159. GESANG KAWULA
(1) Gesang kawula, Gusti
lumados mring Paduka
Saben kula makarti,
Paduka kang makarya
(2) Mobah-mosiing driya
wah pangangkah kawula,
mrih prayogining lampah,
mbabarna karsèng Allah
(3) Kedaling ilat kula,
solah-bawa trapsila,
namung tansah nélakna
sagunging sih Paduka
(4) Bandha lan kasagedan
katur minangka kurban,
cihnaning pangabekti
sinaosken mring Gusti
(5) Gesang ing sawetahnya
Paduka kang kagungan
Gusti jumeneng raja
ngantos dugèng wekasan
KPJ - 159. GESANG KAWULA
Februari 12, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 191. GUSTI YÉSUS PANGÉN SETYA191. GUSTI YÉSUS PANGÉN SETYA (1) Gusti Yésus Pangén setya pindha parang santosa Sadaya ingkang pracaya dimèn sami ngayoma Reff: Gustiku makwasa, yé… Read More
KPJ - 192. ISING KABAR KABINGAHAN192. ISING KABAR KABINGAHAN (1) Isining kabar kabingahan, winangsitken déning Pangèran, dadya srana paring piwulang matgining kautaman Reff: Dimen t… Read More
KPJ - 190. GUSTI SANG JURU TAMAN190. GUSTI SANG JURU TAMAN (1) Gusti, Sang Juru Taman, rawuh ing tamannya; langkung sekel ing galih, mirsani sekarnya. Sadaya sami alum wit déning ka… Read More
KPJ - 189. GUSTI ALLAH PANGAYOM SETYA189. GUSTI ALLAH PANGAYOM SETYA (1) Gusti Allah Pangayom Setya, tansah ngrimati umatnya. Lir pangon rumeksa méndanya Mula arum ngandikanya "Ora bakal… Read More
KPJ - 188. BIYÈN NGLIRWAKAKÉ188. BIYÈN NGLIRWAKAKÉ (1) Biyèn nglirwakaké sabdaning Gusti mung karepé dhéwé kang dènturuti samangké mratobat nyandhong sih-rahmat urip sumarah ing… Read More
0 komentar:
Posting Komentar