69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA
(1) Allah Mahakwasa jumeneng Pamarta,
séstu gung tresnanya, ngruwat dosa.
Salir tyang pracaya lamun tansah setya luwar
sing antaka, mlebet mring swarga.
Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
(2) Rama Mahamirah ngrentahken gung berkah,
tyang nandhang sangsara manggih waluya.
Saliring pra umat tan kendhat rinimat,
srana peparingnya, nadyan prasaja
Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
(3) Gusti Maagung kang paring pitulung,
nglipur manah sisah mruh datan semplah.
Njangkung kagungannya, temah tansah begja,
geaang mursid yekti dumugéng janji
Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
(4) Pangéran murbéngrat nglubérken sih-rahmat,
mbélani tyang leres saking panindhes
Nunggil tyang pracaya temahan santosa
Kuwawa ngasorken salir panggodha
Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
KPJ - 69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA
Januari 19, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 160. GUSTI, KAWULA NGATURKEN BADAN-NYAWA 160. GUSTI, KAWULA NGATURKEN BADAN-NYAWA (1) Gusti, kawula ngaturken badan-nyawa kawula sumangga Paduka agem kawula kagunganta Reff: Bingah sisah-a… Read More
KPJ - 164. KLAWAN BUNGAH MUJI164. KLAWAN BUNGAH MUJI (1) Klawan bungah muji, nggonku ngaturké pisungsung mring Gusti, nadyan sepélé (2) Pira kacuwané Gusti mirsani, kang dak atu… Read More
KPJ - 162. KATUR NGARSA PADUKA, GUSTI162. KATUR NGARSA PADUKA, GUSTI (1) Katur ngarsa Paduka, Gusti sawetah-ing gesang kula Jiwa lan raga kula mugi aso nèng asta Paduka Manah kula tansah… Read More
KPJ - 163. KAWULA BOMBONG163. KAWULA BOMBONG Kawula bombong, Gusti, darbé Allah kadi Paduka Sèstu kawula bombong, krana lelabetan Paduka Kawula kedugi uwal saking Paduka; si… Read More
KPJ - 161. JIWA-RAGA KAWULA161. JIWA-RAGA KAWULA (1) Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta, mugi dados lantaran kamulyaning Pangéran, kamulyaning Pangéran (2) Tangan-suku… Read More
0 komentar:
Posting Komentar