185. SUMARAH MRING ALLAH
(1) Sumarah mring Allah jiwa raga
rineksa astanya tansah begja.
Yèn rinoban sisah manah datan lesah
Sinung kakiyatan sing Pangèran,
Sinung kakiyatan sing Pangèran,
(2) Sumarah mring Allah jiwa-raga
mbangun-turut Gusti trusing ati
Yèn ginodha dosa binunjuk duraka,
kekah sarta setya ing pracaya
kekah sarta setya ing pracaya
(3) Sumarah mring Allah jiwa-raga,
rinoban ing berkah ayem nyata.
Yèn nyanggi momotan dalasan panandhang,
mesthi dèn luwati déning Gusti
mesthi dèn luwati déning Gusti
(4) Sumarah mring Allah jiwa-raga,
rinimat, rineksa ing sih-mirma
Yèn ingarah pati wit bebener yekti,
mantep dugèng janji Gusti nganthi
mantep dugèng janji Gusti nganthi
(5) Sumarah mring Allah jiwa-raga,
tinuntun ing sabda dugèng swarga
Yèn wonten bilai wah miris ing ati,
sinung lipur yekti sing Roh Suci
sinung lipur yekti sing Roh Suci
KPJ - 185. SUMARAH MRING ALLAH
Februari 12, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 143. YÈN KULA SUMEREP, O GUSTI143. YÈN KULA SUMEREP, O GUSTI(1) Yèn kula sumerep, o Gusti, cinawisan margi, nadyan sisah kadi pundi, kula marek GustiReff:Marek Gusti, marek Gusti,m… Read More
KPJ - 144. YÉN NUNGGIL LAN GUSTI144. YÉN NUNGGIL LAN GUSTI(1) Yén nunggul lan Gusti, rinten dalumanah langkung tentrem arahayu Reff:Kula angantos Gusti siyang klayan ratrikanthi pita… Read More
KPJ - 142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA 142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA (1) Tyang duraka samya nyatroni kawula, nyatur mengsahi kulamemoyoki, tansah ngarah kula pejah srana panganiya… Read More
KPJ - 145. YÈN PRAHARA URIP ANERJANG145. YÈN PRAHARA URIP ANERJANG Yèn praharaning urip anerjang, lan pancobaané nyerang ngrusuhi mung sajuga pengarep-arepmu prasetyané Gusti iku tanggu… Read More
KPJ - 141. TIYANG PITADOS141. TIYANG PITADOS(1) Tiyang pitados tentrem gesangnya, yén nunggil Sang PamartaPanggah seger kadya epang lamun ing witiraReff:Tyang kang tansah manu… Read More
0 komentar:
Posting Komentar