178a. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI
(1) Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati
Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sih-rahmat
Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya,
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya
(2) Pasrah-sumarah mring Gusti, mrih ayem-tentrem ing ati.
Bungah-susah, sugih-mlarat memuji Allah tan kendhat.
Udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya,
temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti
(3) Pasrah-sumarah mring Gusti, Parang Pangungsèn sejati.
Lamun tinempuh prahara, Gusti nyantosakken sira.
Waspadakna mukjijatnya ing prakara gung wah prasaja
Kang wedi-asih lan setya winuwuhan berkah ing swarga
KPJ - 178a. PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI
Februari 12, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 42. SAKÉHING SUKU BANGSA42. SAKÉHING SUKU BANGSA Sakéhing suku bangsa, ngegungna Gusti; sakéhing suku bangsa ngegungna asmanya!… Read More
KPJ - 41. ROH SUCI TUMEDHAKA41. ROH SUCI TUMEDHAKA Roh Suci tumedhaka, mbabarken kateesnan Paduka Roh Suci tumedhaka, Sang Roh Suci rawuha… Read More
KPJ - 40. RAPÉKNA KIDUNG ANYAR40. RAPÉKNA KIDUNG ANYAR Rapékna kidung anyar; Gusti tansah luhurna Gusti tansah luhurna Ooo... Ooo... Ooo...… Read More
KPJ - 39. PUJI SOKUR MRING GUSTI39. PUJI SOKUR MRING GUSTI Puji sokur mring Gusti, krana katresnanya Puji sokur mring Gusti Haléluya!… Read More
KPJ - 43. SINTEN INGKANG BADHÉ KAWULA SOWANI43. SINTEN INGKANG BADHÉ KAWULA SOWANI Sinten ingkan badhé kula sowani? Ooo... Sabdaning Gusti punika langgeng! Ooo... Kawula yakin, Paduka Kristus i… Read More
0 komentar:
Posting Komentar