Minggu, 14 Januari 2018

KPJ - 3. ALLAH MBABARKEN KWASANYA

3. ALLAH MBABARKEN KWASANYA

(1) Allah mbabarken kwasanya, pra kang nglawan buyar sirna lir lilin kènging brama,
nging gung tyang mursid raharja, memuji lan sukarena, ngarsèng Allah Mamulya.
Pangèran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara,
ngluwari tiyang siniya, temahan ngraosken begja.
Dènè tyang wangkot mbalèla siniksa bebendunya.

(2) Allah mbèlani pra umat ngagem sarana mukjijat wah salir kang nèng jagad;
Pangèran ngrentahken berkah kang ngrimat sagunging titah, temah kraharjan anjrah.
Wit kadarmaning Pangèran, tyang tinendhes kaluwaran,
temah tan wonten panandhang ing rèhing Rati Kaswargan.
Dè para wadya-balanya, tyang nyebar kabar adya.

(3) Allah Ratu Kaadilan wus ngraosken pra adigang, temah kasurang - surang.
Nging tyang ringkih ingauban, pinaringan gung kabegjan, karoban karaharjan.
Gusti miji pasucènnya papan puruging manungsa,
kinèn samya angabekti konjuk mring Allah Hyang Widi.
Dalah kang swau mbalèla, nggih samya asung puja.

(4) Allah Juruslamet yekti ngentas pra umat sing pati, temah samya basuki.
Mila pra umat sabumi kedugi sami memuji, anggunggung maring Gusti.
Sèstu Allah Mahaluhur, yogya pinuji lan masmur,
Lestantuna nèng ngarsanya, wit mung Gusti Kang Makwasa,
yèku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.

0 komentar:

Posting Komentar