71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI
(1) Duk nuipati gung pakaryaning Gusti,
lintang abyor ing dalu kang sepi,
wah gumleger ing gludhug ing akasa,
kula ngungun gunging kamulyanta.
Reff:
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
(2) Lamun nlasak tengahing wana-wasa
Sato peksi kekidungan ramya
Wonten ngaré dalah ing ardi ugi,
gung gumelar sesawengan adi
Reff:
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
(3) Yén siniram siliring samirana
sesekaran dalasan woh-wohan,
gandanira arum angambar - ambar
ngunguning tyas anumusi bingar
Reff:
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
(4) Klangkung ageng sih-katresnan Paduka,
ingurbanken Sang Kristus, Kang Putra,
sinangsara, séda tedhak naraka,
mrih manungsa basuku slaminya
Reff:
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa
KPJ - 71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI
Januari 19, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 118. KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR118. KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR (1) Kasetyaning Allah datan gingsir. Saking kang tinimbalan dén-pilihi Samukawis tansah pinirsanan Prasetyanya t… Read More
KPJ - 116. KABEGJAN KANG SEJATI 116. KABEGJAN KANG SEJATI (1) Kabegjan kang sejati, tinunggil Gusti Yén panggodha ndhatengi gya dén-tulungi mrih mantep pracaya wah tetep widad… Read More
KPJ - 115. IBA RAHJENG TYANG KANG SMI SUMÉNDHÉ115. IBA RAHJENG TYANG KANG SMI SUMÉNDHÉ (1) Iba rahjeng tyang kang sami suméndhé Gusti jroning sisah wah kesrakat, Gusti paring kiyat Reff: Sumangg… Read More
KPJ - 117. KALA KULA DHAWAH 117. KALA KULA DHAWAH Kala kula dhawah lan tanpa daya, nyawa kula kapetek, kasiksa Kula tansah nyuwun tulung mring Gusti karsa rawuh, mrih amitulungi… Read More
KPJ - 119. KRANA GUSTI KULA119. KRANA GUSTI KULA (1) Krana Gusti kula, Injil ngrembaka yéku tuking iman, sumber kraharjan gesang cinekapan wah linubéran nugraha punika maremken… Read More
0 komentar:
Posting Komentar