46. AWIT KATHAH DOSA KULA
(1) Awit kathah dosa kula,
mila tansah kémengan
Gusti kang madhangi
manah myang tuking kabingahan
(2) Mugi karsa angaksama
ing klepatan kawula
Tyas kula mugi dadosa
padaleman Paduka
(3) Gusti kang kula ndelaken
mugi nuntun mring kula
Kula badhé ngéstokaken
ing sakarsa Paduka
(4) Kula mbonten purun malih
karya sekel Paduka;
badhé tansah tuhu setya,
tresna ing salaminya
KPJ - 46. AWIT KATHAH DOSA KULA
Januari 19, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI71. DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI (1) Duk nuipati gung pakaryaning Gusti, lintang abyor ing dalu kang sepi, wah gumleger ing gludhug ing akasa, … Read More
KPJ - 68. ALLAH MAASIH68. ALLAH MAASIH (1) Allah Maasih asung Putranya, Allah Maasih mring manungsa Reff: Mila kula ngidung Allah Maasih Allah Maasih mring manungsa (2) … Read More
KPJ - 70. AMUNG GODHONG70. AMUNG GODHONG (1) Amung godhong, lah ta adhuh, Gusti nganthi muwun, déné ngupados wohira, katemenan miwah tresna, nanging kang pinanggya aking go… Read More
KPJ - 69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA69. ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA (1) Allah Mahakwasa jumeneng Pamarta, séstu gung tresnanya, ngruwat dosa. Salir tyang pracaya lamun tansah setya… Read More
KPJ - 67. ALLAH KANG MAKWASA 67. ALLAH KANG MAKWASA (1) Allah Kang Makwasa, karsaa nampi kula dados rowang mitra, wah utusan Paduka; ngundhangken sih-rahmat mring sagunging umat,… Read More
0 komentar:
Posting Komentar