48. GUSTI ANGANTYA SIRA
(1) Gusti angantya sira, wong dosa.
Aruming swara nimbali sira.
Nyuwuna luwar lan pangapura!
Mareka saosna atinira!
Reff:
Lah mareka! Gusti angantya,
aywa adoh-adoh, umareka!
Gusti anganti-anti sira!
Ywa nyenyuwé, mula gya mareka!
(2) Hé, wong dosa, lempar dalanira
Nyata gampang lamun liniwatan
Nging sira tan ndunga tan uniaga,
yéku tan anjog mring nagri baka
Reff:
Lah mareka! Gusti angantya,
aywa adoh-adoh, umareka!
Gusti anganti-anti sira!
Ywa nyenyuwé, mula gya mareka!
(3) Nging marga kang anjog ing kabegjan
ciyut, angél kalamun dénambah
Kang mangkono datan kauningan,
mangka iku margining Yéhuwah
Reff:
Lah mareka! Gusti angantya,
aywa adoh-adoh, umareka!
Gusti anganti-anti sira!
Ywa nyenyuwé, mula gya mareka
KPJ - 48. GUSTI ANGANTYA SIRA
Januari 19, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 124. KULA SÉSTU NDHÉRÉK GUSTI124. KULA SÉSTU NDHÉRÉK GUSTI (1) Kula séstu ndhérék Gusti kang jumeneng Panutan, Tetep setya dugéng janji, tan wigij karibedan Reff: Dhuh nyawaku, … Read More
KPJ - 125. LAMUN KULA MLAMPAH125. LAMUN KULA MLAMPAH (1) Lamun kula mlampah néng margining Allah, kula séstu ngraos bingah Kula yakin éstu, Gusti nuntun tamtu mring tyang pitados… Read More
KPJ - 126. NADYAN KULA NANDHANG SANGSARA126. NADYAN KULA NANDHANG SANGSARA (1) Nadyam kula nandhang sangsara Gusti maringi kekiyatan Sanadyan katempuh prahara kula wus tamtu saged tahan Re… Read More
KPJ - 123. KULA PITADOS MRING GUSTI 123. KULA PITADOS MRING GUSTI (1) Kula pitados mring mring Gusti, peparang ingkang kekah Saéstu kula ungséni, dimén rineksa tansah Nadyan ombak… Read More
KPJ - 122. KULA PITADOS 122. KULA PITADOS (1) Kula pitados ing Allah, Sang Rama Kang Makwasa ingkang nitahaken langit lan bumi saisinya Lula pitados ing Gusti Yésus Kr… Read More
0 komentar:
Posting Komentar