Jumat, 19 Januari 2018

KPJ - 96. TYAS KITA DIMÉN SLAMANYA BUNGAH

96. TYAS KITA DIMÉN SLAMANYA BUNGAH 

(1) Tyas kita dimén slamanya bungah lan sukarena,
déné Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita.

Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang,
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang

(2) Hyang Agung kang njangkung kita,
angreksa sing panggoda
Sih-rahmatnya kang anglipur
paring kuwat-santosa

Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang,
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang

(3) Lamun kita nyingkur Gusti,
néng ati peteng, uwas,
Ilang kekuwatan kita,
wah kabungahaning tyas,

Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang,
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang

(4) Balik wong kang amiturut,
tansah padhang dalannya
Mula mara manut Gusti,
suminggah saking dosa

Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang,
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang

Related Posts:

  • KPJ - 76. GUSTI YÉSUS KANG MAASIH76. GUSTI YÉSUS KANG MAASIH (1) Gusti Yésus Kang Maasih, mugi paring aksama! Gusti Yesus Kang Maasih, kula tyang dosa (2) Gusti Yésus Kang Mawelas, … Read More
  • KPJ - 77. IBA ADI TUWIN ÉNDAHNYA77. IBA ADI TUWIN ÉNDAHNYA (1) Iba adi tuwin éndahnya dinten ageng ingkang mulya. Tyang dosa wanuh Pamarta, samya nampi gesang nyata. Gesang ing asta… Read More
  • KPJ - 78. IBA BEGJAKU 78. IBA BEGJAKU  (1) Iba begjaku lamun yakin Yésus duwékku ing salamanya; aku tebusan kagungané, anyar uripku kranahé Reff: Aku memuji klayan r… Read More
  • KPJ - 74. GUSTI MUGI NUNGGILA 74. GUSTI MUGI NUNGGILA  (1) Gusti mugi nunggila maring kula Yén ta kesaput petenging ratri namung Paduka kang mitulungi Sumangga, Gusti nunggil… Read More
  • KPJ - 75. GUSTI NUNGGIL75. GUSTI NUNGGIL Gusti nunggil mring kula klayan treana lan kwasanya. Klayan astanya kang santosa ngreksa kula Klayan sih-rahmat lan berkahnya ngayo… Read More

0 komentar:

Posting Komentar