69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA
(1) Allah Mahakwasa jumeneng Pamarta,
séstu gung tresnanya, ngruwat dosa.
Salir tyang pracaya lamun tansah setya luwar
sing antaka, mlebet mring swarga.
Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
(2) Rama Mahamirah ngrentahken gung berkah,
tyang nandhang sangsara manggih waluya.
Saliring pra umat tan kendhat rinimat,
srana peparingnya, nadyan prasaja
Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
(3) Gusti Maagung kang paring pitulung,
nglipur manah sisah mruh datan semplah.
Njangkung kagungannya, temah tansah begja,
geaang mursid yekti dumugéng janji
Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
(4) Pangéran murbéngrat nglubérken sih-rahmat,
mbélani tyang leres saking panindhes
Nunggil tyang pracaya temahan santosa
Kuwawa ngasorken salir panggodha
Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah-bekti konjuk mring Gusti
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
KPJ - 69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA
Januari 19, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 33. SWAWI TA KANCA KULA33. SWAWI TA KANCA KULA (1) Swawi ta kanca kula sami memuji Allah ing dinten puniki; kula dipun diparingi bingah linuwih, bingah linuwih (2) Asurak … Read More
KPJ - 29. SUMANGGA SOWAN GUSTI 29. SUMANGGA SOWAN GUSTI (1) Sumangga sowan Gusti. Haléluya! Srana kidung pamuji Haléluya! (2) Tyang pracaya nyajiwi. Haléluya! Ing tresna tul… Read More
KPJ - 31. SWAWI PRA SUCI NJAWIJI31. SWAWI PRA SUCI NJAWIJI (1) Swawi pra suci njawiji tunggal ati. sami ngabekti memuji mring Gusti Ajrih, sumelang, sedhih, lan kasangsaran ginantos… Read More
KPJ - 30. SWAWI PRA KADANG30. SWAWI PRA KADANG (1) Swawi pra kadang, di samya agirang Di sora-sora angalembanaa mring Gusti kita kang Mahawilasa. (2) Sihé Pangéran mring kita… Read More
KPJ - 32. SWAWI SAMI MUJI ALLAH32. SWAWI SAMI MUJI ALLAH (1) Swawi sami muji Allah, Pangeran Mahawlas. Kang tansah nglubérken berkah, Pangéran Mahawlas. Rinten dalu datan kedhat, t… Read More
0 komentar:
Posting Komentar