118. KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR
(1) Kasetyaning Allah datan gingsir.
Saking kang tinimbalan dén-pilihi
Samukawis tansah pinirsanan
Prasetyanya tamtu dén leksanani
Dalasan sakathahing pakaryan sinembadan
(2) Sabda lan kwasané Allah nyata
Saben jaman winengku ing pangréhnya
Astanya kukuh miwah santosa
ngasta pangadilan ing salamanya
Landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan
(3) Sang Roh Suci kang kagungan karsa
mbikak kekeraning kawilujengan
Pasamuwan binereg manahnya
tansah tinuntun marang kasampurnan,
nggih dadya warga kratoning Allah salamanya
KPJ - 118. KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR
Januari 20, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 137. SAKÉHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA137. SAKÉHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA(1) Sakéhinb was-sumelangmu pasrahna mring Gusti, wit saliring mitramu tan bisa mrantasi Jer sagunging mamungsa n… Read More
KPJ - 141. TIYANG PITADOS141. TIYANG PITADOS(1) Tiyang pitados tentrem gesangnya, yén nunggil Sang PamartaPanggah seger kadya epang lamun ing witiraReff:Tyang kang tansah manu… Read More
KPJ - 140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA(1) Sihé Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa;sing bangsa sanés umatnya ingangkat dados putra, tinebus Sang Kristus … Read More
KPJ - 138. SANG KRISTUS TAMÉNG SANTOSA138. SANG KRISTUS TAMÉNG SANTOSA(1) Sang Kristus taméng santosa, nguwalken saking rubédaNéng jroning bebaya pati, Gusti kang badhe nulungiReff:Sang Kr… Read More
KPJ - 139. SANG YÉHUWAH, YÉKU ALLAH KULA139. SANG YÉHUWAH, YÉKU ALLAH KULA(1) Sang Yéhuwah, yéku Allah kula, kang nyembadani panyuwun kulaMila dhawuhi-pun, "Lah kumandela,Ingsun datan négaka… Read More
0 komentar:
Posting Komentar