kabegjan wit kariban ing kamirahan
saliring kabetahan kula kacekapan ing wancinira
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektiné gesang kula namung krana lubèring sih-rahmatnya

(3) Kula sinungan kasarasan krana sih-mirmaming Pangéran
temahan saged nambut kardi margining pikantuk rejeki
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung
wit yektiné gesang kula namung krana lubèring sih-rahmatnya

KPJ - 166. KULA NGATURKEN SEMBAH BEKTI

166. KULA NGATURKEN SEMBAH BEKTI

(1) Kula ngatuken sembah bekti,
dé Gusti tansah mberkahi
nggèn kula tansah nambut kardi
kanthi temen lan taberi
Abot-ènthèng datan ngersula,
lelados kang trusing driya
berkah rejeki sing Maluhur
tinampi lan puji sokur

(2) Kula sumarah mring Pangéran
kang maringi pangayoman,
dadosa dalu lelimengan
punapa padhang rembulan
Satangi kula saking tilem,
manah sakalangkung tentrem.
Kula saged ngaso sakéca,
wit astané Gusti ngreksa

(3) Kula memuji datan kendhat
mring sihé Allah murbèngrat
Wanci énjing surya sumunar
mulyaning alam ginelar
Tetuwuhan wah sato-kéwan
marwani ngebaki bumi
Gya kawula gumrégah tangi
nindakken karsaning Gusti

KPJ - 165. KONJUK MRING KANG MAAGUNG

165. KONJUK MRING KANG MAAGUNG

(1) Konjuk mring Kang Maagung, kula saos pisungsung;
cihnaning bungah ing manah, wit berkahing Allah;
sumengka wah sineng-kera, lan temen rineksa,
dadya srana munpangati, mrih kamulyaning Gusti

(2) Konjuk Allah Kang Maluhur kawula saos sokur,
kababaring raos urmat wit tansah rinimat,
dalah gesang kula mugi kagem déning Gusti,
dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah

(3) Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah,
tandha ajrih-asih kula wit gung sih-rahmatnya.
Mugi Gusti nggih karenan, temah binerkahan,
dadya margi Katroning Allah binabar nèng bumi.

KPJ - 163. KAWULA BOMBONG

163. KAWULA BOMBONG

Kawula bombong, Gusti, darbé Allah kadi Paduka
Sèstu kawula bombong, krana lelabetan Paduka

Kawula kedugi uwal saking Paduka;
sih Paduka milujengken, mengku pengajeng-ajeng

Mangkya kula aturken ingkang kawula gadhahi
nadyan tan timbang klayan berkah ingkang Paduka paringken

Nanging kula sumedya ngaturken kalayan legawa,
jer punika sadaya damel rena Paduka

KPJ - 162. KATUR NGARSA PADUKA, GUSTI

162. KATUR NGARSA PADUKA, GUSTI

(1) Katur ngarsa Paduka, Gusti sawetah-ing gesang kula
Jiwa lan raga kula mugi aso nèng asta Paduka
Manah kula tansah lipura, sumaos mring Kang Mahakwasa

(2) Srana Gusti kawula Yésus, Paduka paring Panebus
Tresna miwah suka-pirena Paduka srahken mring kula
Lamun tiyang purun ngakeni, Paduka tansah dipun lari

(3) Katresnanta Paduka, Gusti wonten ing Yesus kawedhar
Kual pasrah kang trusing ati, sumarah kalayan lejar
Kula sèstu rumaos begja linubèran rahmat Paduka

Coda
Amin

KPJ - 161. JIWA-RAGA KAWULA

161. JIWA-RAGA KAWULA

(1) Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta,
mugi dados lantaran kamulyaning Pangéran,
kamulyaning Pangéran

(2) Tangan-suku kawula nindakken pakaryannya,
mrih sesami baduki, nampèni sihing Gusti
nampèni sihing Gusti

(3) Dalan kedaling ilat nggih ngundhangken sih-rahmat,
temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji,
datan kendhat pinuji

(4) Bandha lan kasugihan, wekdal, wah kasagedan,
nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata,
dadya pisungsung nyata

KPJ - 160. GUSTI, KAWULA NGATURKEN BADAN-NYAWA


160. GUSTI, KAWULA NGATURKEN BADAN-NYAWA

(1) Gusti, kawula ngaturken
badan-nyawa kawula
sumangga Paduka agem
kawula kagunganta

Reff:
Bingah sisah-a kula
marem nunggil Paduka,
dhuh Gusti purbèng tresna,
kula pasrah Paduka

(2) Datan wonten andel-andel
namung Paduka Gusti
mila kawula kumandel
pasrah kang trus ing ati

Reff:
Bingah sisah-a kula
marem nunggil Paduka,
dhuh Gusti purbèng tresna,
kula pasrah Paduka

(3) Raja brana, kasugihan,
dalasan kasagedan,
kagema dados lantaran
babaring kabingahan

Reff:
Bingah sisah-a kula
marem nunggil Paduka,
dhuh Gusti purbèng tresna,
kula pasrah Paduka

KPJ - 159. GESANG KAWULA

159. GESANG KAWULA

(1) Gesang kawula, Gusti
lumados mring Paduka
Saben kula makarti,
Paduka kang makarya

(2) Mobah-mosiing driya
wah pangangkah kawula,
mrih prayogining lampah,
mbabarna karsèng Allah

(3) Kedaling ilat kula,
solah-bawa trapsila,
namung tansah nélakna
sagunging sih Paduka

(4) Bandha lan kasagedan
katur minangka kurban,
cihnaning pangabekti
sinaosken mring Gusti

(5) Gesang ing sawetahnya
Paduka kang kagungan
Gusti jumeneng raja
ngantos dugèng wekasan

KPJ - 158. DITANSAH PADHA BEBUNGAH

158. DITANSAH PADHA BEBUNGAH 

(1) Ditansah padha bebungah-a
nampèni kabegjan swarga,
karana kita wong dosa
ingentas saking antaka

Reff:
Tansah bungah ing
patunggilané Gusti
tansah bungah,
wit sinung gesang sejati

(2) Tansah ula kebecikan
dhemen awèh pitulungan
yéku pratandhaning sokur
mring sihing Allah Maluhur

Reff:
Tansah bungah ing
patunggilané Gusti
tansah bungah,
wit sinung gesang sejati

(3) Di tansah mantep pracaya
tan was-sumelang ing ati
Tegen nyenyuwun, ndedonga,
pasrah, wit Gustimu nganthi

Reff:
Tansah bungah ing
patunggilané Gusti
tansah bungah,
wit sinung gesang sejati

(4) Di tansah padha bebungaha,
wit antuk tentrem-raharja
Gustimu ngreksa slamanya
saparan lakunira

Reff:
Tansah bungah ing
patunggilané Gusti
tansah bungah,
wit sinung gesang sejati

KPJ - 157. CAOSNA PASUNGSUNGMU

157. CAOSNA PASUNGSUNGMU

(1) Caosna pisungsungmu anéng pasamuwan
klayan lilaning ati, klawan legawa
Aturna pisungsungmu kanthi sukarena

Reff:
Caosna pisungsungmu
dadya cihnaning bungah
minangka panuwunmu,
wit sih-ing Allah

(2) Kamirahing Gusti tanpa tinandhingan
sarana samubarang saisining bumi,
jer sih-rahmating Gusti tansah binabar

Reff:
Caosna pisungsungmu
dadya cihnaning bungah
minangka panuwunmu,
wit sih-ing Allah

(3) Pisungsung kagem Gusti dadia sarana
amrih kratoning Allah énggal kelampah
Tentrem miwah rahayu, Gusti kang paring

Reff:
Caosna pisungsungmu
dadya cihnaning bungah
minangka panuwunmu,
wit sih-ing Allah

KPJ - 156. ALON SANG SURYA GUMIWANG

156. ALON SANG SURYA GUMIWANG

(1) Alon sang surya gumiwang, candhik-ayu memayu
Kita antuk pangasoan kanthi tentrem rahayu

Reff:
Tilingna swara manis ing gentha
pandonga sokur padha aturna
Hé, gentha, ngumandhanga
dadya sanguning néndra

(2) Sang ratri nglimputi bumi abyor cahyèng kartika
nelahi nyunarken asma Pamarta Gusti kita

Reff:
Tilingna swara manis ing gentha
pandonga sokur padha aturna
Hé, gentha, ngumandhanga
dadya sanguning néndra

(3) Kasugengan duk ing ratri ngambaraken rum-wangi
rèrèh sing bot kang kasanggi ayom ing sihing Gusti

Reff:
Tilingna swara manis ing gentha
pandonga sokur padha aturna
Hé, gentha, ngumandhanga
dadya sanguning néndra

KPJ - 155. AKU TAN NATÉ MANGERTI

155. AKU TAN NATÉ MANGERTI

(1) Aku tan naté mangerti kapan begja cilaka,
mung tansah pasrah mring Gusti, yéku Pamarta setya
Mantep pracaya ing ati manut rèh lan sabdanya
Tinuntun dumugèng janji mring kasampurnan swarga

(2) Aku asring tan mangerti karsèng Allah Makwasa
Donga panyuwuning ati tan kajurungan mulya
Nging yektiné, Gusti nganthi; astanya tansah  ngreksa
Dé panuntuning Roh Suci, aurna pangrèhing dosa

(3) Uripku ing pangrèhé Gusti, tan ana pangrèh liya
Kasarasan lan rejeki, wuwuhing sih-nugraha
Rancangan tinata tliti, pratandhaning sutresna
Aku tan kwatir, tan wedi, mug begja kang pinanggya

KPJ - 154. ADRENGING TYAS KULA

154. ADRENGING TYAS KULA

(1) Adrenging tyas kula, ngaturken panuwun Gusti
Paduka ngasihi, kula kagunganta

Reff:
Mung punika Gusti, pisungsung kula
sawetahing gesang, jiwa lan raga
wit kula tan darbé bandha kang
pengaji kang langkung prayogi,
sinaos Gusti

Mung punika Gusti, panyuwun kula,
mugi katampia atur kawula, mrih
gesang kawula, mrih gesang kawula
kagema Paduka pirantos sapala

(2) Saiba éndahing sih-tresna Paduka,
kula kagunganta, Paduka rimati

Reff:
Mung punika Gusti, pisungsung kula
sawetahing gesang, jiwa lan raga
wit kula tan darbé bandha kang
pengaji kang langkung prayogi,
sinaos Gusti

Mung punika Gusti, panyuwun kula,
mugi katampia atur kawula, mrih
gesang kawula, mrih gesang kawula
kagema Paduka pirantos sapala

KPJ - 153. SAMANGKÉ SAMPUN SIDHEM

153. SAMANGKÉ SAMPUN SIDHEM 

(1) Samangké samin sidhem,
kawula badhé tilem
Gusti mugi rumeksa
mring kula larépapa

(2) Dosa klepatan kula
mugi Gusti ngapura,
regeding manah niki
mugi Gusti ngresiki

(3) Tyang sepuh, guru kula,
mitra lan kadang warga
mugi Gusti ngaubi
ing waktu dalu niki

(4) Mbénjing yèn kula tangi,
king tileman, dhuh Gusti
badan manah lan krekat
Gusti ndadosken kiyat