82. LAMUN KULA KASAYAHAN
(1) Lamun kula kasayahan,
kamomotan, kémengan;
kula marek dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
Reff:
Kula marek, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
Nyuwun ayem, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
(2) Gusti saréh ing panggalih,
mugi mulang mring kula
sinagedna tansah setya,
manut pangréh Paduka
Reff:
Kula marek, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
Nyuwun ayem, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
(3) Mugi ngrid lampah kula,
dhuh Pamarta kang setya,
tinuntuna maring swarga,
manggih tentrem-raharja
Reff:
Kula marek, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
Nyuwun ayem, dhuh Pamarta,
nyuwun ayem Paduka.
KPJ - 82. LAMUN KULA KASAYAHAN
Januari 19, 2018 / in Kidung Pasamuwan Jawi, KPJ / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 78. IBA BEGJAKU 78. IBA BEGJAKU (1) Iba begjaku lamun yakin Yésus duwékku ing salamanya; aku tebusan kagungané, anyar uripku kranahé Reff: Aku memuji klayan r… Read More
KPJ - 97. UWAL SING LAKNAT97. UWAL SING LAKNAT (1) Uwal sung laknat; iba begja iku! Gusti wus séda, mbirat dosaku, temah luwar sing paukuman, dénnya ngluwar babar-pisan Reff:… Read More
KPJ - 79. KARSA PADUKA PRIYANGGA 79. KARSA PADUKA PRIYANGGA (1) Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan. Pra kang sabar myang pracaya, tamtu antuk pitulungan Reff: Paukuman ka… Read More
KPJ - 100. ALLAH INGKANG MASUCI100. ALLAH INGKANG MASUCI (1) Allah ingkang masuci, mugi Gusti melasi sampun ngungkum kula merdi klayan bramantya nging énggal dén entasna sing sisah… Read More
KPJ - 82. LAMUN KULA KASAYAHAN 82. LAMUN KULA KASAYAHAN (1) Lamun kula kasayahan, kamomotan, kémengan; kula marek dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. Reff: Kula marek, dhuh Pamarta,… Read More
0 komentar:
Posting Komentar