16. LANGIT TANSAH NYARIYOSKEN
(1) Langit tansah nyariosken kamulyanè Hyang Agung,
wah akasa mratèlakken yasaning astanipun.
Rinten dalu kendhat, wartanya ngèbei rat.
(2) Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan,
nging samangsa dèn tilengken tansah nggunggung Pangèran.
Paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi.
(3) Pangèran murbèng jagad-rat kng ngrimati pra titah.
Surya kang mlampah tan kendhat, nggih krana rèhing Allah.
Saliring kang dumadi nèlakken sihing Gusti.
(4) Mugi Gusti nggih karenan isining manah kula.
Gung panggunggung mring Pangèran, pangayoman sanyata.
Pinuja tan kendhat Panebusing pra umat.
KPJ - 16. LANGIT TANSAH NYARIYOSKEN
Januari 14, 2018 / with No comments /
Related Posts:
KPJ - 21. PARA TITAH SADAYA SAMYA NGEREPÈKNA21. PARA TITAH SADAYA SAMYA NGEREPÈKNA (1) Para titah sadaya samya ngrepèkna kidung, konjuk Hyang Makwasa kang gunging sih susetya Halèluya! Halèluya… Read More
KPJ - 15. KULA TUMENGA MRING GUSTI15. KULA TUMENGA MRING GUSTI (1) Kula tumenga mring Gusti kang pinarak ing swarga, kados mripatipun abdi, mulat dhateng Gustinya. Nggih mekaten mripa… Read More
KPJ - 17. MUGI RAWUHA, DHUH GUSTI! 17. MUGI RAWUHA, DHUH GUSTI! (1) Mugi rawuha, dhuh Gusti! Mugi rawuha, dhuh Gusti! Mugi rawuha, dhuh Gusti! Mugi rawuh, dhuh Gusti! (2) Kula n… Read More
KPJ - 6. GUSTI KANG MURBÈNG DUMADI6. GUSTI KANG MURBÈNG DUMADI Gusti kang murbèng dumadi, kawula sami sowan ngaturaken pangabekti ingkang yekti. Ngunjukaken puja puji, panuwun lan pan… Read More
KPJ - 25. PINUJI ALLAH25. PINUJI ALLAH (1) Pinuji Allah, Sang Rama kang nitahken jagad raya, wah tansah ngupakara srana rendheng lan ketiga, nuwunken panènan uga. Samudaya… Read More
0 komentar:
Posting Komentar