Jumat, 19 Januari 2018

KPJ - 57. NIKMATING DONYA NGGODHA ATI

57. NIKMATING DONYA NGGODHA ATI

(1) Nikmating donya nggodha ati,
mikat kita dimén nebih Gusti,
lan kabéh iku tan nguripi,
nging nggéndéng kita mring telenging pati

Reff:
Aja randhat umareka,
sowana ing dina iki uga
Gusti wus ngantya mring sira
lah Pangayommu
Kang tuhu setya

(2) Mara mbuwanga sengsemira,
wit iku panyidra lan pamblasar,
ninggala dosa lan duraka,
ngungsi mring Gusti sira mesthi luwar

Reff:
Aja randhat umareka,
sowana ing dina iki uga
Gusti wus ngantya mring sira
lah Pangayommu
Kang tuhu setya

(3) Marek mring Gusti tan suwala,
aywa kalungsén kadaluwarsa
Puputing nyawa tan kanyana,
mula éstokn di énggal mareka.

Reff:
Aja randhat umareka,
sowana ing dina iki uga
Gusti wus ngantya mring sira
lah Pangayommu
Kang tuhu setya

Related Posts:

  • KPJ - 7. GUSTI, KAWULA SOWAN 7. GUSTI, KAWULA SOWAN  (1) Gusti, kawula sowan atur pangabekti, pasrahnya lan badan kanthi trusing ati. Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman,… Read More
  • KPJ - 100. ALLAH INGKANG MASUCI100. ALLAH INGKANG MASUCI (1) Allah ingkang masuci, mugi Gusti melasi sampun ngungkum kula merdi klayan bramantya nging énggal dén entasna sing sisah… Read More
  • KPJ - 20. PANGÈRAN MAMULYA20. PANGÈRAN MAMULYA (1) Pangèran Mamulya yogya kula puja; dènè agung kadarmannya kang sumtmbah mring kula. Datan wonten wicalannya, tan kendhat lumi… Read More
  • KPJ - 26. PINUJI GUSTI26. PINUJI GUSTI (1) Pinuji Gusti kang nitahken jagad, siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat. Reff: Haléluya, sagung puji tansah konjuk Gusti… Read More
  • KPJ - 82. LAMUN KULA KASAYAHAN 82. LAMUN KULA KASAYAHAN (1) Lamun kula kasayahan, kamomotan, kémengan; kula marek dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. Reff: Kula marek, dhuh Pamarta,… Read More

0 komentar:

Posting Komentar