178a. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI
(1) Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati
Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sih-rahmat
Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya,
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya
(2) Pasrah-sumarah mring Gusti, mrih ayem-tentrem ing ati.
Bungah-susah, sugih-mlarat memuji Allah tan kendhat.
Udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya,
temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti
(3) Pasrah-sumarah mring Gusti, Parang Pangungsèn sejati.
Lamun tinempuh prahara, Gusti nyantosakken sira.
Waspadakna mukjijatnya ing prakara gung wah prasaja
Kang wedi-asih lan setya winuwuhan berkah ing swarga
KPJ - 178a. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI
Februari 12, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 151. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA151. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA Rama kawula kang wonten swarga, ingkang asma kasucékna, kraton Paduka rawuha mugi karsa Paduka klampah ing bumi k… Read More
KPJ - 154. ADRENGING TYAS KULA154. ADRENGING TYAS KULA (1) Adrenging tyas kula, ngaturken panuwun Gusti Paduka ngasihi, kula kagunganta Reff: Mung punika Gusti, pisungsung kula s… Read More
KPJ - 152. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA152. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA Rama kawula kang wonten swarga, ingkang asma kasucéna, Kraton Paduka rawuh, karsa Paduka klampah ing bumi kadya a… Read More
KPJ - 155. AKU TAN NATÉ MANGERTI155. AKU TAN NATÉ MANGERTI (1) Aku tan naté mangerti kapan begja cilaka, mung tansah pasrah mring Gusti, yéku Pamarta setya Mantep pracaya ing ati ma… Read More
KPJ - 153. SAMANGKÉ SAMPUN SIDHEM 153. SAMANGKÉ SAMPUN SIDHEM (1) Samangké samin sidhem, kawula badhé tilem Gusti mugi rumeksa mring kula larépapa (2) Dosa klepatan kula mugi G… Read More
0 komentar:
Posting Komentar