185. SUMARAH MRING ALLAH
(1) Sumarah mring Allah jiwa raga
rineksa astanya tansah begja.
Yèn rinoban sisah manah datan lesah
Sinung kakiyatan sing Pangèran,
Sinung kakiyatan sing Pangèran,
(2) Sumarah mring Allah jiwa-raga
mbangun-turut Gusti trusing ati
Yèn ginodha dosa binunjuk duraka,
kekah sarta setya ing pracaya
kekah sarta setya ing pracaya
(3) Sumarah mring Allah jiwa-raga,
rinoban ing berkah ayem nyata.
Yèn nyanggi momotan dalasan panandhang,
mesthi dèn luwati déning Gusti
mesthi dèn luwati déning Gusti
(4) Sumarah mring Allah jiwa-raga,
rinimat, rineksa ing sih-mirma
Yèn ingarah pati wit bebener yekti,
mantep dugèng janji Gusti nganthi
mantep dugèng janji Gusti nganthi
(5) Sumarah mring Allah jiwa-raga,
tinuntun ing sabda dugèng swarga
Yèn wonten bilai wah miris ing ati,
sinung lipur yekti sing Roh Suci
sinung lipur yekti sing Roh Suci
KPJ - 185. SUMARAH MRING ALLAH
Februari 12, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 96. TYAS KITA DIMÉN SLAMANYA BUNGAH 96. TYAS KITA DIMÉN SLAMANYA BUNGAH (1) Tyas kita dimén slamanya bungah lan sukarena, déné Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita. Ref… Read More
KPJ - 89. PUJI KONJUK ALLAH89. PUJI KONJUK ALLAH (1) Puji konjuk Allah Kang Mahamirah; ing rinten dalah ratri tansah ngganjar berkah; tyang mursid dalah mursal tan badhé ketriw… Read More
KPJ - 100. ALLAH INGKANG MASUCI100. ALLAH INGKANG MASUCI (1) Allah ingkang masuci, mugi Gusti melasi sampun ngungkum kula merdi klayan bramantya nging énggal dén entasna sing sisah… Read More
KPJ - 82. LAMUN KULA KASAYAHAN 82. LAMUN KULA KASAYAHAN (1) Lamun kula kasayahan, kamomotan, kémengan; kula marek dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. Reff: Kula marek, dhuh Pamarta,… Read More
KPJ - 97. UWAL SING LAKNAT97. UWAL SING LAKNAT (1) Uwal sung laknat; iba begja iku! Gusti wus séda, mbirat dosaku, temah luwar sing paukuman, dénnya ngluwar babar-pisan Reff:… Read More
0 komentar:
Posting Komentar