Senin, 12 Februari 2018

KPJ - 158. DITANSAH PADHA BEBUNGAH

158. DITANSAH PADHA BEBUNGAH 

(1) Ditansah padha bebungah-a
nampèni kabegjan swarga,
karana kita wong dosa
ingentas saking antaka

Reff:
Tansah bungah ing
patunggilané Gusti
tansah bungah,
wit sinung gesang sejati

(2) Tansah ula kebecikan
dhemen awèh pitulungan
yéku pratandhaning sokur
mring sihing Allah Maluhur

Reff:
Tansah bungah ing
patunggilané Gusti
tansah bungah,
wit sinung gesang sejati

(3) Di tansah mantep pracaya
tan was-sumelang ing ati
Tegen nyenyuwun, ndedonga,
pasrah, wit Gustimu nganthi

Reff:
Tansah bungah ing
patunggilané Gusti
tansah bungah,
wit sinung gesang sejati

(4) Di tansah padha bebungaha,
wit antuk tentrem-raharja
Gustimu ngreksa slamanya
saparan lakunira

Reff:
Tansah bungah ing
patunggilané Gusti
tansah bungah,
wit sinung gesang sejati

Related Posts:

  • KPJ - 78. IBA BEGJAKU 78. IBA BEGJAKU  (1) Iba begjaku lamun yakin Yésus duwékku ing salamanya; aku tebusan kagungané, anyar uripku kranahé Reff: Aku memuji klayan r… Read More
  • KPJ - 25. PINUJI ALLAH25. PINUJI ALLAH (1) Pinuji Allah, Sang Rama kang nitahken jagad raya, wah tansah ngupakara srana rendheng lan ketiga, nuwunken panènan uga. Samudaya… Read More
  • KPJ - 6. GUSTI KANG MURBÈNG DUMADI6. GUSTI KANG MURBÈNG DUMADI Gusti kang murbèng dumadi, kawula sami sowan ngaturaken pangabekti ingkang yekti. Ngunjukaken puja puji, panuwun lan pan… Read More
  • KPJ - 15. KULA TUMENGA MRING GUSTI15. KULA TUMENGA MRING GUSTI (1) Kula tumenga mring Gusti kang pinarak ing swarga, kados mripatipun abdi, mulat dhateng Gustinya. Nggih mekaten mripa… Read More
  • KPJ - 79. KARSA PADUKA PRIYANGGA 79. KARSA PADUKA PRIYANGGA (1) Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan. Pra kang sabar myang pracaya, tamtu antuk pitulungan Reff: Paukuman ka… Read More

0 komentar:

Posting Komentar