135. RAHAYU WONG KANG MURSID
(1) Rahayu wong kang mursid lampahnya
nyingkur ngena-ngené
wong duraka lan ora ngambah
dalané wong dosa
ora wor lungguh ing pajagongané,
nanging karem mring sabdening Allah,
rina wengi dén-gilut ing manah
(2) Kaanané wong iku kaya wit
kang tinandur sapinggiring kali,
kang mesthi awoh ing titi-mangsané;
lan godhongé tan naté alum gogrog
Ingambaha reribed ngrépoti,
tansah lestari kang dén lampahi.
(3) Tan mengkono mungguh wong duraka,
nanging lir mrambut kabur ing angin
ora bisa lulus ing pangadilan
lan ing pasamuwané para mursid
Wong mursid rineksa ing Pangéran;
wong ala tumibéng karusakan
KPJ - 135. RAHAYU WONG KANG MURSID
Januari 22, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA 142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA (1) Tyang duraka samya nyatroni kawula, nyatur mengsahi kulamemoyoki, tansah ngarah kula pejah srana panganiya… Read More
KPJ - 141. TIYANG PITADOS141. TIYANG PITADOS(1) Tiyang pitados tentrem gesangnya, yén nunggil Sang PamartaPanggah seger kadya epang lamun ing witiraReff:Tyang kang tansah manu… Read More
KPJ - 143. YÈN KULA SUMEREP, O GUSTI143. YÈN KULA SUMEREP, O GUSTI(1) Yèn kula sumerep, o Gusti, cinawisan margi, nadyan sisah kadi pundi, kula marek GustiReff:Marek Gusti, marek Gusti,m… Read More
KPJ - 144. YÉN NUNGGIL LAN GUSTI144. YÉN NUNGGIL LAN GUSTI(1) Yén nunggul lan Gusti, rinten dalumanah langkung tentrem arahayu Reff:Kula angantos Gusti siyang klayan ratrikanthi pita… Read More
KPJ - 140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA(1) Sihé Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa;sing bangsa sanés umatnya ingangkat dados putra, tinebus Sang Kristus … Read More
0 komentar:
Posting Komentar