Senin, 12 Februari 2018

KPJ - 176. PADHA SAOSA PUJI SOKUR

176. PADHA SAOSA PUJI SOKUR

(1) Padha saosa puji sokur marang Allah Kang Maluhur;
wulang bab asmané suci, dèn-gelarna anèng bumi.
Pangwasané disuwurna, anèng tengahé prabangsa

(2) Padha saosana panuji klawan masmur lan kidung suci,
mukjijaté caritakna marang sakèhing manungsa
Padha luhurna asmanya klawan panabuhing gangsa

(3) Abungaha wong kang ngupaya pangayunané Kang Makwasa,
padha anitik-nitika mungguh kwasané Pangèran
Ngupayaa wedanané, élinga mring mukjijaté

(4) Yèhuwah ngèngeti sabdané lan prasetyané mring abdiné,
kalawan bungah umaté dènirid dhateng tanahé;
supaya anetepana lan ngèstokna pranatannya

Related Posts:

  • KPJ - 5. DHUH PANGÈRAN5. DHUH PANGÈRAN (1) Dhuh Pangèran Ingkang Mahasuci, kula sami marek tetunggilan. Selir bangsa salu mahing bumi amemuji asmanè Pangèran (2) Gusti tr… Read More
  • KPJ - 74. GUSTI MUGI NUNGGILA 74. GUSTI MUGI NUNGGILA  (1) Gusti mugi nunggila maring kula Yén ta kesaput petenging ratri namung Paduka kang mitulungi Sumangga, Gusti nunggil… Read More
  • KPJ - 28. SUCI, SUCI, SUCI28. SUCI, SUCI, SUCI (1) Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci. Allah Mahamulya kang jumeneng Raja. Suci, suci, suci, pinundhi Hyang Widi titah sadaya … Read More
  • KPJ - 85. MUGI GUSTI MELASI85. MUGI GUSTI MELASI Mugi melasi. Mugi Gusti melasi. Mugi Gusti melasi. Mugi Gusti melasi. Gusti melasi kula.… Read More
  • KPJ - 1. ALLAH IKU MAHAKWASA1. ALLAH IKU MAHAKWASA (1) Allah iku mahakwasa, kang nitahken lanjit bumi, tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali kali. Yekti Allah Mahakwasa, y… Read More

0 komentar:

Posting Komentar