Senin, 12 Februari 2018

KPJ - 211. YÈHUWAH PANGÈNKU

211. YÈHUWAH PANGÈNKU (1) Yèhuwah Pangénku, aku rinimat; wah dèn-plégungaké nèng pasuketané, dèngiring mring toya ngenggon kang tentrem (2) Nadyan ngambah jurang telenging pati, kula tan sumelang, Gusti nganthi kula Kakwatan Paduka, anglipur kawula (3) Saèstu kabegjan miwah kadarman, ngiring lampah...

KPJ - 210. WONG NYENYEBAR ÉSUK LAN SORÉ

210. WONG NYENYEBAR ÉSUK LAN SORÉ (1) Wong nyenyebarésuk lan soré, wah nyenyebar rinalan wengi Nyebar wit anom kongsi tuwa nyebar nganti tumengkèng janji Reff: Lah kang ingundhuh apa? Lah kang ingundhuh apa? Nyebara rina, nyebara wengi, sèkènga rosaa, ya nyebara Apa sebarané wong nèng donya, mesthi...

KPJ - 208. SIRA KANG MANDHEG-MANGU

208. SIRA KANG MANDHEG-MANGU (1) Sira kang mandheg-mangu, Gusti nimbali Tilingnata, sabdanya; Gusti nimbali Padha mbangun turuta; tumemen ing pracaya; gya rungokna sabdanya; Gusti nimbali Reff: Gusti dhawuh mring sira; padha énggal mareka; mara sami èstokna; Gusti nimbali (2) Hé, si kang kesrakat,...

KPJ - 207. SANYATA PANÈNÉ WUS GUMELAR

207. SANYATA PANÈNÉ WUS GUMELAR  (1) Sanyata panèné wus gumelar, mung sethithik padha nderepi O, kanca, mara dèn kanthi bingar, énggal padha rumangang ngenèni Reff: Gya tumandanga anderepi, kangèlané dadi kabungahané Gya rumaganga angenèni émané sithik kang nindakaké (2) Dhuh Pangèran kang kagungan...

KPJ - 206. SAIBA TA DÈNNYA GUSTI

206. SAIBA TA DÈNNYA GUSTI (1) Saiba ta dènnya Gusti ngasihi dhateng manungsa, ngantos tedhak maring donya, nglampahi papacintaka (2) Malah nrimah dènsédani, tombok nyawa ngrembat dosa lan siksanira manungsa, sinuprih lumebèng swarga (3) Saiba dènnya ngasihu tyang kang nyédani sriranya, dènsuwunken...

KPJ - 204. RANCANGNIRA DUDU RANCANGANINGSUN

204. RANCANGNIRA DUDU RANCANGANINGSUN  (1) Rancanganira dudu rancanganingsun; dalanira uga dulu marginingsun. Pindha dhuwuring langit angungkuli bumi Iya semono bédaning karepira lan kang sunèsthi Reff: Yéku sabdaning Allah. Padha tilingna, dimèn dadya sarana tentrem ing uripira! (2) Lir udan...

KPJ - 203. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNÉ

203. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNÉ (1) Rahayu kang utama lakuné ngambah dalaning préntahé Pangéran Rahayu kang netepi dhawuhé; wong kang manut ing sapangrèhé Gusti sarta tansah telatèn netepi sakarsané klawan éklasing ati (2) Dhuh Gusti, punapa sarananya tyang nèm-nèman saged jujur ing lampah kwjawi dipun...

KPJ - 202. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNÉ

202. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNÉ (1) Rahayu kang utama lakuné ngambah dalaning préntahé Pangéran Rahayu kang netepo dhawuhé Wong kang manut ing sapangrèhé Gusti, sarta tansah telatèn netepi sakarsané klawan éklas ing ati (2) Gusti mugi ngirid lampah amba Manut mituruta préntahing Gusti, datan pegat salami-laminya Kula...

KPJ - 201. MUNG SANG KRISTUS GUSTI

201. MUNG SANG KRISTUS GUSTI (1) Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki Wit sih-tresnanya mring manungsa, ngantos korban sarira. Mila tyang pracaya sinungan waluya wah tentrem raharja (2) Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki Sabdanira kebak pangwasa mring sajagad warata Tyang bekti wah setya ing gesangira,...

KPJ - 200. MUGI WRADIN INGUNDHANGA

200. MUGI WRADIN INGUNDHANGA  (1) Mugi wradin igundhangna sabdeng Allah mulya Wah mrasuka ing wardaya sabdèng Allah mulya. Sabdèng gesang langgeng yogya kula anggep Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya (2) Gusti nglairken mring kula, sabdèng...

KPJ - 199. MARA SIRA RUNGOKNA

199. MARA SIRA RUNGOKNA (1) Mara sira rungokna swaranya Kori thinothok cetha; tilingna! Gusti kang arsa mlebu, mara énggal wengakna! Ywa nganti gawé cuwa; wenganana! (2) Mara sira rungokna swaranya. Kori tinothok cetha; tilingna! Aja padha semaya, iku gawé sungkawa Gusti ingkang angantya; wenganana! (3)...

KPJ - 198. LAMPAHING GESANG PUNIKI

198. LAMPAHING GESANG PUNIKI (1) Lampahing gesang puniki tan kalis ing pepalang, nanging astanipun Gusti nuntun maring pepadhang Kadya langit kalimputan mendhung kandel lan méga, ing sasirnanira tamtu padhang njingglang sanyata Reff: Bibar jawah mijil kluwung, mengku jamji prasetya; sasisihing sisah...

KPJ - 195. KULA DATAN BADHÉ NRIMAH

195. KULA DATAN BADHÉ NRIMAH (1) Kula datan badhé nrimah, datan badhé rila pepadhang saking Yéhuwah tinampik prajalma. Tan badhé sabdèng Allah pikekah kawula sinrahken dhateng mengsah kang ambek-daksiya (2) Sabdénv Allah gung piguna mring sepuh-anèma Kang ringkih sinantosakken, lesah kiniyatken Tyang...

KPJ - 194. KITAB-SUCI KANG ADI

194. KITAB-SUCI KANG ADI (1) Kitab-suci kang adi, sabdèng Gusti sejati éndah saklangkung éndah nugraha saking Allah nugraha saking Allah (2) Lembar sabda Paduka nuntun gesang kawula dadya pedhang menjila tamèng saking bebaya tamèng saking bebaya (3) Sabda lan Roh sung nglipur nuwuhken raos sokur Jinugarken...

KPJ - 193. KADI WANITA ANÉNG PINGGIR SUMUR

193. KADI WANITA ANÉNG PINGGIR SUMUR (1) Kadi wanita anéng pinggir sumur; ngono ngoronging nyawaku Aku krungu Gusti ngandika, "Padha ngombéa banyuning urip!" Reff: Adhuh Gusti, kapeng paring jejampi ngoronging wardaya wah tetedhan, murih tuwuk ing nyawa, kang njalari gesang énggal kula (2) Tan winilang...

KPJ - 192. ISING KABAR KABINGAHAN

192. ISING KABAR KABINGAHAN (1) Isining kabar kabingahan, winangsitken déning Pangèran, dadya srana paring piwulang matgining kautaman Reff: Dimen tyang pitados tansah arumantos mbangun turut Gusti, nresnani sesami (2) Tyang lepat winelèhken samya déning sabdaning Kang Makwasa; tyang dosa kang samya...

KPJ - 191. GUSTI YÉSUS PANGÉN SETYA

191. GUSTI YÉSUS PANGÉN SETYA (1) Gusti Yésus Pangén setya pindha parang santosa Sadaya ingkang pracaya dimèn sami ngayoma Reff: Gustiku makwasa, yéku Pangén setya. Gustiku kang kwasa pindha parang santosa (2) Piandelé kang mgabekti namung asmané Gusti, Jroning sangsara ginodha, panggah tatag ing...

KPJ - 190. GUSTI SANG JURU TAMAN

190. GUSTI SANG JURU TAMAN (1) Gusti, Sang Juru Taman, rawuh ing tamannya; langkung sekel ing galih, mirsani sekarnya. Sadaya sami alum wit déning kasatan; pucukira tumungkul margi kepanasan pucukira tumungkul margi kepanasan (2) "Kok éman puspaningsun, ora wurung mati; nggoningsun luru wadhah kanggo...

KPJ - 189. GUSTI ALLAH PANGAYOM SETYA

189. GUSTI ALLAH PANGAYOM SETYA (1) Gusti Allah Pangayom Setya, tansah ngrimati umatnya. Lir pangon rumeksa méndanya Mula arum ngandikanya "Ora bakal Aku téga, tan bakal nilar mring sira." (2) Mula kita mosik ing ati, "Aku bakal ora wedi, awit Gusti Kang Mahasetya datan téga nilar kita." Manungsa...

KPJ - 188. BIYÈN NGLIRWAKAKÉ

188. BIYÈN NGLIRWAKAKÉ (1) Biyèn nglirwakaké sabdaning Gusti mung karepé dhéwé kang dènturuti samangké mratobat nyandhong sih-rahmat urip sumarah ing karsaning Allah Reff: Mula payo énggal di padha gumrégah! Mrih sajagad wrata ngluhurken Allah. (2) Biyèn tansah mélik bandha kadonyan, samangké ngupadi...

KPJ - 187. ANA SABAWA GUMRUBYUG

187. ANA SABAWA GUMRUBYUG (1) Ana sabawa gumrubyug, wit wong golongan kumrubut Gumrudug dènnya peplayon, "Apa baya,kang tininton?" Ana kang gupuh sumambung, "Yesus Nasarani kang langkung." Ana kang gupuh sumambung, "Yesus Nasari kang langkung." (2) Yésus yéku Sang Pamarta, kang tumedhak saking swarga Mundhi...

KPJ - 186. URIP KANG SAMESTHINÉ

186. URIP KANG SAMESTHINÉ (1) Urip kang samesthiné, lamun tansah ngucap sokur Nèng ngarsané Sang Kristus, tan pantes takabur Reff: Jroning susah lan bungah sadhéngah kaanan Aku angidung memuji sokur, yéku karsaNya! (2) Nadyan prahara nempuh sarta ombak anyempyuh, aku trus muji sokur, konjuk mring...

KPJ - 182. PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG

182. PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG  (1) Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Maagung, kang nitahken jagad raya wah ngreksa kanthi setya. Makluk wrata rinimatan krana sihing Pangèran. Jagad tentrem lan raharja, lamun manut pangrèhnya. (2) Surya, candra, lan pra lintang samya nyunarken...

KPJ - 181. PUJI SOKUR KONJUK GUSTI

181. PUJI SOKUR KONJUK GUSTI (1) Puji sokur konjuk Gusti, wit sih rahmat Paduka; datan kendhat angasihi, cihnaning kawlasanta Sokur paringing pakaryan, nadyan badamba ringkih; sokur déné kadang mitra tansah anandukken sih. (2) Sokur, déné sesekaran, sedhep, éndah ing warni; sokur méga ngantariksa,...

KPJ - 180. PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI

180. PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI (1) Pisungsung konjuk mring Gusti datan mung prasedasan wit berkahnya siyangratri lumintu tan wilangan Sawarnining kang pengaji kaaturna mring Pangèran (2) Misungsung kang trus ing ati karenan ngarsèng Gusti, dados srana peladosan tumraping pasamuwan; mbabarken katroning...

KPJ - 179. PISUNGSUNG KAGEM GUSTI

179. PISUNGSUNG KAGEM GUSTI (1) Pisungsung kahem Gusti, sinaosken klayan bingah; tan owel miwah kapeksa, nging kanthi éklasing manah Yèn kumed kang sinebar, nggih kumed pangundhuhnya; yèn loma kang sinebar, nggih loma pangundhuhnya Reff: Kula sami memuji mring Allah Kang Mamirah; srana panambut kardi,...

KPJ - 178a. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI

178a. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI (1) Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sih-rahmat Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya, wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya (2) Pasrah-sumarah mring Gusti, mrih ayem-tentrem ing...

KPJ - 177. PARA MANUK ORA TAU ANYEBAR

177. PARA MANUK ORA TAU ANYEBAR (1) Para manuk ora tau anyebar, ngenèni utawa nandho andhungan, éwadéné Ramamu sing Suwarga, ngingoni pra manuk sadinadina (2) Lan manèh kembang kang ana ing bumi ya tan nyambut gawé lan ora ngantih; 'wadéné Sang Prabu agem-agemé, isih kongkulan kembang busanané. (3)...

KPJ - 176. PADHA SAOSA PUJI SOKUR

176. PADHA SAOSA PUJI SOKUR (1) Padha saosa puji sokur marang Allah Kang Maluhur; wulang bab asmané suci, dèn-gelarna anèng bumi. Pangwasané disuwurna, anèng tengahé prabangsa (2) Padha saosana panuji klawan masmur lan kidung suci, mukjijaté caritakna marang sakèhing manungsa Padha luhurna asmanya...

KPJ - 175. NÈNG GUNUNG WAH NÈNG NGARÉ

175. NÈNG GUNUNG WAH NÈNG NGARÉ (1) Nèng gunung wag nèng ngaré, Gusti Allah ana Nyanga ngendi paranku, mesthi ana uga. Endi kang dadi cipta lan osiking ati, kabèh mesthi kapirsan ing Allah Hyang Widi (2) Sang Rama anèng swarga mengku samubarang Sing sapa kung kumandel mesthi tinulungan Manuk ing awang-awang,...

KPJ - 173. MARA DHA ATURNA PISUNGSUNGMU

173. MARA DHA ATURNA PISUNGSUNGMU (1) Mara dha aturna pisungsungmu ing papan kang piniji; muga dadu kaparengé Gusti; minangka pangabektimu (2) Kalawan ati bungah menuhi, ing papan kang piniji; muga dadi kaperengé Gusti; mundhut kembanging atimu (3) Ngaturna klawan éklasing ati, ing papan kang piniji; mugi...

KPJ - 171. MANGGA SAOS PISUNGSUNG

171. MANGGA SAOS PISUNGSUNG  (1) Mangga saos pisungsung mring Allah Maagung krana gunging sih rahmat kang lubèr tan kendhat (2) Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun, dé gesang tansah begja wit Allah kang nuntun (3) Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti, bludaging kabingahan wit berkah...

KPJ - 170. LUBÈRING BERKAH ING GUSTI

170. LUBÈRING BERKAH ING GUSTI (1) Lubèring berkah ing Gusti, yéku prajanji suci; urip mulya anèng swarga, pinaringken Sang Putra Reff: Berkahing Gusti, iku dakanti-anti, sayogya tansah tinampi klayan tulus ing ati (2) Lubèring berkah sing Gusti, dadya seger uripku; saka gunung miwah lembah, lir...

KPJ - 168. LAH TA PADHA MAWASA

168. LAH TA PADHA MAWASA  (1) Lan ta padha mawasa kembang nèng ara-ara; tan angantih tan nenun, sèstu éndah warnanya. Sapa ta kang akarya myang maringi busana? Dé éndah munjuli, dé éndah munjuli (2) Gusti wus ngandika,"Sun kinacèk lan puspa; myang saliring dumadi, ingkang gumlar nèng donya, smana...

KPJ - 167. KULA TANSAH NGRAOSKEN BINGAH

167. KULA TANSAH NGRAOSKEN BINGAH (1) Kula tansah ngraosken bingah, sih kami rahaning Allah ngganjar wilujeng dhateng kula lantaran kurbaning Sang Putra Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung, wit yektiné gesang kula namung krana lubèring sih-rahmatnya (2) Kula tansah maggih kabegjan...

KPJ - 166. KULA NGATURKEN SEMBAH BEKTI

166. KULA NGATURKEN SEMBAH BEKTI (1) Kula ngatuken sembah bekti, dé Gusti tansah mberkahi nggèn kula tansah nambut kardi kanthi temen lan taberi Abot-ènthèng datan ngersula, lelados kang trusing driya berkah rejeki sing Maluhur tinampi lan puji sokur (2) Kula sumarah mring Pangéran kang maringi pangayoman, dadosa...

KPJ - 165. KONJUK MRING KANG MAAGUNG

165. KONJUK MRING KANG MAAGUNG (1) Konjuk mring Kang Maagung, kula saos pisungsung; cihnaning bungah ing manah, wit berkahing Allah; sumengka wah sineng-kera, lan temen rineksa, dadya srana munpangati, mrih kamulyaning Gusti (2) Konjuk Allah Kang Maluhur kawula saos sokur, kababaring raos urmat wit...

KPJ - 162. KATUR NGARSA PADUKA, GUSTI

162. KATUR NGARSA PADUKA, GUSTI (1) Katur ngarsa Paduka, Gusti sawetah-ing gesang kula Jiwa lan raga kula mugi aso nèng asta Paduka Manah kula tansah lipura, sumaos mring Kang Mahakwasa (2) Srana Gusti kawula Yésus, Paduka paring Panebus Tresna miwah suka-pirena Paduka srahken mring kula Lamun tiyang...

KPJ - 160. GUSTI, KAWULA NGATURKEN BADAN-NYAWA

160. GUSTI, KAWULA NGATURKEN BADAN-NYAWA (1) Gusti, kawula ngaturken badan-nyawa kawula sumangga Paduka agem kawula kagunganta Reff: Bingah sisah-a kula marem nunggil Paduka, dhuh Gusti purbèng tresna, kula pasrah Paduka (2) Datan wonten andel-andel namung Paduka Gusti mila kawula kumandel pasrah...

KPJ - 156. ALON SANG SURYA GUMIWANG

156. ALON SANG SURYA GUMIWANG (1) Alon sang surya gumiwang, candhik-ayu memayu Kita antuk pangasoan kanthi tentrem rahayu Reff: Tilingna swara manis ing gentha pandonga sokur padha aturna Hé, gentha, ngumandhanga dadya sanguning néndra (2) Sang ratri nglimputi bumi abyor cahyèng kartika nelahi nyunarken...

KPJ - 155. AKU TAN NATÉ MANGERTI

155. AKU TAN NATÉ MANGERTI (1) Aku tan naté mangerti kapan begja cilaka, mung tansah pasrah mring Gusti, yéku Pamarta setya Mantep pracaya ing ati manut rèh lan sabdanya Tinuntun dumugèng janji mring kasampurnan swarga (2) Aku asring tan mangerti karsèng Allah Makwasa Donga panyuwuning ati tan kajurungan...

KPJ - 154. ADRENGING TYAS KULA

154. ADRENGING TYAS KULA (1) Adrenging tyas kula, ngaturken panuwun Gusti Paduka ngasihi, kula kagunganta Reff: Mung punika Gusti, pisungsung kula sawetahing gesang, jiwa lan raga wit kula tan darbé bandha kang pengaji kang langkung prayogi, sinaos Gusti Mung punika Gusti, panyuwun kula, mugi katampia...

KPJ - 153. SAMANGKÉ SAMPUN SIDHEM

153. SAMANGKÉ SAMPUN SIDHEM  (1) Samangké samin sidhem, kawula badhé tilem Gusti mugi rumeksa mring kula larépapa (2) Dosa klepatan kula mugi Gusti ngapura, regeding manah niki mugi Gusti ngresiki (3) Tyang sepuh, guru kula, mitra lan kadang warga mugi Gusti ngaubi ing waktu dalu niki (4) Mbénjing...