Senin, 12 Februari 2018

KPJ - 166. KULA NGATURKEN SEMBAH BEKTI

166. KULA NGATURKEN SEMBAH BEKTI

(1) Kula ngatuken sembah bekti,
dé Gusti tansah mberkahi
nggèn kula tansah nambut kardi
kanthi temen lan taberi
Abot-ènthèng datan ngersula,
lelados kang trusing driya
berkah rejeki sing Maluhur
tinampi lan puji sokur

(2) Kula sumarah mring Pangéran
kang maringi pangayoman,
dadosa dalu lelimengan
punapa padhang rembulan
Satangi kula saking tilem,
manah sakalangkung tentrem.
Kula saged ngaso sakéca,
wit astané Gusti ngreksa

(3) Kula memuji datan kendhat
mring sihé Allah murbèngrat
Wanci énjing surya sumunar
mulyaning alam ginelar
Tetuwuhan wah sato-kéwan
marwani ngebaki bumi
Gya kawula gumrégah tangi
nindakken karsaning Gusti

0 komentar:

Posting Komentar