Sabtu, 20 Januari 2018

KPJ - 128. NITÉNANA SIHÉ GUSTI

128. NITÉNANA SIHÉ GUSTI

(1) Niténana sih-é Gusti kang mbanyu mili
Ywa manut bujuking Iblis, wohé mung pati

Reff:
Dipanggah kanthi sumarah
kang trusing manah
kasorna panggodha
srana tegen ndedonga

(2) Nadyan dén iming-imingi bandha sadonya
milaur setya mring Gusti, sinungan swarga

Reff:
Dipanggah kanthi sumarah
kang trusing manah
kasorna panggodha
srana tegen ndedonga

(3) Iblis nahwéni kamulyan pinunjul adi,
nging maningsa panggah dados Putraning Gusti

Reff:
Dipanggah kanthi sumarah
kang trusing manah
kasorna panggodha
srana tegen ndedonga

(4) Iblis nggéndéng milar Allah, nging tanpa guna
wit wus mantep ing pracaya, gesang raharja

Reff:
Dipanggah kanthi sumarah
kang trusing manah
kasorna panggodha
srana tegen ndedonga

Related Posts:

  • KPJ - 20. PANGÈRAN MAMULYA20. PANGÈRAN MAMULYA (1) Pangèran Mamulya yogya kula puja; dènè agung kadarmannya kang sumtmbah mring kula. Datan wonten wicalannya, tan kendhat lumi… Read More
  • KPJ - 14. KULA SAMYA TETUNGGILAN 14. KULA SAMYA TETUNGGILAN  (1) Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangèran wit sinungan kacekapan wah bagaskasarasan Reff: Kula tansah ngg… Read More
  • KPJ - 22. PUJI KONJUK ALLAH RAMA22. PUJI KONJUK ALLAH RAMA (1) Puji konjuk Allah Rama, puji konjuk Sang Putra, Puji konjuk Sang Roh Suci, tetiganya sawiji. Halèluya! Halèluya! Tetig… Read More
  • KPJ - 26. PINUJI GUSTI26. PINUJI GUSTI (1) Pinuji Gusti kang nitahken jagad, siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat. Reff: Haléluya, sagung puji tansah konjuk Gusti… Read More
  • KPJ - 7. GUSTI, KAWULA SOWAN 7. GUSTI, KAWULA SOWAN  (1) Gusti, kawula sowan atur pangabekti, pasrahnya lan badan kanthi trusing ati. Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman,… Read More

0 komentar:

Posting Komentar