209. TIYANG KANG PRACAYA
(1) Tiyang kang pracaya
mring Gusti tan was sumelang ing ati
Tatag-tanggon nglawan panggodha
awit Gusti kepareng ngreksa
Reff:
Amung ana telung kara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan
Akung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti; dé kang pinunjul yéku katresnan
(2) Panganti sumbering kakwatan,
nyinarkken uwas lan wedi
Sumingkir salir karuwetan
lamun Gusti kang dipun anti
Reff:
Amung ana telung kara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan
Akung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti; dé kang pinunjul yéku katresnan
(3) Gedhé-gedhéning sih-sutresna,
yèn rila ngurbanken nyawa
kanggo nglabuhi marang mitra;
yéku dhawuhé Gustinira
Reff:
Amung ana telung kara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan
Akung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti; dé kang pinunjul yéku katresnan
KPJ - 209. TIYANG KANG PRACAYA
Februari 12, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 24. PINUJIA GUSTI ALLAH24. PINUJIA GUSTI ALLAH Pinujia Gusti Allah, wit gunging katresnannya mring umat tebusannya, sumrambah mring sagung titahnya … Read More
KPJ - 23. PUJI MRING ALLAH23. PUJI MRING ALLAH (1) Puji mring Allah, Pangèran Kang Mahawisèsa. Muji ramya, binarung lan sawernining gangsa. Pangidungnya klayan bungah ing mana… Read More
KPJ - 9. HÈ, SARUPANING PRA-UMAT9. HÈ, SARUPANING PRA-UMAT (1) Hè, sarupaning pra umat, padha mujia mring Allah. Hè, sakèhing para bangsa, asmanè padha luhurna. (2) Wit sih-kadarma… Read More
KPJ - 11. KULA NGATURKEN SEMBAH11. KULA NGATURKEN SEMBAH (1) Kula ngaturken sembah, dhuh Pangèran Yèhuwah, nggunggung asma Paduka Kang Mahaluhur Mamulya; Gusti ning makluk samya, k… Read More
KPJ - 12. (B) KULA SAMI KEKEMPALAN12. (B) KULA SAMI KEKEMPALAN Kula sami kekempalan, memuji dhateng Allah, Kang Mahaasih Mahawlas mring sakèh ing tumitah. … Read More
0 komentar:
Posting Komentar