49. GUSTI KANG MAHAWILASA
(1) Gusti Kang Mahawilasa, mugi paring aksama.
Kula getun dé klepatan, nglawan dhateng Pangéran;
nglirwakken dhawuh Paduka, manut hardaning driya.
Temah tan ngraosken tentrem wah malih gesang langgeng.
(2) Gusti Ingkang Mahatresna, mugi ngruwat kawula;
temah kula dados auci miwah nunggil lan Gusti
Manah kang peteng wit dosa énggal pulih lejara.
Pangajeng - ajeng binuka, ngener mrih Allah Rama
(3) Gusti Ingkang Mahakwasa, mugi nuntun kawula;
ngambah ing margi utami, nurut pangréh Paduka.
Awit kwasaning Roh Suci, nyingkur karséng pribadya,
nglawan kapéncuting donya, mrih raharja slaminya.
KPJ - 49. GUSTI KANG MAHAWILASA
Januari 19, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 90. RAMA PANGAYOMAN KULA90. RAMA PANGAYOMAN KULA Rama Pangayoman kula, sihkawelasan Paduka andamel manah ayem Sih kawelasan Paduka andamel manah ayem … Read More
KPJ - 93. SIH PADUKA GUSTI93. SIH PADUKA GUSTI (1) Sih Paduka Gusti, mugi tansah amelasi rina klawan wengi tansah kula anti. (2) Sih Paduka Gusti nyirnakken kwasaning pati, a… Read More
KPJ - 99. AKU DUWÉ PAMARTA99. AKU DUWÉ PAMARTA (1) Aku duwé Pamarta, Yésus Kristus asmanya, kang wus ngurbanken sira, ngruwat aku sing dosa Reff: Satuhu Gustiku, Yésus Kristu… Read More
KPJ - 98. WONG KANG KAMOMOTAN DOSA98. WONG KANG KAMOMOTAN DOSA (1) Wong kang kamomotan dosa, Gusti ungsénana. Agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya. Reff: Pracayaa, pracay… Read More
KPJ - 92. SÉSTU AGUNG SIHÉ GUSTI92. SÉSTU AGUNG SIHÉ GUSTI (1) Séstu agung sihé Gusti mring titah sabumi. Milujengaken tyang dosa, mrih manggih raharja (2) Sih-rahmat sihé Pangéran… Read More
0 komentar:
Posting Komentar