182. PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG
(1) Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Maagung,
kang nitahken jagad raya wah ngreksa kanthi setya.
Makluk wrata rinimatan krana sihing Pangèran.
Jagad tentrem lan raharja, lamun manut pangrèhnya.
(2) Surya, candra, lan pra lintang samya nyunarken padhang.
Peksi ngocèh mawurahan wah sato-kèwan girang.
Teruwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan.
Sadaya sami memuja mring Allah Kang Makwasa.
(3) Puji sokur lan panuwun konjuk Allah Mamulya,
kang sampun pating pitulung mring pra manungsa dosa.
Kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati,
saèstu manggya raharja, mulya langgeng ing swargi
KPJ - 182. PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG
Februari 12, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 178c. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI178c. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI 1) Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sih-rahmat Waspadakn… Read More
KPJ - 181. PUJI SOKUR KONJUK GUSTI181. PUJI SOKUR KONJUK GUSTI (1) Puji sokur konjuk Gusti, wit sih rahmat Paduka; datan kendhat angasihi, cihnaning kawlasanta Sokur paringing pakarya… Read More
KPJ - 178b. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI178b. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI (1) Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sih-rahmat Waspadak… Read More
KPJ - 180. PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI180. PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI (1) Pisungsung konjuk mring Gusti datan mung prasedasan wit berkahnya siyangratri lumintu tan wilangan Sawarnining… Read More
KPJ - 179. PISUNGSUNG KAGEM GUSTI179. PISUNGSUNG KAGEM GUSTI (1) Pisungsung kahem Gusti, sinaosken klayan bingah; tan owel miwah kapeksa, nging kanthi éklasing manah Yèn kumed kang s… Read More
0 komentar:
Posting Komentar